Skizofrénia: Kelainan mental

Skizofrénia inggih punika diagnosis psikiatri ingkang nggambaraken gangguan méntal ingkang dipuntandhani déning kbèntenipun antawis persèpsi kaliyan realitas.

Distorsi persèpsi saged dipunprabawai déning gangsal indra, inggih punika halusinasi, delusi paranoid utawi anèh. Gangguan punika saged nyerang kawula mudha. Diagnosa dipunpundut saking pasien ingkang dipunamati perilaku punika. Saneos punika Skizofrénia inggih punika boten sami kalih gangguan identitas disasosiatif, sadèrèngipun punika Skizofrenia dipunmaknai dados gangguan ingakng gadhah kepribadian ganda, nanging punika boten ngoten. Skizofrénia tembung ingkang dipunterjemahaken dados, belah pikiran. Dipunpundhut saking basa Yunani schizéin (misahaken) lan phren (pikiran) dipundadosaken déning Eugen Bleuler ing taun 1908, ingkang dipunmaksudaken kanggé ngambaraken pamisahan fungsi antawisipun kepribadian, pikiran, memori kaliyan persepsi. Bleuler ngambaraken tandha-tandha utamanipun dados 4 inggih punika: rata ingkang saged dados prabawa, Autisme, gangguan ing asosiasi ide kaliyan Ambivalensi.

Schizophrenia
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Eugen Bleuler (1857–1939) kang ngréka istilah "Schizophrenia" pada 1908
ICD-10 F20
ICD-9 295
OMIM 181500
DiseasesDB 11890
MedlinePlus 000928
eMedicine med/2072  emerg/520
MeSH F03.700.750

Faktor Saking Skizofrénia

Ingkang nyebabkaken penyakit Skizofrenia inggih punika:

  1. Riwayat Skizofrenia ing kulawarga
  2. Premorbid, ingkang dipuntandai, curiga, èksèntrik, implusivitas.
  3. Strees
  4. Status sosial ékonomi ingkang ngandhap

Skizofrénia saged dipunbentenaken dados kalih inggih punika:

  • Skizofrénia Tipe I :

Skizofrénia Tipe I dipuntandai déning nonjolaken tandha-tandha ingkang positif kados, halusinasi, delusi, lan assosiasi longgar.

  • Skizofrénia Tipe II

Skizofrénia Tipe II dipuntandai kalih tandha-tandha ingkang négatif kados penarikan tiyang, apati, lan boten merhatikaken piyambakipun.

Cathetan suku


Tags:

1908AutismePsikiatri

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sepi ing Pamrih Ramé ing GawéBarack ObamaSurat As SajdahSalam Lintas AgamiAsparagus (tanduran)NeptunusBabad SokarajaWikipédiaNurwègenAgustusGuamSerigala TerakhirIrakNgupat1953Déklarasi DjuandaYovie And The NunoSepur MajapahitPucungKatakanaWali BandPananggalan JawaSurat Adh DhuhaKembangMerkuriusSlankDramaSaharaGravitasiJepangKoranAnies BaswedanWektu Universal KakoordhinasiOpocznoMus MulyadiMartha Christina Tiahahu1945Olimpiadhe Mangsa Panas 2024Karajan Sumedang Larang1555BenikBasa PèrsiNgulamaWayangMartha TilaarParto PatrioCrash Landing on YouZlatan IbrahimovićGuinéa-BissauItaliSahadatBulusSotongBeirutCamomileGréja Lutheran1930-anMiddlesbrough F.C.ManganRizky RidhoWulan GuritnoTajikistan2018Alfabèt fonètis NATOJermanPra-Paskah1737VaksinHabib Muhammad Luthfi bin YahyaDrumNorodom SihanoukTom CruiseLayang èlèktronik🡆 More