Skandinavia

Skandinavia iku tegesé rong nagara yaiku (Nurwègen lan Swèdhen) kang dumunung ing Tanjung Skandinavia, ditambah Dhénemarken.

Tanjung Skandinavia duwé populasi sithik lan tlatahé katutup déning alas pinus, birch lan, cemara. Ing sisih kulon lan lor ana sawijining pagunungan. Pagunungan Skandinavia iku minangka salah siji pagunungan tuwa dhéwé ing donya. Gunung kang paling dhuwur yaiku Galdhøpiggen ing Nurwègen.

Dhénemarken minangka nagara Skandinavia kang paling cilik, populasiné luwih padhet, lan tlatahé akèh dianggo panggonan tetanèn. Kopenhagen, kutha krajan Dhénemarken, uga kutha gedhé dhéwé ing Skandinavia.

Skandinavia iku péranganing Nagara Nordik kang uga nyakup Èslan lan Finlan. Kalima nagara iki ngordinasèkaké aktivitas pulitik lan kabudayan ing Déwan Nordik. Dhénemarken, Finlan, lan Swèdhen iku nagara anggota Uni Éropa.

Basa-basa ing Skandinavia iku silih gegandhéngan lan wong Skandinavia bisa mangertèni siji lan sijiné. Basa Skandinavia kalebu sajeroning basa Jermanik, sakkulawarga karo basa Jerman lan Inggris.

Saben nagara duwé mata uang dhuwit dhéwé-dhéwé, sanadyan jenengé padha yaiku krona utawa krone. Dhuwit sak krona dipecah dadi 100 øre utawa öre. Ajiné sak krona kira-kira 10-15 seneuro.

Sadawané sajarah, nagara-nagara Skandinavia wis ngliwati perang lan tapel watesé wis owah punjul sapisan, nanging saiki Skandinavia minangka nagara kang damai.

Deleng uga

  • Nagara Nordik

Pranala njaba

Tags:

NurwègenSwèdhen

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat Al BaqarahBalap nèkerErnest RutherfordParto PatrioArecaceaeBrexitGudhegAmateur Night (filem)Kabupatèn KonawéCape TownUni SovyètYamanFilipinaGanjar PranowoꦤꦺꦏꦼꦂKabupatèn GresikUdohLos AngelesBasa IvriEutanasiaSuketOmah JogloTembung YogyaswaraSlenthoInternètWikipédiaPitulungMikroblog1777Serat WédhatamaAlbaniTotohanIbuprofénKim Soo-HyunThomas AquinasSurpanakaOmah GadangTapéEllyas PicalWikiBurger KingHugo ChávezKabupatèn BanyuwangiHelmy YahyaGianluigi BuffonPasamuan ing ÉropahIndhonésia/jvJaringsanaJeprètanBagimu NegeriKerisMacaMijilJakatAtomTembang GedheRia IrawanSurat Al Jumu’ahBlangkonWikipédia basa JawaSandy WalshLyman Frank BaumDolanan tradisionalBathik GirilayaPong-ponganꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸꦒꦸꦤꦸꦁꦒꦼꦤꦶAsem lemakSurat Al IkhlashSepongTeungku Chik di TiroBalabakRaffi AhmadCesc FàbregasGambuh🡆 More