Setatsiyun Madiun: Setatsiyun sepur ing Indonésia

Setatsiyun Madiun (MN) iku setatsiyun sepur kelas gedhé jinis A sing ana ing Madiun Lor, Manguharjo, Madiun.

Setatsiyun sing dumunung ing dhuwur +63 meter iki setatsiyun paling utama PT. Kereta Api Indonesia (Persero) Daerah Operasi VII Madiun.

Stasiun Madiun

Setatsiyun Madiun: Sajarah, Wangunan lan tata letak, Layanan sepur

Setatsiyun Madiun: Sajarah, Wangunan lan tata letak, Layanan sepur
  • Singkatan: MN
  • Nomor: 4020
Setatsiyun Madiun: Sajarah, Wangunan lan tata letak, Layanan sepur
Setatsiyun Madiun, 2020
Letak
PropinsiJawa Wétan
KuthaMadiun
KecamatanManguharjo
KelurahanMadiun Lor
AlamatDl. Kompol Sunaryo No. 6A
Kodhe pos63102
Koordinat7°37′08″S 111°31′30″E / 7.618775°S 111.524877°E / -7.618775; 111.524877 111°31′30″E / 7.618775°S 111.524877°E / -7.618775; 111.524877
Sujarah
Bukak1 Juli 1882
Badan kang ngoprasikaken sadurungipunStaatsspoorwegen
Liyan-liyan
OpratorDaerah Operasi VII Madiun
Kelas setasiunGedhé tipe A
PunggelanMN
Nomer setasiun4020
Dhuwuring stasiun+63 m
Kilometer
LayananArgo Wilis, Gajayana (reguler & tambahan), Brawijaya, Bima, Turangga, Singasari, Gaya Baru Malam Selatan, Brantas, Ranggajati, Wijayakusuma, Malabar, Bangunkarta, Mutiara Selatan, Kertanegara, Malioboro Ekspres, Sancaka, Mutiara Wetan, Logawa, Majapahit, Jayakarta, Matarmaja, Kahuripan, Pasundan, Sri Tanjung, Parcel ONS, lan sepur ketel/angkutan BBM
LoketSistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah.
Fasilitas
Kathahing jalur8 (jalur 2 lan 3: sepur lurus)
Kathahing peron3 (loro peron sisi sing radha dhuwur lan siji peron pulo sing endhèk)
Jinis pasinyalan
  • Mékanik jinis Siemens & Halske semiotomatis (s.d. 2007)
  • Èlèktrik jinis modular interlocking system karo cagak sinyal saka Len (2007-2019)
  • Èlèktrik jinis Sinyal Interlocking Len-02 (2019-sekarang)
Diagram jalur setatsiyun

Setatsiyun iki nglayani kabèh sepur penumpang menyang jalur lor, kidul, lan wetan, dene nglayani sepur kelas èksekutif, bisnis, lan ékonomi.

Sajarah

Sawise Perang Dipanagara ing dasawarsa 1830-an, Kutha Madiun dikuwasai karo Hindhia Walanda, lan digawé wilayah karésidhènan. Tiyang Walanda lan Éropah, utamané sing makarya ing sektor perkebunan lan industri, banjur nggawé Kutha Madiun dadi papan panggonan amarga ana pangembangan ing macem-macem perkebunan lan pabrik kayata perkebunan tebu karo pabrik gula, teh, kopi, perkebunan tembako, lan liya-liyané.

Kanggo ndhukung pangiriman panèn kasebut, dibutuhaké sistem transportasi kasinambungan, utamané sepur. Ing taun 1873, pamréntah Hindhia Walanda nerbitaké ijin kanggo pambangunan jalur sepur Surabaya–Surakarta lan Madiun–Panaraga sing kasebut ing buku Spoorwegen op Java (1873). Jalur sepur Surabaya–Madiun rampung dibangun ing tanggal 1 Juli 1882, banjur dilanjutaké menyang Paron nganti rampung ing tanggal 2 Juli 1883.

Bangunan ngarep setatsiyun lan gedung utama uga didandani sawisé rusak sajrone Peristiwa Madiun ing taun 1948 saengga ciri bangunan lawas ora katon.

Wangunan lan tata letak

Statsiyun Madiun nduwèni wolu jalur. Wiwitané, mung jalur 2 sing digunakaké minangka sepur lurus. Sawise jalur gandha ing lintas Babadan–Geneng dioperasikaké awit 16 Oktober 2019, ana pangowahan tata letak jalur supaya jalur 2 didadèkaké minangka sepur lurus menyang Kertasana lan jalur 3 didadèkaké sepur lurus menyang Surakarta.

Jalur 1–3 digunakaké kanggo layanan sepur penumpang lan jalur 4–7 digunakaké kanggo nyimpen sepur barang uga sepur sing metu saka PT INKA, lan jalur 8 minangka jalur khusus kanggo ngisi bahan bakar lan duwé jalur cabang menyang depot lokomotip lan rel pangubeng.

Ing sisih kulon setatsiyun iki, cedhak persimpangan, ana depot lokomotip lan jalur cabang menyang depot duwéké Pertamina, ing sisih lor ana PT INKA, déné ing sisih wetan ana Kantor Pengawas Urusan Kereta sing maune iku depot sepur. Kajaba iku, ana jalur sepur menyang Panaraga–Slahung sing dipateni wiwit taun 1984.

Ing setatsiyun iki ana prasasti sing digawé kanggo ngèlingi masinis, Mustofa, sing tilar donya ing kacilakan sepur Sancaka 2018.

Layanan sepur

Kabeh sepur sing nglintas ing jalur Surabaya-Solo Balapan mandheg ing Setatsiyun Madiun, sepur panumpang utawa sepur barang. Kabeh sepur penumpang sing mandheg ning Setatsiyun Madiun mrupakan sepur antarkutha lan ora ana lelungan sepur lokal. Sepur kasebut umume nglayani macem-macem jurusan ing Jawa, antarane Jakarta, Bandung, Yogyakarta, Surabaya, lan Malang. Per 10 Februari 2021, sepur sing mandheg ing Setatsiyun Madiun jumlahe sekitar 54 lelungan. Nanging, jumlahe lelungane kasebut akeh sing ora nentu amarga Pandemi Covid-19.

Ing sor iki daftar sepur panumpang sing dilayani ning Setatsiyun Madiun adhedasar Grafik Perjalanan Kereta Api per 10 Februari 2021 Berikut daftar kereta api penumpang yang dilayani di Stasiun Madiun berdasarkan Grafik Perjalanan Kereta Api per 10 Februari 2021.

Setatsiyun tujuan
Jakarta Bandung Cirebon Cilacap Purwakerta Yogyakarta Surabaya Gubeng Malang Jember Banyuwangi
Gambir Pasar Senen Bandung Kiaracondong Yogyakarta Lempuyangan
Bima Brantas Argo Wilis Kahuripan Ranggajati Wijayakusuma Kertanegara Sancaka Sri Tanjung Argo Wilis Brawijaya Logawa Wijayakusuma
Gajayana Singasari Turangga Pasundan Logawa Mutiara Wetan Bima Gajayana Ranggajati Mutiara Wetan
Brawijaya Gaya Baru Malam Selatan Malabar Turangga Malabar Sri Tanjung
Bangunkarta Mutiara Kidul Gaya Baru Malam Selatan Kertanegara
Jayakarta Mutiara Kidul Malioboro Ekspres
Majapahit Sancaka Majapahit
Matarmaja Jayakarta Matarmaja
Pasundan

Liane seka sepur panumpang, Setatsiyun Madiun uga nglayani angkutan sepur barang. Akehe papat lelungan sepur barang parcel dilayani ning Setatsiyun Madiun kanthi tujuan Jakarta, Bandung, Surabaya, lan Malang. Liane iku, Setatsiyun Madiun mrupakan setatsiyun ujung bagi Sepur ketel Pertamina kanggo nglayani angkutan bahan bakar minyak minuju Setatsiyun Benteng ing Surabaya lan Setatsiyun Rewulu ing Bantul, Yogyakarta.

Galeri

Cathetan suku

Pranala njaba

(ing basa Indonésia) Situs rasmi KAI lan jadwal sepur taun 2019 Archived 2023-08-15 at the Wayback Machine.

Setatsiyun sadurungé   Setatsiyun Madiun: Sajarah, Wangunan lan tata letak, Layanan sepur  Lintas Sepur Indonésia   Setatsiyun sabanjuré
Sala Balapan–Kertasana
tumuju Kertasana

Tags:

Setatsiyun Madiun SajarahSetatsiyun Madiun Wangunan lan tata letakSetatsiyun Madiun Layanan sepurSetatsiyun Madiun GaleriSetatsiyun Madiun Cathetan sukuSetatsiyun Madiun Pranala njabaSetatsiyun MadiunDaerah Operasi VII MadiunPT. Kereta Api Indonesia (Persero)Setatsiyun sepur

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GFDLErling HaalandSlowakiaAndi Sultan Daeng RadjaBélarusHabib Muhammad Luthfi bin YahyaTembung aranÉjakulasiUniversitas Pertahanan IndonésiaForbesKomisi Penyiaran IndonésiaBudi AndukKeira KnightleyPerang Yom KippurSepongTanah LotMinati AtmanegaraKho Ping HooBaskin-RobbinsSokawera, Cilongok, BanyumasSurat At TalaqWong BanjarCesc FàbregasCacing lemahSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSitrusRaditya DikaKupatMount EverestWasudewa1970Wajak, MalangThe HeirsPada pangkatCheng HoPrisoners (filem 2013)VatikanSistem operasi komputerFoo FightersMaricaPersija JakartaInformasiGunung SlametGarèngGedhangSri Mulyani IndrawatiTumpengSunan BonangThe BeatlesJayabaya (kalawarti)Batang Kuis, Deli SerdangKulawarga basaSurat Al QiyaamahNana MirdadEmprit kajiNakulaLesmanaAlamat IPKandangan TVSang Hyang WenangDarius SinathryaAmazing Grace (filem 2006)AncasJoanne Kathleen RowlingKabupatèn SlémanMieke AmaliaAlan TuringAnomanUtha LikumahuwaWayangManuel AkanjiWingko babat🡆 More