Sejarah Wayang Kulit

Wayang kulit inggih menika salah satunggaling pagelaran seni ingkang wiyar sanget lan diremeni déning masyarakat Jawa.

Asal Mula Wayang Kulit

Wayang kulit menika kalebet wayang ingkang taksih lestantun dumugi samenika, amargi jinis wayang ingkang lintu sampun kirang populèr wonten ing masyarakat, kados ta wayang golèk, wayang krucil, wayang kancil lsp. Miturut legénda (Ismunder, 1994: 11), wonten ing pertengahan abad kaping 9, nalika jaman pemerintahanipun Raja Jayapurusa ing Widarba badhé mèngeti nènèk moyangipun, Raja Jayapurusa kala wau damel gambaripun wonten ing rontal. Gambar menika dipuntiru saking arca-arca kuna ingkang dipunwastani wayang purwa. Kisah legénda menika dados pratandha bilih wayang purwa menika sampun sepuh sanget.

Gayut kaliyan lahiripun wayang kulit menika wonten 3 pamanggih ingkang beda, wonten ingkang ngandharaken bilih wayang menika saking India, wonten ingkang ngandharaken saking China, lan ugi wonten ingkang ngandharaken bilih wayang menika budaya asli saking Jawa. Krom ngandharaken bilih wayang menika saking India adhedhasar bilih wayng kulit menik ngginakaken bahan cariyos saking India, inggih menika cariyos Mahabharata kaliyan Ramayana. Sanèsipun menika ugi ngandharaken bilih ing India menika wonten pasugatan ingkang dipunwastani "Chayanataka" Salajengipun wayang kulit menika namung wonten ing Jawa kalian Bali, amargi daerah kekalih menika nampi pengaruh saking hindu.

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SotongLiga Championship InggrisWaring Wéra WanuaWayangYin lan YangTerpentinGongAlina KukushkinaGendhingAncab nglaluTèknologiSerangan Umum 1 Maret 1949156Gréja LutheranOka Antara1716Pramoedya Ananta ToerHanyu PinyinKluwungLiga Champions UEFACornelis de HoutmanPaus Leo XTedhak sitènJaring KalamanggaBoomerang (Grup Musik)Basa BosniRévolusi indhustriOrtodoksRukun IslamMarokoKakaisaran OttomanBarabudhurRépublik CékoSurat At Taubah1586Surat Al FathPlabuhanKhalil GibranSurat Al JinBabad SokarajaYérusalemRamaKerata basaGuamRépublik Cina21 DhésèmberCamomileTrojanSotoKangen Band (Grup Musik)Gambang KromongAnies BaswedanCut Nyak MeutiaADO Den HaagBełchatówSusterNova ElizaAfrikaJesse JamesSandy WalshTaman Candi NgawiTumpengSahara1943AsmaradanaInflasiÉropaShikamaru NaraBekicotGerakan Mahasiswa Nasional IndonesiaLurung GazaTembung wodImam BonjolMelbourne2021🡆 More