Sara Gadalla Gubara

Sarah Gadallah Gubara Al-Faki Ibrahim (Arab: سارة جاد الله جبارة‎, salin aksara Sāra Jādallah Jubāra‎; lair 23 April 1956) iku juru nglangi lan sutradara saka Sudan.

Dhèwèké kuwi wong wadon Sudan kapisan sing tau mèlu kompetisi nglangi internasional, kayata swayambara nglangi jarak adoh Capri Internasional ing Itali. Awaké ya wong wadon Sudan kapisan sing bisa nyebrangi Selat Inggris saka Inggris menyang Parangakik, kamangka nalika cilik tau lara polio. Saliyané ndarbèni karir minangka olahragawati salawasé uripé, dhèwèké uga makarya minangka pangripta filem pelopor ing nagarané. Kapisan awaké ngréwangi bapakné, Gadalla Gubara, lan sawisé iku nyutradarani filem-filemé dhéwé.

Sara Gadalla Gubara
Sara Gubara ing taun 1972.

Urip awal lan pawiyatané

Sara Gadalla lair ing Helat Hamd, Khartoum Bahri, tanggal 23 April 1956. Bapané, Gadalla Gubara, iku juru kamera pelopor in Sudan, produser filem, sutradara, lan juru foto. Nalika umuré rong taun, Sara kena lelara polio, marai sikilé kiwa olèhé tuwuh dadi katinggalan. Dhokteré nganjuraké supaya Sara nglangi, kanggo marakaké supaya sikilé lan wateké dadi sangsaya kuwat.

Dhèwèké nalika SD sekolah ing Sekolah Helat Hamd kanggo bocah wadon lan sawisé iku ing sekolah manengah wadon Amirya ing Khartoum Bahri. Banjur dhèwèké menyang sekolah wadon Abu Bakr Sorour ing Omdurman lan SMA Shendi kanggo para wadon.

Karir olèhé nglangi

Nalika umuré enem taun, Sara wus dadi juru nglangi sing prigel lan mèlu in sawetara swayambara jarak cedhak. Bapakné terlibat keras ing ngawasi lan nyemangati karir olahragané sing lagi berkembang. Sara banjur nggabung karo klub olahraga Al-Kawkab ing Khartoum Bahri supaya bisa latihan nglangi. Dhèwèké dilatih déning Bayoumi Mohammed Salem, sing ngréwangi awaké ngrambakani kompetènsiné. Dhèwèké olèhé latihan ana ing Kali Nil lan blumbang langi Griya Budaya, cedhaké Kedhaton Republik ing Khartoum.

Karir minangka juru filem

Ngiloni langkah bapané minangka juru filem, Sara Gadalla kapisan nggabung karo Kolése Seni Alus lan Trapan (Khartoum), nanging ora ngrampungi studiné ing kana.

Nyambut gawé karo bapakné

Ing taun 1984, Gadalla Gubara nggawé film cekak semi-dokumentèr kanthi jeneng 'Viva Sara', sing nyritakaké babagan Sara, sing, senadyan cacat fisik, bisa salah sawijining atlit apik dhéwé ing Sudan. Sesirah film kasebut, 'Viva Sara', asalé saka lagu pendukung penonton nalika Sara mèlu lomba Capri-Naples taun 1975. Acara iku uga mènèhi inspirasi kanggo film 1994, Sarahsarà dening direktur Italia Renzo Martinelli.

Sawisé bapake kélangan paningal nalika umur 80 taun, Sara nulungi dhèwèké ing proyèk film sabanjuré, kalebu adaptasi saka roman Prancis Les Misérables (2006) lan otobiografine "Uripku lan bioskop.

Sawisé "Studio Gad" digempur dening pamrentah Sudan ing 2008 sawise perang hukum wolung taun karo bapakné babagan kepemilikan tanah, Sara kerja kanggo ngreksa warisan sinematik bapake, sing wis nyathet sejarah Sudan, kanthi ngupayakake digitalisasi lan arsip. film-filmé. Antara taun 2014 lan 2016, bagean gedhe saka film bapake didigitalaké déning Institut Seni Film lan Video Arsenal ing Berlin, Jerman, lan wis ditampilaké manèh mearang para pamirsa ing Sudan lan uga ing negara ngamanca.

Urip pribadi

Ing taun 1989, Sara rabi karo Bla Abu Snena, lan banjur pinaringan anak telu: Sami, Khalid lan Samahir..


Cathetan sikil

Tags:

Sara Gadalla Gubara Urip awal lan pawiyatanéSara Gadalla Gubara Karir olèhé nglangiSara Gadalla Gubara Karir minangka juru filemSara Gadalla Gubara Urip pribadiSara Gadalla Gubara Cathetan sikilSara Gadalla GubaraBasa ArabParangakikSudan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PramborsUcok BabaUpacara tingkebanDewi SandraMaria VaniaAgus MustofaKaskusSurat Al QadrRuth SahanayaTaman BungkulBrajamustiBambang PamungkasPheng Xat LaoSistem operasi komputerAdolf HitlerRaline ShahTanakhAlamMédhia massaAmazing Grace (filem 2006)Wikipédia basa JawaJefri NicholXabi AlonsoKethoprak (panganan)GarèngLaos (bumbu)Ferry MaryadiLiga Super IndonésiaWalang sangitWMOWayang kulitTengu (mitologi)Surat At TalaqFacebookMaumere, SikkaLuna MayaWukuKepanjen, Gumukmas, JemberHimalayaWektu Universal KakoordhinasiYasser Al-QahtaniAllahTyson GayFilsafatBasuki Tjahaja PurnamaBal-balanRustam IbragimbekovIndhiXXX (filem 2002)Jost GippertMasjidil KaramBonang panerusWashington, D.C.TaralliLee Jong-sukAristotélèsJayabaya (kalawarti)AdremPhil Fodenꦌꦤꦏ꧀CN BlueFilippo InzaghiMieke AmaliaManuel AkanjiMangkunagara XFisiologiCoboy JuniorDubaiHappy SalmaKulawarga (biologi)Gim vidéoRocket RockersSoedirmanMedia CirebonMarie AntoinettePutri Patricia🡆 More