Sapardi Djoko Damono (lair ing Surakarta, 20 Maret 1940 – pati ing Tangerang Selatan, 19 Juli 2020 ing umur 80 taun), punika satunggiling pujangga Indonésia ingkang pinunjul.
Wonten ing taun 1986 piyambakipun pikantuk penghargaan SEA Write Award. Piyambakipun naté ngasta wonten ing babagan sastra ing Universitas Indonésia.
Sapardi Djoko Damono | |
---|---|
Lair | Surakarta, Jawa Tengah | 20 Maret 1940
Pati | 19 Juli 2020 Tangerang Selatan, Banten | (umur 80)
Basa | Indonésian |
Bangsa | Indonésia |
Gènre | Geguritan |
Masa anèmipun dipuntelasaken ing Surakarta (lulus SMP Negri 2 Surakarta taun 1955 lan SMA Negri 2 Surakarta taun 1958). Ing masa punika panjenenganipun sampun nyerat sapérangan karya ingkang dipunkintun dhumateng kalawarti-kalawarti. Karemenanipun nyerat punika ngrembaka nalika piyambakipun saweg kuliah ing babagan Basa Inggris ing Univèrsitas Gadjah Mada, Yogyakarta. Wiwit taun 1974 piyambakipun ngasta ing Fakultas Sastra (sapunika Fakultas Èlmu Budaya) Univèrsitas Indonésia, nanging sapunika sampun pensiun. Piyambakipun naté dados dekan ing mrika lan ugi dados guru besar. Ing masa kasebat piyambakipun ugi dados rédhaktur kalawarti "Horison", "Basis", lan "Kalam".
Sapardi Djoko Damono kathah nampi bebungah. Nalika taun 1986 SDD pikantuk anugerah SEA Write Award. Panjenenganipun ugi panampi bebungah Achmad Bakrie nalika taun 2003. Panjenenganipun punika salah satunggiling pangadeg Yayasan Lontar.
Sajak-sajak SDD, makaten panjenenganipun asring dipunjuluki, sampun dipunpertal dhumateng manéka basa. Dumugi sapunika sampun wonten wolung kempalan puisinipun ingkang dipunterbitaken. Panjenenganipun boten namung nyerat puisi, nanging ugi mertalaken manéka karya asing, nyerat esei, sarta nyerat sapérangan kolom/artikel ing layang kabar, kalebet kolom bal-balan.
Sapérangan puisinipun populèr sanget lan kathah tiyang ingkang nepangi, kados déné Aku Ingin (asring dipunserataken bait sepindhahipun ing undhangan mantèn), Hujan Bulan Juni, Pada Suatu Hari Nanti, Akulah si Telaga, lan Berjalan ke Barat di Waktu Pagi Hari. Kapopulèran puisi-puisi punika sapérangan dipunsebabaken musikalisasi dhumateng puisi-puisi wau. Ingkang misuwur mliginipun inggih punika déning Reda Gaudiamo lan Tatyana (kagabung salabetipun duet "Dua Ibu"). Ananda Sukarlan ing taun 2007 ugi nglampahi interpretasi dhumateng sapérangan karya SDD.
Ing ngandhap punika karya-karya SDD (wujud kempalan puisi), sarta sapérangan esei.
Musikalisasi puisi karya SDD dipunwiwiti ing taun 1987 nalika sapérangan mahasiswanipun mbiyantu program Pusat Basa, damel musikalisasi puisi karya sapérangan panyair Indonésia, salebetipun upados ngaprésiasiaken sastra dhumateng murid SLTA. Ing wekdal punika karipta musikalisasi "Aku Ingin" déning Ags. Arya Dipayana lan "Hujan Bulan Juni" déning H. Umar Muslim.
Sapérangan taun salajengipun miyos album "Hujan Bulan Juni" (1990) ingkang sadaya wujud musikalisasi saking sajak-sajak Sapardi Djoko Damono. Duet Reda lan Ari Malibu wujud salah satunggil saking sapérangan penyanyi sanès, kekalihipun punika mahasiswa Fakultas Sastra Univèrsitas Indonésia.
Sapérangan taun salajengipun nyusul album "Hujan Dalam Komposisi" (1996) saking komunitas ingkang sami. Album "Gadis Kecil" (2006) dipunprakarsani déning duet Dua Ibu, ingkang kapérang saking Reda Gaudiamo lan Tatyana. Album "Becoming Dew" (2007) saking duet Reda lan Ari Malibu
Ananda Sukarlan ing Warsa Énggal 2008 ugi ngawontenaken konsèr kantata "Ars Amatoria" ingkang isinipun dhedhasar interpretasinipun dhumateng puisi-puisi SDD.
Pustaka Firdaus
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sapardi Djoko Damono, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.