Sangkuni (: शकुनि ; śakuni) uga karan Harya Suman iku paraga kang duwé sipat antagonis ing carita Wiratacertita Ramayana.
Dhèwèké putrané Prabu Keswara, dadi isih seduluran karo Dewi Gendari/Gandari. Ing Mahabharata versi Indhia, Sangkuni karan Shakuni lan dadi raja ing Gandaradésa. Wayang siji iki kondhang licik. Dhèwèké dadi punjering rusak-rusakan ing Astina.
Ing pedhalangan, Sengkuni nduwé bojo Dewi Sukesti lan peputra telu:
Nalika isih enom, Arya Sangkuni iku gagah lan gantheng. Sawijining dina, dhèwèké krungu kabar yèn ana sayembara ngrebutaké Dewi Kunti. Tekan panggonané, jebul wis bubaran. Kunti wis diboyong déning Pandhu. Sangkuni nesu lan ngajak gelut Pandhu. Sangkuni kalah lan masrahaké adhiné, Dewi Gendari. Gendari banjur dipèk bojo karo Destrarasta. Pandhu mung sawatara wektu dadi raja amarga mati.
Amarga serik, Gendari lan Sangkuni gawé reka daya supaya Pandhawa lunga lan ngrebut Astina. Nalika ana pahargyan ing Krukmandhala, Sangkuni naté ngganggu Kunti saéngga kembené mlorot. Kunti nesu lan sumpah ora arep nganggo kemben nganti bisa kebenan nganggo kulité Sangkuni. Amarga polahé Sangkuni, Pandhawa bisa dibuwang saka kraton.
Ing Bharatayudha, Sangkuni bisa dipatèni Bima. Pengapesané ana ing silit. Kaya kang dadi penjaluké ibuné, Sangkuni dikuliti lan diaturké marang Kunti.
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sangkuni, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.