Sangiran: Cagar budoyo ing Sragen, Jawa Tengah

Sangiran iku situs penggalian arkéologi kang dumunung ing Pulo Jawa ing Indonésia.

Tlatah iki jembaré watara 48 km² lan dumunung ing Jawa Tengah, udakara 15 kilomèter saloré Surakarta ing lembah Bengawan Sala. Ing taun 1996 diakoni minangka salah siji situs warisan donya déning UNESCO.

Sana Warisan Donya UNESCO
Sangiran Early Man Site
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Sangiran: Cagar budoyo ing Sragen, Jawa Tengah
JinisBudaya
Wewatoniii, vi
Rujukan593
Tlatah UNESCOAsia-Pacific
Sujarah prasasti
Prasasti1996 (Sési 20th)
Sangiran: Cagar budoyo ing Sragen, Jawa Tengah
Pithecanthropus

Ing taun 1934 antropologis Gustav Heinrich Ralph von Koenigswald miwiti neliti tlatah iki. Sajeroning penggalian ing taun-taun sabanjuré fossil saka nènèk moyang manungsa, Pithecanthropus erectus ("Java Man", saiki diklasifikasi ulang minangka péranganing spésies Homo erectus), tinemu ing situs iki. Watara 60 fossil manèh, ing antarané fosil Meganthropus, uga tinemu ing tlatah iki.

Dumunung ing désa Krikilan,Kacamatan Kalijambé (+ 40 km saka Sragèn utawa + 17 km saka Sala) Sangiran Dome nyimpen puluhan èwu fosil saka jaman pleistocen (+ 2 yuta taun kapungkur). Fosil-fosil purba iki minangka 65 % fosil hominid purba ing Indonésia lan 50 % ing saindenging donya. Nganti dina iki wis tinemu punjul 13.685 fosil 2.931 fosil ana ing Museum, sisané disimpen ing gudhang panyimpenan. Minangka ’World Heritage List (Warisan Budaya Donya). Museum iki duwé fasilitas-fasilitas antarané:ruwang pamèran (fosil manungsa, kéwan purba), laboratorium, gudhang fosil, ruwang slide lan kios-kios souvenir kas Sangiran.

Kaistiméwaan Sangiran, miturut panelitèn para ahli Géologi jaman biyèn ing jaman purba minangka hamparan sagara. Akibat prosès géologi lan akibat jeblugan Gunung Lawu, Gunung Merapi, lan Gunung Merbabu, Sangiran owah dadi dharatan. Bab iku dibuktèkaké kanthi anané lapisan-lapisan lemah pambentuk wewengkon Sangiran sing béda banget karo lapisan lemah ing panggonan liya. Saben lapisan lemah mau tinemu fosil-fosil miturut jinis lan jamané. Umpamané, Fosil kéwan sagara akèh tinemu ing Lapisan lemah paling ngisor,sing biyèn wujud sagara.

Tumuju Sangiran

  • Nganggo montor mabur: saka Papan Anggegana Adi Soemarmo Sala diterusaké dalan dharat.
  • Dalan dharat:
    • Saka Sala > Kalijambe > Sangiran (± 20 km arah ngalor)
    • Saka Semarang > Purwodadi > Kalijambe > Sangiran
    • Saka Surabaya > Sragen > Kalijambe > Sangiran
    • Saka Yogyakarta > Sala > Kalijambe > Sangiran

Pranala njaba

Tags:

1996Bengawan SalaIndonésiaJawa TengahPulo JawaSitus Warisan DonyaSurakartaUNESCO

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gunung MerbabuAllahProxima CentauriKutha NgayogyakartaGendulMeteorꦱ꧀ꦮꦫUpacara tingkebanRaditya DikaKuwé lapisAbimanyuBima (paraga Mahabharata)Tahu petisGunung RinjaniBonangWayang golèkGoogleDurmaKomputerSerie AGéofisikaGlenn FredlyAksara CarakanMikul dhuwur, mendhem jeroGunung IjenBasa SpanyolÉjakulasiAngga Aldi YunandaWilliam ShakespeareCitra KiranaSukarniPlanètArané pérangan awakDin Syamsuddinꦥꦼꦤꦶꦠꦶ633Jay IdzesMahfud MDShalahuddin al AyyubiGunung RaungAlamAksara JawaFilippo InzaghiKartiniKendhiPariwaraPangeran AntasariSoe Hok GieSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSurat An Nisaa’2020-anOmah JogloLaptopSocaHangeulUnit 731Kendel ngringkel, dhadhag ora godhagKasuariGajah gajahKomètC++KaskusZhang ZuolinHibiki ŌtsukiVia VallenꦱꦫꦶꦠꦼꦧꦸPattimuraCrash Landing on YouYérusalemMarsha TimothyLibèria🡆 More