Sampak

Sajeroning musikgamelan Jawa, sampak iku wangun gendhing kang dianggo ing iringan pagelaran wayang.

Sampak kerep dianggo sawisé srepeg. Sampak iku irama paling rikat ing gamelan kang ngiringi pagelaran wayang.

Wangun sampak ya iku:

      NNNNNNNN NNNNNNNN
      TPTPTPTP TPTPTPTP

ing ngendi kaloro larikan iku dimainaké bebarengan, lan T nuduhaké thuthukan kethuk, P thuthukan kempul, lan N thuthukan kenong. Kenong lan kempul tansah ditabuh seleh. Ora nganggo kempyang.

Gongané duwé dawa kang béda-béda, racaké loro, telu, utawa patang gatra, dhedhasar tandha isarat saka kendhang. Suwuk bisa dipungkasi ing pérangan ngendi waéing siklus iki, miturut aba-aba saka kendhang utawa kepyak, lan dumadi saka siji gatra kang ditabuh sawisé gong. Wangun mélodhis saka siji sampak iku cetha, amarga gatra-gatra wujud not kang dibolan-balèni sajeroning pathet. Bab iki dimainaké ing irama lancar.

Tuladha

Sampak pélog barang:

    2222 3333 7777
    7777 2222 6666
    6666 3333 2222
    Suwuk: xx22

Sampak duwé telung gongan. Tandha kanggo mungkasi bisa siji saka thuthukan gong, nalika nayaga mainané rong not sabanjuré minangka notasi normal, lan banjur 22 (kaya kacethakaké déninf tandha xx22).

Réferènsi

  • Neil Sorrell. A Guide to the Gamelan. London: Faber and Faber, 1990. Page 70.


 
Piranti gamelan
Sampak 

Gong | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong | Saron | Demung | Slenthem | Slentho | Bonang | Gendér | Gambang | Angklung | Kecapi | Siter | Celempung | Suling | Rebab | Kendhang | Bedhug | Kecer | Kepyak | Kemanak

Tags:

GamelanGendhingSrepegWayang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Krystal JungMa Dong-seokFlorentino PérezNoe LettoBagongBekasakanIra WibowoDaniel CarvajalSetatsiyun KuthaarjaRukun ImanBudi AndukKabupatèn GunungkidulNgantru, TulungagungWajak, MalangMontor maburMuslim bin al-HajjajKethoprak (panganan)RahwanaAlbert EinsteinIndhiHabib Muhammad Luthfi bin YahyaPitikRukun IslamBatagorYuni SharaISO 3166-1Glenn FredlyAdolf HitlerKaum TsamudTanakhPananggalan JawaQuoraMasayu AnastasiaClaudius PtolemaeusKismisMasjid Agung DemakBanjirTèknologiSuriahNakulaMichael JacksonVoltaireOrthetrum sabinaFisikaAstra InternationalHans Christian AndersenDubaiWanabadra, Blado, BatangSato kéwanBasa PolenInteraksiZlatan IbrahimovićBiologiWikiTuakEmpal gepukBimasektiOscar's OasisPrasastiLee Kwang-sooKumbang koksiGFDLHeckler & Koch MP5PérakTransistorPundu, Cempaga Hulu, Kotawaringin WétanRuth SahanayaSarah AzhariXabi AlonsoBal-balanSurat As SajdahGolongan tabèl périodikSemar mendemYogyakarta🡆 More