Sambel: Variasi panganan saka Indhonésia

Sambel iku saus kang racaké digawé saka lombok.

Bisa saka lombok abang utawa lombok ijo. Sambel rasané pedhes lan fungsiné kanggo nambah rasaning sawijining panganan. Sambel iku biyasa digunakaké ing pawon Asia Kidul-Wétan, mligi ing Indonésia, Malaysia, Singapura lan uga Cina. Saiki sambel uga disenengi ing Walanda.

Sambel
Sambel: Sambel penyèt, Sambel Bali, Sambel Asam
Sambel
Panggonan asalIndonésia
Malaysia
Thailand
Tlatah utawa prajaJawa
Nusantara
Asia Kidul
Asia Wétan
Woworan pokoklombok
Sambel: Sambel penyèt, Sambel Bali, Sambel Asam Buku masakan: Sambel  Sambel: Sambel penyèt, Sambel Bali, Sambel Asam Médhia: Sambel

Sambel penyèt

Sambel penyèt kalebu masakan kang cukup misuwur ing Indonésia. Contoné yaiku ayam penyèt, tempé penyèt, endhog penyèt. Sambel penyèt iki lumrahé kanggo sambel iwak|iwak utawa lawuh lan ana lalapané. Lalapan iki wujud kol, timun, kemangi, taogé utawa cambah lan sayuran kang kena kanggo lalapan liyané. Sambel penyèt saiki uga ora mung didol ing warung-warung makan pinggir dalan, nanging wis akèh restoran kang nyediaké menu penyètan. Sambel penyèt iki paling misuwur ing tlatah Jawa Timur mligi ing Lamongan. Saliyané penyèt tempé lan iwak uga ana unggas penyèt. Tuladhané yaiku pitik, bèbèk, lan manuk puyuh penyèt. Ing Lamongan sambel penyèt dikenal kanthi jeneng penyèt Lamongan|Lamongan.

Sambel Bali

Sambel Bali yaiku sambel kang asalé khas saka Bali. Sambel Bali lumrahé dipangan karo sega lan masakan khas Bali liyané. Sambel Bali uga ana kang ngarani sambal matah. Sambel Bali lumrahé dianggo bumbu pitik|pitik kang isih wutuh utawa pitik kang wis disuwiri cilik-cilik. Sambel Bali digawé saka lombok lan bumbu pawon liyané.

Sambel Asam

Sambel asem yaiku sambel kang diwénéhi blimbing keris utawa blimbing sayur. Sambel asem lumrahé kanggo masak iwak utawa ayam. Yèn nduwé lelara magh luwih becik ora mangan sambel asem. Amarga rasané kang kecut, ora apik kanggo asem lambung.

Sambel Rujak

Sambel rujak yaiku sambel kang lumrahé kanggo mangan rujak. Sambel rujak uga diarani bumbu rujak.

Kang mbedakaké sambel rujak karo sambel liyané yaiku sambel rujak nggunakaké gula abang kanggo campuran sambel. Gula abang iki kanggo ngurangi pedes sambel.

Masakan

Sambel uga kena dikombinasekaké ing masakan. Tuladhané bukur utawa kerang, tempé, daging. Saliyané iku sayuran|sayuran uga kena dimasak nganggo sambel utawa mung kanggo lalapan mentah kang dipangan nganggo sambel.

Cathetan suku


Tags:

Sambel penyètSambel BaliSambel AsamSambel RujakSambel MasakanSambel Cathetan sukuSambelAsia Kidul-WétanCinaIndonésiaLombokLombok abangMalaysiaSingapuraWalanda

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

CeresRumeniAlina KukushkinaPrastawaWisnuSpanyolTembung YogyaswaraLitiyumWangsa ZhouGongWatakGoogleLondonAldosteronMuséum National d'Histoire NaturelleRévolusi indhustriAlda RismaOECDAfrika KidulKomputasiVaksinHypertext markup languageWikisastraAksara LontaraGalaksi AndromedaTvOneSurat Al Anbiyaa’Sistem operasi komputerKabupatèn TrenggalèkWektu Universal KakoordhinasiNikelVictoria saking Britania RayaMangan1555Fenerbahçe S.K.BumiHappy AsmaraGianluigi BuffonPanulis3 IdiotsIrak2006Pakta WarsawaTemu kunciRobérto CarlosKarajan Sumedang LarangISBNHerodotusAdolf HitlerKartiniDonald TrumpMagdalena AnderssonMikul dhuwur, mendhem jeroMcDonald'sRépublik Rakyat CinaDhandhanggula2008RengginangWayangSinarmas GroupFilipinaTsukasa AoiGading MartenPound sterlingTumpengAlex FergusonRéunionAmérikah SarékatBisnisHong KongUBlock Origin🡆 More