Sadéwa utawa Sahadéwa (Sangskreta Sahadeva) iku paraga wiracarita Mahabharata.
Sadéwa | ||
---|---|---|
Sadéwa. | ||
Jeneng miturut basa | ||
Basa Sangskreta | Sahadeva | |
Jeneng miturut aksara | ||
Dewanagari | ||
aksara Bali | ||
aksara Jawa | ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦢꦺꦮ |
Nalika cilik jenengé Tangsen. Dhèwèké salah sawijining Pandhawa. Tangsen iki jenengé wit-witan kang godhongé bisa digawé obat. Kaya déné sadulur kembaré, Nakula. Satriya kang manggon ing Sawojajar iki kondhang amarga lantip ing prekara usada. Wiwit isih bayi, Nakula lan Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama lan ibu. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, déwané tabib kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula, Sadéwa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta. Ing sawatara carita wayang, Sadéwa lantip ing sasmita. Upama Kresna ora ana, Sadéwa kang sulih golèk upaya. Nalika mboyong Dèwi Srengginiwati saka Gisiksamodra, Sadéwa kang bisa mbabar sayembara ngenani “sajatining lanang, sajatining wadon.” Jejodhoan iki nurunké putra Widapaksa utawa Sidapaksa.
Ing lakon liyané, Sudamala, Sadéwa kang bisa ngruwat Bathari Uma bali manèh dadi ayu. Ing gagrag India, Sahadéva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadéva kang bisa ngalahaké lan matèni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing carita padhalangan, Sangkuni dipatèni Bima.
Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadéwa éntuk aji Purnamajadi saka Ditya Sapulebu. Aji iki bisa gawé wong sing nduwé éling apa waé kang wis kalakon lan ngerti apa kang kedadèn
Pandhawa |
Yudhistira |
Bima |
Arjuna |
Nakula |
Sadewa |
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sadéwa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.