Séndhok

Séndhok yaiku piranti kanggo mangan.

Sendhok lumrahé digunakaké kanthi pasangan karo garpu. Séndhok duwé wujud oval utawa bunder rada lonjong, nanging séndhok duwé gowakan ing tengahé. Gowakan iki gunané kanggo wadhah panganan kang bakal dicidhuk. Saliyané duwé bunderan rada lonjong ing sisih liyané sendhok duwé gagang. Gagang séndhok gunané kanggo nyekeli nalika séndhok lagi dianggo. Ing Indonésia séndhok lumrahé dicekel ing tangan tengen kanggo njupuk panganan saka piringutawa mangkok. Séndhok kanggo njupuk panganan banjur lebokaké ing cangkem. Déné tangan kang kiwa nyekeli garpu. Garpu duwé fungsi kanggo mbiyantu nglebokaké lan nata panganan ing séndhok. Séndhok bisa digawé saka logam., nanging uga kena digawé karo matèri utawa bahan liyané. Nalika jaman biyèn séndhok digawé saka kayu. Saliyané iku ana uga séndhok kang digawé saka plastik. Séndhok uga kena kanggo terapi. Terapi iki gunané kanggo kaséhatan.

Séndhok
Séndhok mangan
Séndhok
Jinising séndhok

Jinis séndhok

Tembung séndhok lumrahé duwé teges séndhok kang kanggo mangan. Nanging saliyané iku ana jinis sèndhok liyané. Jinis sèndhok iki dibagi miturut gunané sèndhok.

  • Séndhok banyu yaiku sèndhok kang mirunggan digawé kanggo njupuk banyu. Sendhok banyu iki diarani gayung.
  • Séndhok bèbèk yaiku sèndhok kang gagangé cekak, pérangan ngarep sendhok luwih cekung kaya sendhok biyasa. Sèndhok iki dhapuré kaya cucuk bébék. Sendhok bébék gunané kanggo mangan bubur, stup buah, ès campur.
  • Séndhok sega yaiku sendok kang gunané kanggo nyendhok sega. Sendhok iki dhapuré rada lonjong lan luwih amba tinimbang sendhok liyané. Sendhok sega gagangé rada cekak. Sendhok sega uga diarani énthong.
  • Séndhok pengedang yaiku sendhok kang minangka nyidhuk banyu panas saka tembikar.
  • Séndhok sayur yaiku sendhok kang gunané kanggo nyendhok sayur kaya ta sop. Sendhok jinis iki nduwéni gagang dawa lan dhapuré bunder lan rada ledhok.
  • Séndhok tèh yaiku sendhok cilik kang gunané kanggo ngudheg ombénan kaya ta tèh. Saliyané tèh sendhok iki uga kena kanggo ngudheg ombénan liyané kaya ta kopi, kopi susu, wédang jaé, lan liya-liyané.
  • Séndhok semèn yaiku sendok kang digunakaké tukang yasan kang nggawé rabuk.

Cathetan suku


Tags:

CangkemGarpuIndonésiaKayuLogamMangkokPangananPiringPlastikTangan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Acer Inc.Omah JogloAnak Jalanan (sinetron)Middlesbrough F.C.Kabupatèn BanyuwangiRokokoMasturbasiKleponDonny DamaraRita SugiartoMasjid Menara KudusEdinburghIwak maburRwandaThe S.I.G.I.TAllah1876BélarusChairul TanjungJathilanGaris bujurRuwatan Rambut GimbalBasa BosniHonggariIrigasiSurat Al An’amSerangan Umum 1 Maret 1949Gréja KatulikArané pérangan awakSpanyolFeni RoseMcDonald'sBègAmérika SarékatTom CruiseMetaforaLunpiaJerome Polin2014Wayback MachineSufismeYamaha L2 SuperSepongBiografiIranJaranAndi Alfian MallarangengProdhuk dhomèstik brutoGas bumi1716SuhuCentre-Val de LoireGoogleFiqihStephen ChowTembung krama andhapPerang KarbalaHiraganaMitoniPejuPamrentahan Lurung GazaSang PenariTom HanksÉropaGambuhCrash Landing on YouAvenged SevenfoldTotohan1930-anPakta WarsawaWayang golèk🡆 More