Roncèn Kimia: Cara sesambungan antarané rong atom utawa molekul

Roncèn kimia iku siji prosès fisika kang duwé tanggung jawab sajeroning interaksi gaya tetarikan antarané loro atom utawa molekul kang njalari siji senyawa diatomik utawa poliatomik dadi stabil.

Panjlèntrèhan ngenani gaya tetarikan iki rumit banget lan dijlèntrèhaké déning èlèktrodinamika kuantum. Sajeroning praktèké, para kimiawan lumrahé gumantung marang téyori kuantum utawa panjlèntrèhan kualitatif kang kurang kaku (nanging luwih gampang kanggo dijelasaké) sajeroning njlèntrèhaké roncèn kimia. Lumrahé, roncèn kimia kang kuwat diasosiasikaké kanthi transfer èlèktron antarané loro atom kang silih partisipasi. Roncèn kimia njaga molekul-molekul, kristal, lan gas-gas diatomik tetep bebarengan. Kajaba iku roncèn kimia uga nemtokaké struktur siji dat.

Roncèn Kimia: Cara sesambungan antarané rong atom utawa molekul
Conto modhèl titik Lewis kang nggambaraké roncèn kimia antarané karbon C, hidrogen H, lan oksigèn O. Panggambaran titik lewis iku salah siji saka usaha awal kimiawan sajeroning njlèntrèhaké roncèn kimia lan isih dipigunakaké kanthi wiyar tekan sepréné.

Kakuwatan reroncèn kimia manéka banget variasiné. Lumrahé, roncèn kovalèn lan roncèn ion dianggep roncèn "kuwat", éwadéné roncèn hidrogen lan roncèn van der Waals dianggep roncèn "lemah". Babagan kang perlu digatèkaké ya iku yèn roncèn "lemah" kang paling kuwat bisa luwih kuwat tinimbang roncèn "kuwat" kang paling lemah.

Uga delengen

  • Roncèn Aromatik
  • Roncèn Ion
  • Roncèn Kovalèn
  • Roncèn Kovalèn Tunggal
  • Roncèn Kovalèn Rangkep
  • Roncèn Kovalèn Rangkep Telu
  • Roncèn Kovalèn Koordinasi
  • Roncèn Kovalèn Polar
  • Roncèn Kovalèn Nonpolar
  • Roncèn Logam
  • Roncèn Pisang
  • Roncèn Antarmolekul
  • Roncèn 3c-2e lan 3c-4e

Réferènsi

Pranala njaba

Tags:

AtomKristalMolekul

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

IslamYogyakartaLibèriaMaliRuwatanAsmaraWikiDarius SinathryaBumiLaos (bumbu)PitulungBaworPrasejarahGeni.comRujak CingurTèknologiKratonDhomain publikSurat YunusNew JerseyAstatinBima (paraga Mahabharata)Alex FergusonBank MandiriTimahKedhawungSurinameBasa SpanyolAmien RaisSingapore AirlinesBeşiktaş JKSandiaga UnoBasa ArabTribhuwana WijayatunggadewiWayang purwaKabupatèn Empat LawangGunung BaturTegesé Aksara JawaSintaElipsGading MartenArané pérangan awakSpanyolSabuk astéroidPapan Anggegana Internasional Hong KongDinda KiranaOrgasmePandhawaArtikelSisingamangaraja XIIKacerdhasan gawéyanGunung RinjaniKucingCarita Aji SakaUniversitas OxfordDhandhanggulaPanagaraning IndhonésiyahManuel RoxasBani Abbasiyahꦥꦺꦠꦿꦺꦴꦩꦏ꧀ꦱ꧀TvOneSatelit alamiPariwaraBendiMaskumambangRakunBabad Sokaraja2020-anBenny SimanjuntakMahaka MediaPurwakanthi🡆 More