Pulo Ternaté: Pulo ing Maluku Lor, Indhonésiya

Pulo Ternaté inggih kalebet salah satunggaling pulo ing Indonesia ingkang mapan ing sisih kilèn Pulo Halmahera.

Pulo Térnaté taksih kalebet wewengkon Provinsi Maluku Utara.

Pulo Ternaté: Letak Géografi, Kaanan Fisikipun, Klimatologi
Pulo Ternate

Letak Géografi

Pulo Ternaté ambanipun kirang langkung 5.681,30 km2, ingkang kapérang dados wewengkon dharatan lan lautan. Wewengkon dharatan ambanipun kirang langkung 133,74 km2, déné wewengkon lautan ambanipun langkung wiyar tinimbang dharatanipun inggih kirang langkung 5.457,55 km2 saking jumlah sadaya luas laladanipun. Wewengkon pulo-pulo alit wonten ing Kepuloan Ternate mapan wonten ing koordinat 1260 20'-1280 05' BB-saha 00 50'-20 10' LU. Watesan-watesaning Pulo Ternaté:

  • Ing sisih lor kawates kaliyah Samodra Pasifik
  • Ing sisih Wétan kawates kaliyan Laut Halmahera
  • Ing sisih kidul kawates kaliyan Laut Maluku
  • Ing sisih kulon kawater kaliyan Laut Maluku

Pulo-pulo alit ing wewengkon kepuloan Ternaté mapan wonten ing lingkup ingkang terus mlampah ngiteri kepuloan Filipina, Sangihe, Talaut, saha Minahasa ingkang dipunkiteri lengkung Sulawesi saha Pulo Sangihe, ingkang gadhah sipat vulkanis.

Kaanan Fisikipun

Kaanan géomorpologi pulo Ternaté inggih sapérangan ageng laladanipun inggih gunung saha bukit ingkng kapérang dados pulo-pulo vulkanis saha pulo karang kanthi jinising siti regosol saha rensina. Jinising siti regosol inggih punika lemah ingkang khas wonten ing laladan vulkanis. Déné ing Pulo Ternaté, wonten kalih gunung vulkanis, inggih punika Gunung Gamalama kanthi dhuwuripun 1.715 mèter saha Gunung Tunane kanthi dhuwuripun 950 mèter ingkang mapan wonten ing Pulo Moti. Tingkat dhuwur punapa botenipun siti saking sak nginggiling toya laut ing pulo Ternate inggih kathah variasinipun, ingkang dipunperang dados tigang kategori. Kategori andhap kanthi dhuwuripun 0-500 mèter ingkang kathah dipun-ginakaken kaliyan warga dados areal pemukiman, lahan tani, lahan ternak, perikanan, lahan dagang, saha pusat pamaréntahan. Ingkang kaping kalih, kategori tengahan kanthi dhuwur 500-700 mèter ingkang dipun-ginakaken kanggé alas konservasi, saha usaha kehutanan. Lan kategori ingkang kaping tiga, inggih kategori siti inggil kanthi dhuwuripun langung saking 700 mèter, kathah dipun-ginakaken kanggé hutan lindung.

Klimatologi

Pulo Ternaté inggih laladan kapuloan kanthi ciri iklim tropis. Jawah kanthi itensitas paling ageng mandhap ing wulan Mèi kanthi curah udanipun dumugi 263,4 mm saha jawah paling arang ing sasi Agustus kanthi 77,8 mm. Miturut kasilipun ukuran kecepetan angin ing Pulo Ternaté kanthi kisaran bateripun angin 2,9-5,2 knots kanthi anging paling banter inggih 16-28 knots. Arah angin ingkang kathah piyambak saking arah kulon radi lor ingkang kadadosan ing sasi Januari, Fèbruari, Maret, saha April. Déné ing sasi Mèi sah Juni angin saking arah kulon radi kidul, saha ing sasi Juli, Agustus, September, saha Oktober angin saking sisih Wétan radi kidul. Déné ing sasi Novèmber saha Dhésèmber angin saking sisih kulon radi lor malih.

Cathetan suku

Uga delengen

Tags:

Pulo Ternaté Letak GéografiPulo Ternaté Kaanan FisikipunPulo Ternaté KlimatologiPulo Ternaté Cathetan sukuPulo Ternaté Uga delengenPulo TernatéIndonesiaMaluku UtaraProvinsiPuloPulo Halmahera

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JepangWisanggeniKhalil GibranGunung RaungLechona1578GenetikaKitab DanièlFilem pornoSandy WalshISO 4217TetuwuhanBlilu tau pinter durung nglakoni14 OktoberFabelMaltaInternètAbad ping 20Uni SovyètGajah gajahPecelMarina ShiraishiAllahRumeniGambangAllMovieLayang èlèktronikSwèdhenRéaksi kimiaSang PenariMancingGalaksi AndromedaPola1737FilipinaGaman nuklirWayang1977Éropa KidulDonny DamaraDrumA Cinderella StoryÈnergiNyadranMiki TikusHong Kong156OstraliSulingSepongIndonésiaEmasUkara gothangArjuna SasrabahuPratélaning nagara wisésaMèksikoAngga Aldi YunandaLémIqbaal Dhiafakhri RamadhanBanjirMasturbasiArkéologiLuxemburgMus MulyadiAsteroidKarim Benzema1968Jay IdzesAura Kasih2004Anak Jalanan (sinetron)🡆 More