Pediatri

Pediatri utawa ngèlmu kaséhatan anak iku spesialisasi kadhokteran kang magepokan karo bayi lan bocah.

Tembung pediatri dijupuk saka basa Yunani kuna, paidi (παιδί) kang tegesé "bocah" lan iatros (ιατρός) kang tegesé "dhokter". Sapérangan gedhé dhokter anak minangka anggota saka badan nasional kaya Ikatan Dhokter Anak Indonésia, American Academy of Pediatrics, Canadian Pediatric Society, lan sapanunggalané. Abraham Jacobi iku bapak pediatri.

Pediatri
Pasien bocah

Pediatri béda karo kadhokteran diwasa. Prabédan fisik awak kang jelas lan kamatengan pertumbuhan ndadèkaké kaséhatan anak madeg minangka spesialisasis dhéwé. Awak kang luwih cilik saka bayi duwé aspèk fisiologis kang béda karo wong diwasa. Aspèk kadhokteran liyané mèlu kapengaruhan kaya déné defek kongenital, onkologi, lan immunologi. Cekaké, nangani pasien anak ora kaya nangani pasien diwasa "versi cilik".

Mangsa kanak-kanak iku periode pertumbuhan, perkembangan, lan kematengan gedhé dhéwé ing manéka organ awak.

Ing abad kaping-19 siji saka limang bocah tilar donya sadurungé umur 5 taun. Sebagian gedhé pepati iku disebabaké déning lelara nular. Saiki sawetara pepati iku dicegah kanthi nambani lelara wektu kadadéan. Sapérangan gedhé manèh kanthi nyegah lelara liwat imunisasi.

Pediatri
Pamriksaan bayi

Dhokter anak uga nyoba nyegah lelara lan tatu liya sadurungé kadadéan. Dhokter anak ngajari para wong tuwa ngenani kaamanan lan gizi, bisa uga ngajari bocak-bocah kang luwih tuwa ngenani cara ngédhani tatu utawa kecanduan alkohol lan rokok. Amarga mangsa cilikan iku wujud mangsa owah-owahan, pancegahan minangka pérangan utama pediatri.

Pranala njaba


Tags:

BasaBayiBocah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WaluhDhigitalGudang garamSekotlanTaman Sari Ngayogyakarta29 MaretWikisumberSuhuSurat An Nisaa’Georg Wilhelm Friedrich HegelKarnaSiti Hardijanti RukmanaGunung LawuSariVitinhoTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)ISO 3166-1Wulan GuritnoLiu YangPrzemyślYin lan YangHabis Gelap Terbitlah TerangKabupatèn NganjukKaus kakiIndra BruggmanAntónio GuterresSingaPheng Xat LaoTata SuryaStadion WembleyMangakaEdison ChenWest Ham United F.C.Andika Naliputra WirahardjaCok SimbaraPerang BadarKabupatèn PurbalinggaGoogleZainuddin MZSparrowRoti lapis iwakLintahSemarang Kidul, Kutha SemarangKabupatèn BulukumbaDjiboutiGobag sodorPuthuPersija JakartaKemayoran, Jakarta PusatSurat At TalaqMarco AsensioNathan AkéJeruk purutWikipédia basa JawaMawarMiddelharnisGirona FCPatriarkat VenesiaOrong-orongSpacetoonItachi UchihaDian SastrowardoyoAksara JawaTèknologi informasiDjibouti (kutha)Retna MarsudiHak ciptaNafa UrbachInsidhèn prau silem Titan30 St Mary Axe🡆 More