Pratélan Prekawis Padhalangan

Padhalangan inggih punika tetembungan utawi babagan ingkang magepokan kaliyan carita wayang.

Kadosta:

  • Dhalang, inggih punika tiyang ingkang nglakonaken sarta nyariosaken wayang.
  • Talu, inggih punika uyon-uyon nalika ngarepaken wiwit jejeripun wayang.
  • Jejer, inggih punika madeg carita utawi wayang ingkang badhé dipuncariyosaken sesarengan kaliyan rerembugan tumrap wayang.
  • Suluk, inggih punika tetembungan utawi kekidungan dhalang badhé nyariosaken wayang.
  • Niyaga, sebutan kanggé tiyang ingkang nabuh gamelan.
  • Sindhen, tegesipun nembang sesarengan kaliyan gamelan utawi paraga wanita tukang nembang.
  • Sabet utawi sabetan punika patraping dhalang anggènipun nglakokaken wayang.
  • Janturan, tegesipun nyandra utawi cariyos wonten ing wayang ingkang saweg medal. Dados njantur punika ateges nyandra utawi nyariosaken sipatipun wayang sesarengan kaliyan gamelan ingkang lirih.
  • Senggakan, tegesipun swara ingkang rame sesarengan kaliyan gamelan.
  • Cempala, inggih punika kayu penthol piranti kanggé ngepraki wayang.
  • Antawacana, ateges tembang kedaling swara wonten ing satunggaling wayang.
  • Kelir, ateges lawon pethak kanggé nampani bayangan wayang.
  • Bléncong, ateges diyan utawi lampu kanggé madhangi wayang.
  • Kecrek, inggih punika gamelan awujud wesi blèbèkan kanggé ngepraki nalika wayang dipunjogèdaken.
  • Tancep kayon inggih punika nancepaken guntingan wayang ingkang pungkasan minangka pratandha pagelaran wayang punika sampun bubar.


Tags:

Wayang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Pamrentahan Lurung GazaKleponRévolusi indhustriMiddlesbrough F.C.BanyuStatistikawanFisikaSwasanaAlgoritmaPerdhana Mentri JepangGFDLDin SyamsuddinBantar Gebang, BekasiKali BrantasWadya anggeganaNatriyum1953AsmaaulhusnaWingko babatKerata basaHidrogenKéwan klangenanCamomileAndi Alfian MallarangengVenusIndhiSurat At TalaqRumeniMeteorAgamaBasa Bosni1708Basa Arab MesirVictoria saking Britania RayaSepongRéunionWulan GuritnoTanganNeurologiHerodotusSkandiyumKylian MbappéNagara Islam Irak lan SyamAgustusTanzaniaAsmaradanaBambang PamungkasJeff BezosNeptunusSerigala TerakhirSuhuKamatZlatan IbrahimovićBenikMacapatGunung PrauOka AntaraGravitasiIndhonésiaPerawan Remaja dalam Cengkeraman MiliterDhegelenKuwé lapisKulawarga (biologi)SesorahLee Jong-sukKendhangPlabuhanUranus1949Cublak-cublak suwengIan KaselaWikiquote🡆 More