Panulisé Tembung Peprenahan

Panulisé tembung peprenahan diwiwiti nganggo aksara murda.

Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan, kaya ta ibu, bapak, bibi, pakdhe, mbakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, éyang, simbah, Ian sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa).

Panulisé Tembung Peprenahan
Panulisé tembung peprenahan diwiwiti nganggo aksara murda. Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan kaya ta, ibu, bapak, bibi, pakdhe, mbakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, eyang, simbah, Ian sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa).

Panulisé

Contoné:

  1. Kala wingi Ibu tindak dhateng Surabaya piyambakan.
  2. Lajeng kersanipun Bapak sapunika kados pundi?
  3. Minggu wingi Pakdhe uga tindak Semarang.
  4. Wah, Kakang wis mulih,… olèh-olèhé apa Kang?

Panulisé tembung ibu, bapak, pakdhe lan kakang utawa kang ing ukara-ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda jalaran tembung-tembung mau minangka tembung sesulih (sesulih madyama purusa) utawa minangka tembung panyapa. Ananging peprenahan sing ora dianggo tembung sesulih utawa panyapa, panulisé diwiwiti nganggo aksara cilik, ora perlu nganggo aksara murda.

Contoné:

  1. Kala wingi ibunipun laré punika ugi tindak mriki.
  2. Tiyang wau èstunipun taksih kaprenah pakdhe kalihan laré punika.
  3. Kowé wis tampa Iayang saka bapakmu durung, Ti?
  4. Sésuk aku arep mboncèng kakangmu waé kok.

Tembung ibunipun, pakdhe, bapakmu, Ian kakangmu ing ukara-ukara iki dudu tembung sesulih Ian uga dudu tembung panyapa, ananging mung minangka araning peprenahan. Mulané, panulisé tembung-tembung mau ora perlu diwiwiti nganggo aksara murda.

Sabanjuré, tembung peprenahan sing dikanthèni jeneng utawa araning wong, drajat, pangkat, kaiungguhan, utawa sesebutan sing dikanthekaké ing saburiné tembung peprenahan mau uga diwiwiti nganggo aksara murda.

Contoné:

  1. Sajengkaringsun, katentremaning praja mangsa borong Kakang Patih!
  2. Laré punika putranipun Pak Marta ingkang pambajeng.
  3. Mat, layang iki aturna marang lbu Lurah!
  4. Adhik arep takdadahaké Mbah Dhukun, kowé mèlu ora?

Panulise kakang lan patih, pak lan Marta, ibu lan Iurah, mbah lan dhukun ing ukara-ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda.

Uga delengen

Rujukan

Pranala jaba

Tags:

Panulisé Tembung Peprenahan PanuliséPanulisé Tembung Peprenahan Uga delengenPanulisé Tembung Peprenahan RujukanPanulisé Tembung Peprenahan Pranala jabaPanulisé Tembung PeprenahanAksara murda

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

YérusalemThe Death of StalinMonumèn Simpang Lima GumulUEFA Euro 2016Palanangan6 MaretSurat Al MuddatstsirKluwungBagimu NegeriYordaniaMindhikꦏꦸꦤꦶꦂKandhangCeresPraja ing Amérika SarékatJ-RocksLangitDavid BeckhamMadrimMaulana Malik IbrahimBasa Jawa KramaArjunaBal-balan gagrag Amérika SarékatMrutuWindows XPAnnisa TrihapsariBakmi JawaÈnsiklopédhiÉjakulasiAlexander AgungLaskar PelangiIbnu Khaldun1922Álvaro BautistaChairul TanjungAgeng TirtayasaKepala Kapulisèn Negara Republik IndonesiaPayPalNagita SlavinaPujanggaHa (aksara Jawa)WikipédiaSultan DjorghiKerata basaBundesligaBimasektiSakuntala2024San MarinoWulan GuritnoYurike PrastikaFlorentino PérezI Want to Die but I want to Eat Tteokpokki (Novèl)Biscottiꦱꦩ꧀ꦱꦸꦁ GT-E1205YHibiki ŌtsukiTata SuryaSesorahKutha Ho Chi MinhItilLindhuYua MikamiRita SugiartoKarajan ManunggalArkéologiArdina RastiÉropaLintangSuhuAtomBaronganKismisBasa InggrisKanadha🡆 More