Panambang -aké yèn karaketaké ing tembung kriya, tembung kriya mau bisa awujud tembung lingga utawa tembung andhahan.
Tembung kriya kang awujud tembung lingga (tembung kriya lingga) kang kawuwuhan panambang -aké asring tinemu ing ukara kongkonan utawa ukara (h)agnya. Panambang -aké kang karaketaké ing tembung kriya lingga mau wujudé sok dadi -ké.
Contoné mangkéné:
Ukara-ukara kaya mangkéné iki lumrahé mung kanggo ing basa padinan utawa basa pocapan. Ing basa Jawa kang baku, ya iku basa Jawa kang tinata adhedhasar paramasastra Jawa kang wis diakoni beneré ing akèh, tembung kriya ing ukara kongkonan kaya mangkono mau mesthiné (beneré) nganggo panambang -na. Ing basa kang baku, ukara-ukara mau mesthiné mangkéné:
Panambang -aké iku lumrahé panganggoné mèh padha karo panambang -kan ing basa Indonésia. Upamané mangkéné:
Ananging perlu disumurupi manawa ana sawenèhing tembung kriya kang tanpa panambang -aké yèn dijarwakaké ing basa Indonésia kudu nganggo panambang -kan.
Contoné mangkéné:
Dhapukaning tembung kriya mawa panambang -kan ing basa Indonésia kaya ing tembung diberhentikan mau sok dianggep padha karo dhapukaning tembung kriya mawa panambang -aké ing basa Jawa. Mula ora mokal yèn ing basa Jawa asring tinemu ukara, upamané Pak Marta tansah mikiraké anaké. Tembung mikiraké ing ukara mau cukup mikir waé, tanpa panambang -aké, jalaran tembung mikir iku wis klebu éwoning tembung kriya tanduk mawa lésan (verba transitif). Ananging tembung memikir ing basa Indonésia ora klebu tembung kriya tanduk mawa lésan. Mulané, tembung mikir (Jawa) yèn dijarwakaké ing basa Indonésia dadi memikirkan (mawa panambang -kan). Bok manawa ya amarga saka pangaribawané basa Indonésia iku ing basa Jawa banjur ana dhapukaning tembung mikiraké kaya ing ukara Pak Marta tansah mikiraké anaké mau. Kajaba saka iku, ing basa Indonésia sok tinemu uga ukara, kaya ta, Dia dipindah ke Surabaya. Ukara iki satemené dudu ukara baku. Mesthiné ing basa kang baku ukara kasebut dadi Dia dipindahkan ke Surabaya (tembungé kriya kudu mawa panambang -kan). Bokmanawa bab iki kena pangaribawané basa Jawa.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Panambang -aké, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.