Pélog

Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan.

Saliyané Pelog, ana uga sléndro. Pelog béda karo sléndro , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4 5 6 7.

Asal-Usul

Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana kang ngerti babagan iki. Nanging kang jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung sléndro.

Notasi

Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggul
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
4 pat (papat) pélog
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem
7 pi (pitu) barang

Watak lan Pathet

Ing Bali, Pélog minangka kaanan kang seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Jogèd.

Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.

Pathet Nem

Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.

Pathet Lima

Lumrahé ditulis "Pelog Lima". Pathet iki dhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.

Pathet Barang

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.

Cathetan suku

Uga delengen


Tags:

Pélog Asal-UsulPélog NotasiPélog Watak lan PathetPélog Cathetan sukuPélog Uga delengenPélogGamelanSlendraTitilaras

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GambuhWétan TengahBasa JawaChairul TanjungIranBebrayanGFDLMuhammad Yusuf ChudloriMawarBillie EilishNgupatBergenSastraAllahSurinameBaladéwaMetaforaPattimuraArgèntinaSujarah Maritim NuswantaraBasa PèrsiVermontGisella AnastasiaStade de FranceGaris bujurAmérikah SarékatSistem operasi komputerSurat Adh DhuhaDéklarasi DjuandaMangkunagara X2006Tembang dolananBasa BosniNew Mexico21 DhésèmberPandhitaRokokoAyu DewiNew AmsterdamCumbanaBenikTemu kunciHostess CupCakeJawa11 MaretWoh nagaRambutMontanaWalandaAldosteronTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)RobotikaDurmagatiArtikelTiongkokSurat Al QadrSafarFeni RoseJeff BezosWangsa ZhouYoyok Riyo SudibyoPaus Leo XMasjidil KaramPersija JakartaTung Desem WaringinKolombiaArjunaKolonialismeVidéoApollo 11🡆 More