Nyi Ageng Serang: Pahlawan nasional Indonesia

Nyi Ageng Serang utawa Raden Ajeng (RA) Kustiyah Wulaningsih Retno Edhi.

Dhèwèké putri pangeran Natapraja, panguasa tlatah Serang, tlatah terpencil ning karajan Mataram, Jawa Tengah. Pangeran Natapraja iku panglima perang Sultan Hamengkeu Buwono 1 kang bergelar panembahan Serang. Kustiyah awit cilik wus meluni bapané perang ngelawan Walanda.

Nyi Ageng Serang: Pahlawan nasional Indonesia
Nyi Ageng Serang

Lair ing Serang, Purwodadi, taun 1752. Tilar donya ing Yogyakarta, ing taun 1838. Disarekaké ing Beku,Kalibawang, Kulon Praga. Sawisa bapané ninggal dunya amarga lara. Kustiyah nggantikaké bapané dadi junjungan ing laladan serang lan duwé gelar Nyi Ageng Serang. Sasuwené mimpin sarta dadi ahli srategi perang ngelawan para panjajah Walanda, Nyi ageng dikenal cedhak karo rakyat-rakyate. Dhèwèké asring bantu kasukaran masarakat, mbagi-mbagi pangan. Nyi ageng, asring migunakaké strategi perang marang panjajah Walanda kanthi cara meneng-menengan, nganggo taktik utawa strategi perang gerilya. Nalika Perang Diponegoro, Nyi Ageng Serang kaliyan Raden Mas (R.M) Pak – Pak, mantuné lan wadyabala Natapraja kanggo nglawan para panjajah Walanda. Nyi ageng kang umuré wis tuwa iku (73 taun), nyerang para panjajah ning dhuwuring tandu. Nalika nyi Ageng Serang nyudai anggoné dadi pamimpin perang, parjuangan saterusé dilakoni déning mantuné, R.M. Pak-Pak.

Nyi Ageng Serang tilar dunya ing umur kaping 86 taun ning tlatah Serang, sanajan ditinggal déning Nyi Ageng Serang tlatah mau tetep merdeka. Ing taun 1833, pamarintah Walanda, mènèhi panghargyan lan tunjangan nganti 100 gulden kanggo dina tuané Nyi Ageng Serang. Nyi Ageng punika sajatiné katurunan saka Sunan Kalijaga. Dhèwèké uga duwé putu kang dadi pahlawan uga. Ya iku R.M. Soewardi Surjaningrat utawa lebih kondhang karo jeneng Ki Hadjar Dewantara. Nyi Ageng Serang disahaké dadi Pahlawan nasional, Présidhèn RI No.084/TK/1974.

Cathetan suku

Tags:

BelandaJawa TengahMataramSerang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Agus SalimSardiniaPutihSoehartoAksara JawaBon JoviKerja Sama Ekonomi Asia PasifikBasa InggrisSurat At TalaqTembung krama andhap25 MaretMontanaMarcus RashfordSengkalanWudu2016William ShakespeareKimiaKali DanubeRama TambakSkandiyumDelimaYusril Ihza Mahendra719Miki TikusSatelit alamiMahfud MDStadion SiliwangiCatherine Wilson1945DhènemarkenSwasanaJaringsanaTembung sesulihKalsium kloridaSurat As SajdahCublak-cublak suwengWidy Soediro NichlanyPawadonanWukuPra-PaskahAsem kloridZanzibarStatistikawanNew AmsterdamMartha TilaarSulukGasFilem pornoUniversitas StanfordGibran RakabumingVictoria saking Britania RayaEmprit Abuntut Bedhug (Buku)KendhangBasa JawaBergen1708CamomileNew MexicoPananggalan TionghoaLenga jangananBermudaWadhukKevin AprilioDurmagatiJenang sungsumParikanKomik1737Alina KukushkinaVenusBègOrganisasi Internasional kanggo Standardisasi🡆 More