Nuh

Nuh (Ibrani: נוֹחַ, Nūḥ; Tiberias: נֹחַ; Arab: نوح) (kurang luwih 3993-3043 SM) inggih punika turunipun Kanjeng Nabi Adam as.

Dhèwèké diutus kanggo kaum Bani Rasib sing tansah ingkar marang Allah lan nyembah brahala-brahala. Nabi Nuh diutus kanggo dakwah marang kaumé kang wis kesasar adoh. Dhèwèké ngajak wong-wong mau bali menyang nyembah marang Gusti Allah lan ninggalake nyembah brahala.

Nuh
Gambar bahtera Nuh

Nabi Nuh a.s mulang marang umate supaya bisa ndeleng jagad raya kang diciptakake dening Allah arupa langit, bumi, srengenge, rembulan, awan, mbengi, lan kabeh kesugihan bumi arupa tetuwuhan lan banyu kang mili kang menehi nikmat urip kanggo manungsa. Kabeh iku minangka bukti lan tanda nyata menawa anane panguasa Allah kang murbeng dumadi kang kudu sinembah lan dudu brahala-brahala kang kaume gawe kanthi tangane dewe. Nanging, kaum Nabi Nuh a.s akeh akehe ora percaya apa kang dingendikake marang utusan Allah kang mulya iki. Ngendikané Gusti Allah Swt:

"Banjur padha anggorohake (Nuh), banjur Ingsun nylametake dhèwèké lan wong-wong kang bareng dhèwèké ing njero prau, lan Ingsun dadekake dhèwèké iku khalifah lan Ingsun klelepake wong-wong kang anggorohake ayat-ayat Ingsun. Mula waspadakna kepriye sakwise wong-wong kang padha diwenehi pangeling-eling iku."(QS Yunus:73).

Banjir Nabi Nuh

Nuh 
Gegambaran prau Kangjeng Nabi Nuh miturut Miniatur Kakaisaran Mughal

Puluhan nganti atusan taun Nabi Nuh a.s dakwah, nanging akèh-akèhé umate tetep nyekutokake Allah Swt. Dhèwèké padha gumedhe lan wani marang Nabi Nuh amarga rumangsa nduwe drajad pangkat, bandha, lan kapinteran ngluwihi Nabi Nuh as. Minangka pamulang marang para manungsa sabanjure Allah banjur mudhunaké azab arupa Banjir kang dibarengi Angin lesus kang gedhe banget. Nalika iku kaumé Nabi Nuh akèh kang klelep kalebu putrané kang jenengé Kana'an lan garwané Nabi Nuh.

Rujukan

Pranala njaba


Cithakan:Link FA

Tags:

AdamAllahBasa ArabBasa IbraniReca

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Komando Daerah Militer I/Bukit BarisanUEFA Euro 2016Beksan JawaUranusVina PanduwinataE=mc²Tawangmangu, KaranganyarWayangSagittariusPageblug Covid-19Sophia LatjubaNurdin PurnomoBerang-berangXabi AlonsoTandha kapangkatan TNI Angkatan LautSurinameWalang sangitJimus, Polanharja, KlathènLaptopHappy AsmaraIkang FawziVidi AldianoRyamizard RyacuduꦩꦶꦄꦕꦺꦃNovia KolopakingJosh BrownhillAl CaponeJamal MirdadDedi NatadiningratHindhuRatu KalinyamatTahu gimbalꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀Mark ZuckerbergGerrit (piranti alus)Wong SimalungunHalibutTogorRirin Dwi AriyantiHotman Paris HutapeaIBMStaphylococcus aureusBaharuddin LopaKèn ArokSurat Al Anbiyaa’Michael EssienHabib Muhammad Luthfi bin YahyaHamengkubuwana VIIPutri PatriciaMy Sassy GirlKarbitAndra and The BackBoneGunung Rinjani6 MaretTite KuboJung Yong HwaBlangkonTépachéMulan JameelaBasa ThaiKucingMarie AntoinetteEriUniversal Music GroupAve MaryamWinter's Bone2024PejuArsitèkturDede YusufXi JinpingIrfan Bachdimꦠꦼꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀Wali Band🡆 More