Néoliberalisme sing uga dikenal minangka paham ékonomi neoliberal ngacu ing filosofi ékonomi-pulitik sing ngurangi utawa nulak campur tangan pamaréntah ing ékonomi dhomèstik.
Paham iki nduwé fokus ing métodhe pasar bébas, wewates sithik marang prilaku bisnis lan hak-hak milik pribadi.
|
Sub-rangkaian Pulitik |
---|
|
Ing kawicaksanan manca nagari, neoliberalisme kenceng gandhèngané karu pambuka pasar manca nagari liwat cara-cara pulitis, migunakaké tekanan ékonomi, diplomasi, lan/utawa intervènsi militèr. Pambukaan pasar ngrujuk ing perdagangan bébas.
Néoliberalisme kanthi umum gegandhèngan karo tekanan pulitik multilateral, liwat manéka warna kartel panglolaan perdagangan kadidéné WTO lan Bank Donya. Iki njalari kurangé wewenang papréntahan tekan titik minimum. Néoliberalisme liwat ékonomi pasar bébas kasil neken intervènsi pamaréntah (kadidéné paham Keynesianisme), lan mlangkah suksès ing tuwuhing ékonomi sakabèhé. Kanggo ngundhakaké efisiensi korporasi, néoliberalisme ngupaya kanggo nulak utawa ngurangi kebijakan hak-hak buruh kadidéné upah minimum, lan hak-hak daya tawar kolektif liyané.
Néoliberalisme wewalikan karo sosialisme, proteksionisme, lan environmentalisme. Sacara dhomèstik, iki ora langsung lelawanan kanthi prinsip karo poteksionisme, nanging sok migunakaké iki minangla piranti tawar kanggo ngglembuk nagara liya kanggo mbukak pasaré. Néoliberalisme asring dadi alangan kanggo perdagangan adil lan obahan liyané sing nyengkuyung hak-hak buruh lan kaadilan sosial sing kuduné dadi prioritas gedhé dhéwé ing gayutan internasional lan ékonomi.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Néoliberalisme, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.