Mula Bukaning Ruwatan Lan Sukerta

Miturut wong Jåwå ruwatan kuwi wis dadi tradhisi kang agung.

Mula Bukaning Ruwatan lan Sukerta

Tegȇsé, ruwatan dadi budåyå ing kalanganing tiyang jåwå ing ngȇndi wae. Anamung, wong jåwå isih kurang anggoné mangȇrtèni pentingé ruwatan, amargå isih ånå masarakat kang pro-kontra bab ruwatan. Kanggo saperangan uwong Jåwå, ruwatan didȇlȇng ngambur-amburké dhuit, ananging ing saperanganing uwong ruwatan malah dadi hal ingkang pȇnting.

Pro-kontra bab ruwatan Jåwå kuwi diolèhkȇ, kanggo aspèk budåyå tradhisi, ruwatan pancèn akèh nyuguhaké hal ingkang kontroversial. Anamung  kang prȇlu digatèkaké yaiku ruwatan wis nggȇtih ing panggalihé wong Jåwå. Wis suwé wong Jåwå nglakoni ritual ruwatan iki. Wiwité nalikå caritå Hariwangsa, Sumanasantaka, Korawasrama, Calwanarang, Nawaruci lan Sudamala ing jaman krajaan kuna, ruwatan jåwå wis anggema.

Istilah Ruwatan lan Sukerta

Istilah ruwatan såkå tembung ‘ruwat’, ditȇgȇsi tembung ruwat kuwi cedhak karo tembung ‘lukat’, tȇgȇsé (ngilangaké, ngrȇsiki). Misalé ing ukårå ‘kunang iki papa ni nghulun agong ring apan lukata’. tȇgȇsé “Wondéné kasangsårån kawulå menikå agȇng, kados pundi caranipun ngilangaken?” Kutipan menikå ménéhi tȇgȇs bilih tȇgȇsing ruwatan ing jaman biyèn nganti saiki isih pådhå. Ing båså jåwå kunå ånå tȇmbung sukȇrta kang ånå gayutè karo ruwatan. Ing adat Jåwå ugå ånå tembung bocah sukertå, sokreta utåwå sukreta ing kakawin Gatotkacarya, luwih nggatèkaké bilih sukertå dadi sumber uriping wong akèh, kapribadén apik utåwå èlèk, nyababaké wong dadi èlèk åpå apik, sȇnȇng lan sedhih.

Manekå wårnå tȇgȇsing sukrȇtå kuwi ngrȇmbaka, banjur pungkasaning wujud istilah kuwi dadi ‘bocah sukertå lan wong sukertå’. Anak utåwå wong sukretå dadi catu kang pinilih dening Batårå Guru kanggo Batårå Kålå lan Dewi Durgå. Ing båså jåwå baru tembung kretå utåwå kertå duwé tȇgȇs “wis kagawé, wes digawé” ugå ånå tembung sinukertå duwé tȇgȇs “wis disubyå-subyå” pramilå bocah sukretå nalikå disunat/khitan utåwå wis dinikahaké dirayakaké kanthi mobyor-mobyor. Kanthi nanggap wayang lan nggåwå caritå bab murwåkålå.

Ing kelompoking masarakat Jåwå, ngirå tembung sukertå luwih ing unsur tembung sukȇr utåwå rȇgȇd. Bocah sukertå asring sinebut bocahsuker/ bocah rȇgȇd, pramilå kudu diresikaké, supåyå resik kanthi upacårå ruwatan. Bocah sukertå asring disebut bocah pangayam-ayaming Batårå Kålå, duwéni tȇgȇs “anak kang dadi ancaman Batårå Kålå” bocah sukertå kuwi dadi bahan sik dipangan Batårå Kålå. Pramilå kudu dirȇsikaké kanthi dalan upåcårå ruwatan.

Rujukan

Endaswara,suwardi.2005.Buku Pinter Budaya Jawa.Yogyakarta:Gelombang Pasang.

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

IbuprofénRujak CingurVitamin AAlbaniꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀Janet Jacksonꦱꦶꦏꦼꦠ꧀Egy Maulana VikriKubukAlgoritmaGongTembung garbaMaher ZainLyman Frank BaumBatulicin, Tanah BumbuBasa JawaArgonꦧꦭꦥ꧀ꦤꦺꦏꦼꦂBathik GirilayaRépublik Rakyat CinaAllahArjunaꦭꦧꦶꦫꦶꦤ꧀Sosis sarapanFelidaeVladimir PutinSamuel RizalSunan KalijagaMarco van BastenJurnalistikRaúl AlbiolLukman SardiGFDLPanganan tradisionalShigeo TokudaNgilé, Tulakan, PacitanAlérgi endhogJagoMuhammad Arsyad al-BanjariGlenn FredlyRCTINathan Tjoe-A-OnWilliam ShakespearePangidhèntifikasi Obyèk DigitalAryo WahabSalam Lintas AgamiOrong-orongDhakonBenyamin S.Surat Al IkhlashGendèrRinggit tiyangAgus MustofaWarangganaTifaProdhuk dhomèstik brutoPong-ponganProvinsi CuneoKutha PrabalinggaÈnsiklopédhiꦝꦩ꧀ꦝꦩꦤ꧀Rowan AtkinsonD'MasivPratélan pawiyatan luhur swasta ing Jawa KulonKethoprakSega gorèng201515 JanuariArab Saudi🡆 More