Muhammad Fudoli

Muhammad Fudoli ya iku tokoh muslim kang kondhang minangka cerpenis aliran sufisme.

Lair ana Sumenep, Madura, ing 8 Juli 1942. Surud ana Surabaya taun 2004, yuswa 62 taun.

Muhammad Fudoli Zaini
Lair8 Juli 1942
Sumenep, Madura
Pati2004
Surabaya, Jawa Wétan
Jeneng liyaMuhammad Fudoli;
M. Fudhaly;
M. Fudoli Zaini
PakaryanSastrawan
BojoHabibah Abdulah Shiddiq
AnakZahra Fudoli,
Latifah Fudoli,
Muhammad Habib Fudoli
Wong tuwaKyai Haji Ahmad Zaini Miftach

Kulawarga

Fudoli ya iku anak mbarepé Kyai Haji Achmad Zaini Miftach. Simbah kakungé ya iku wong sing ngedhegaké pesantrèn ana dhaerah Sumenep, Madura. Dhèwèké gedhé ana tengah kulawarga muslim, dadi pribadhiné kenthel ajaran Islam lan agamis.

Fudoli mbojo karo Habibah Abdulah Sidik taun 1973, banjur duwé anak 3, ya iku, Zahra Fudoli, Latifah Fudoli, lan Muhammad Habib Fudoli.

Pawiyatan

Sawisé lulus sma, Fudoli nerusaké pawiyatane ana Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta, ning mung sedhéla; dhèwèké luwih milih nèng IAIN Sunan Ampel, Surabaya, lan tamat taun 1966. Banjur mangkat Kairo, nerusaké ana Al Azhar, njipuk babagan ukum Islam (syariah) lan filsafat. Saliyané iku, dhèwèké sinau sujarah Islam lan sastra ana Institute of Islam Studies, lan Institute of Arabics Studies nganggo béyasiswa saka pamarévvvntah Republik Persatuan Arab lan tamat taun 1968.

Nyambut Gawe

Baliné saka Kairo taun 1968, dhèwèké mulang filsafat lan sujarah kabudayan Islam lan mulang ana program Pasca Sarjana IAIN Sunan Ampel Surabaya. Saliyané iku, dhèwèké uga ngurusi pesantrèn ana kutha lairé, Sumenep, Madura.

Ana Donya Kapanulisan

Fudoli wiwit nulis cerkak lan artikel taun 1960 ngenani pangrembakan karya sastra. Akèh karyané kang diemot ana kalawarti Horison. Akèh karyané kang éntuk pahargyan saka manéka instansi.

Dhèwèké wani nguntal kritik kanthi kemasan basa kang alus lan éndah saéngga kritik kang landhep iku ora krasa kanggo pamaca. Dhèwèké dikenal minangka juru tulis kang teliti, sabar, lan alus olèhé ngangkat masalah kang kesane singkat, nanging teka-teka ana bongkot cerita ngagèti amarga nudhuhaké adegan tragis saéngga nggumunaké pamaca.

Salah siji ciriné ya iku dhèwèké kerep nggambaraké tlatah luar negri, ya iku alam Timur Tengah lan akèh cerkaké kang nggambaraké sikap kaimanan tokohé kang sajatiné iya kaca benggalané dhèwèké dhéwé. Ngono uga, irah-irahan lan masalah kang kaangkat ana cerkaké.

Fudoli ora ngetokaké wujud anyar ana panulisan cerkak. Cerkaké prasaja, kurang duwé tanjakan dramatik, lan krasa lempeng; nanging kang prelu digatekake, dhèwèké ya iku sijji saka sithik pengarang kang ngangkat uripé wong-wong kanthi latar wuri budaya santi ana cerkaké.

Ana kabar, Fudoli naté nulis cerita irah-irahan Ratu Setan. Isiné sarupa karo novèl Ayat-Ayat Setan karyané Salman Rusdhie kang marai ributé umat Islam sajagad lan éntuk masalah. Sawisé timbang-timbang manèh, sawisé ngematké prosès karieré Salman Rusdhie, Fudoli ora sida nerbitaké novèl Ratu Setan iku.

Karya

Karya cerkaké Fudoli:
1. Si Kakek dan Burung Dara, éntuk pahargyan salah kalawarti Horison (1966/1967), uga dilebokaké H. B. Jassin ana buku Angkatan '66: Prosa dan Puisi;
2. Sisifus, éntuk pahargyan Bebungah Harapan ing Sayembara Penulisan Cerita Pendek Horison taun 1978;
3. Kemarau, éntuk Bebungah Hiburan Sayembara Kincir Emmas Radio Netherland Wereldomroep 1975.

Buku kumpulan cerkak:
1. Potret Manusia;
2. Kota Kelahiran taun 1985, éntuk pahargyan saka Yayasan Buku Utama, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan;
3. Arafah.

Cathetan suku

Bibliografi

Pranala njaba

Tags:

Muhammad Fudoli KulawargaMuhammad Fudoli PawiyatanMuhammad Fudoli Nyambut GaweMuhammad Fudoli Ana Donya KapanulisanMuhammad Fudoli KaryaMuhammad Fudoli Cathetan sukuMuhammad Fudoli BibliografiMuhammad Fudoli Pranala njabaMuhammad Fudoli19422004JuliMaduraSurabaya

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bom mobil Aleppo 2017Ratu AgengNakulaKanjiAngelina JolieHarmonikaKali NilRatu Felisha1188Setatsiyun Semarang TawangOrdinariat Militèr ArgèntinaAllahKrakatau SteelKhulafaur RasyidinKatrina KaifIvan OkhlobystinColloseumSemarang TVBromIwan FalsAurelie MoeremansSrengéngé mlethèkSusi AirMikèl ArtétaSrengéngéSurat Al MuzzammilWaruQuoraToni KroosSingaIndhonésiaMitoniPejuAbimanyuDadar gulungLee Jong-sukRangkaian MelatiDina LorenzaAngkatan Pertahanan IsraelJesse JamesRuwatan1880Bijuu (Naruto)CumbanaSurat Adh DhuhaTirto UtomoAksara PégonCawet601Arané pérangan awakSurat Al MuddatstsirLangitSusi PudjiastutiPound sterlingLia WarokaGareth BaleLailatulkadarRisty TagorBadan SAR NasionalIklanIonAbu ThalibPrelatur Teritorial TrondheimGlepungPancasilaTukul ArwanaMarcelo VieiraGisella AnastasiaBuckminster FullerIbu Kita KartiniSudarso🡆 More