Mlinjo

Mlinjo (Gnetum gnemon L.) iku siji spésies tetuwuhan wiji kabukak (Gymnospermae) wangun wit kang asalé saka Asia tropik lan Pasifik Kulon.

Mlinjo
Mlinjo
Mlinjo
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Gnetophyta
Klas: Gnetopsida
Ordho: Gnetales
Famili: Gnetaceae
Génus: Gnetum
Spésies: G. gnemon
Jeneng binomial
Gnetum gnemon
L.

Mlinjo ditepungi uga kanthi jeneng belinjo, tangkil (basa Sundha) utawa bago (basa Melayu lan basa Tagalog). Mlinjo akèh ditandur ing pekarangan minangka pangayom utawa wewates pekarangan lan mligi dimupangataké "woh" lan godhongé.

Béda karo anggota Gnetum liyané kang racaké wujud liana, mlinjo awangun wit. Arané wit mlinjo iku so, sauntara arané isi mlinjo iku klathak.

Dhèskripsi botani

Mlinjo wujud tuwuhan taunan wangun wit kang omahé loro (dioecious, ana indhividu lanang lan wadon). Watangé kukoh lan bisa dimupangataké minangka bahan yasan. Godhongé tunggal wangun oval mawa pucuk tumpul. Mlinjo ora ngasilaké kembang lan woh sajati amarga ora kalebu tetuwuhan ngembang. Sing dianggep woh sabeneré iku wiji kang kawungkus déning salapis aril kang ndaging.

Mupangat mlinjo

Mlinjo arang dibudidayakké kanthi intènsif. Kayuné bisa dingo minangka bahan papan. Godhongé kang isih enom (dhong so) kanggo bahan janganan (contoné ing sayur asem). "Kembang" (lanang uga wadon) lan wijiné kang isih cilik-cilik (pentil) utawa kang wis tuwa/mateng bisa didadèkaké uga minangka janganan. Wiji mlinjo uga dadi bahan baku emping. Akir-akir iki, èlmuwan Jepang nemu yèn jebulé wiji mlinjo dudu kang njalari lelara `asem urat` kaya diwedèni déning masarakat.

Gladri

Pranala njaba

Tags:

Mlinjo Dhèskripsi botaniMlinjo Mupangat mlinjoMlinjo GladriMlinjo Pranala njabaMlinjoAsiaBasa MelayuBasa SundhaBasa TagalogSpésiesWit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SomalilandYuni SharaGenre musikUranusTèknologi informasiKethoprakAlina KukushkinaTembang dolananSurat Al Anbiyaa’Shikamaru NaraMerkuriusMaltaBauwarnaReza RahadianRukun ImanSurat At TaubahSahadatRuwatanSugriwaKabupatèn TrenggalèkWalandaRokokoVladimir PutinAsuCarita Aji SakaSaturnus1917DiktatorHalogenGendhingRépublik CinaWajik2008Stade de FrancePangéran DipanegaraParto PatrioBenikSutan SyahrirKlawuJawa WétanBasa Ngu2000Mangkunagara XIrakDurgaSoehartoBrunéi DarussalamTembung tanggapGenosidaAldosteronKomputerAri SigitKapadhetanPecelBantar Gebang, BekasiLeonardus Benjamin MoerdaniTimahAlfred RiedlDenny CaknanKakaisaran OttomanPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaRuwatan Rambut GimbalEmasSandy WalshKangen Band (Grup Musik)Révolusi indhustriVaksinPerang ing KurukshetraAbimana AryasatyaRembulanCathetan padinanTotohanOhioIbnu TaimiyahPattimuraUniversitas Oxford🡆 More