Minal 'Aidin wal-Faizin iku tradhisi sing biyasa diucapaké antara sesama muslim Indonesia nalika mahargya Idul Fitri, sawisé ngayahi ngibadah pasa ing sasi ramadan.
Ucapan iki kanthi barès diterjemahaké dadi "saka (sing) bali lan kasil", kanthi umum ditejemahaké "Muga-muga kita kabèh kagolong wong-wong sing bali (fitrah) lan kasil (sajeroning latihan nahan dhiri)"
Ngucapaké ukara "Minal 'Aidin wal-Faizin" nalika dina riyaya Idul Fitri lan Idul Adha, minangka budaya umat Islam ing Indonesia, sanadyan abasa Arab, ucapan iki ora bakal dimangertèni tegesé déning wong Arab, lan ukara iki ora ana sajeroning kosa kata kamus basa Arab, lan mung bisa ditemoni makna tembung mbaka tembung waé. Ora ana dhasar-dhasar sing jelas ngenani ucapan iki, sing wujud hadist utawa liyané. Miturut hadist nalika dina riyaya para sahabat silih ngucapaké "Taqobbalallahu minna waminkum" sing tegesé "muga-muga Allah nampa amalku lan amal panjenengan sadaya".
Panulisan sing bener:
Ucapan "Minal 'Aidin wal-Faizin" ora diprayogakaké supaya diucapaké ing dina riyaya, kaya déné Rasulullah ngucapaké "Taqabbalallahu Minna Wa Minkum" sing tegesé "Muga-muga Allah nampa (amalan-amalan) sing wis tak lakoni lan panjenengan sadaya lakoni".
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Minal 'Aidin wal-Faizin, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.