Magnèt

Magnèt, wesi berani utawa magnit yaiku obyek kang duwé médhan magnèt.

Tembung magnèt (magnit) asalé saka basa Yunani magnítis líthos kang tegesé batu Magnesian.Magnesia yaiku jeneng wewengkon ing Yunani ing jaman kapungkur lan saiki jenengé Manisa. Laladan iki saiki manggon ing wewengkon Turki). Ing laladan iki ngandhut watu magnèt kang tinemu wiwit jaman biyèn. Magnèt yaiku obyek utawa matéri kang duwé médhan magnèt. Matéri iki bisa awujud magnèt tetep utawa magnèt ora tetep. Magnèt kang saiki ana lumrahé kagolongaké magnèt gawéan. Magnèt duwé kutub kang cacahé loro yaiku kutub utara (north/ N) lan kutub selatan (south/ S). Sanajan mangnèt dikethok-kethok, magnèt kang wis dikethok-kethok mau tetep duwé rong kutub magnèt.

Magnèt
Magnet

Magnèt bisa narik barang liyané. Ana uga barang-barang kang ketarik kuwat karo magnèt tinimbang barang-barang liyané. Barang iki yaiku bahan kang digawé saka logam. Nanging saben logam siji lan sijiné duwé daya tarik kang béda-béda tumrap magnèt.Wesi lan waja kalebu logam kang duwé daya tarik kang kuwat karo magnèt, nanging oksigèn cair kalebu matèri kang duwé daya tarik kang kurang kuwat tumrap magnèt.

Magnet gaweyan

Magnèt gawéan yaiku magnet kang pancén sengaja digawé, magnèt gawéan iki kang lumrahé dianggo saiki.

Wujud magnèt gawèyan yaiku:

  • Magnèt U
  • Magnèt ladam
  • Magnèt batang
  • Magnèt lingkaran
  • Magnèt jarum (kompas)

Ngilangke sipat magnet

Cara ngilangaké sipat magnèt yaiku:

  • Dibakar.
  • Dibanting-banting.
  • Dithuthuk-thuthuk.
  • Magnèt diséléhaké ing solenoidayaiku kumparan kawat kang dhapuré tabung dawa kanthi lilitan kang rapet lan dialiri arus listrik bolak-balik utawa diarani arus listrik AC.

Cathetan suku

Tags:

Basa YunaniTurkiYunani

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Luna MayaGunung FujiJanet JacksonPangantènan adat JawaSurat Al MuzzammilDolanan bocahBetaljemur AdammaknaIndra BruggmanAbyasaMetaforaNoe LettoMohammad HattaLampraisIan KaselaCangkrimanDronaSurat Al 'AlaqꦪꦺꦴꦪꦺꦴSunan MuriaLumpiaGigi (Grup Musik)PawadonanBalabakIqbaal Dhiafakhri RamadhanGendhing1777KagunanGetihHarmonikaOrong-orongBoeing 747Rafael StruickRyu Jun-yeolSurat Al IkhlashWayback MachineHibiki ŌtsukiLibyaKanadhaWajikLayangTembungSitrusPasisir GadhingPananggalan JawaISO 3166-1Tudhung klitorisMacapatIrfan HakimAryo WahabLee Min HoViètnamIwak kutukSeth MacFarlaneCalon ArangWayang kulitMarcell SiahaanTembung panyeruPangkurKartiniJepangꦗꦼꦥꦿꦺꦠꦤ꧀Cempaka Putih, Jakarta PusatPerang LemponganSocaNasionalismeMozilla FirefoxMangsa katigaꦧꦏ꧀ꦱꦺꦏꦺꦴꦁRuslanTembung katranganTembung panyilahKayu legiWalandaMadrid23 Juli🡆 More