Leo Tolstoy

Leo Tolstoy iku sastrawan saka Russia.

Tolstoy lair ana ing Yasnaya Polyana, Ruslan Tengah, tanggal 9 September 1828. Séda ing 10 November 1910.

Leo Tolstoy
Leo Tolstoy
Tolstoy ing Mèi, 1908, patang sasi saurunge tanggap warsa kaping 80 (dipoto ana Yasnaya Polyana déning Sergey Prokudin-Gorsky; poto berwarana sepisanan dijipuk ana Ruslan)
LairLev Nikolayevich Tolstoy
(1828-09-09)9 Sèptèmber 1828
Yasnaya Polyana, Ruslann Empire
PatiNovèmber 20, 1910(1910-11-20) (umur 82)
Astapovo, Rusiann Empire
PakaryaNovelis, panganggit cerkak, esais, sastrawan, filsuf
BasaRusiann, French
BangsaRusiann
Mangsa1852–1910
Karya gedhéWar and Peace
Anna Karenina
A Confession
The Kingdom of God Is Within You
Resurrection
BojoSophia Tolstaya
Anak14

Tandha tanganLeo Tolstoy
recorded 1908

Ing taun 1851, Tolstoy pindhah ing Kaukasus banjur lumebu résimen artileri. Ing wektu iku, Tolstoy wiwit nulis sastra. Tolstoy duwé tékad mangertèni donya saindengé, banjur nyoba njlèntrèhaké kayakinan filosofis lan rélijiusé nganggo karya fiksiné lan latar wuri kadadéan donya. Ing taun 1910, Tolstoy séda ing stasiun sepur ing laladan kapencil.

Tolstoy kondhang amarga rong karyané, War and Peace lan Anna Karenina, kang dianggep novèl paling apik kang naté ditulis. Dhèwèké uga kondhang minangka guru moral lan agama.

Latar wuri

Tolstoy keturunan bangsawan kondhang ana 210 km kidul Moskow. Ibuné asma Mariya Nikolayevna, née Princess Volkonskaya, séda saurungé dhèwèké umur rong taun. Bapaké asma Nikolay Ilich, Graf (count) Tolstoy, séda taun 1837. Simbah putriné séda 11 sasi lebaré, banjur bu like Aleksandra taun 1841.

Tolstoy karo papat seduluré banjur diemong buliké ana Kazan, ana pérangan kulon Ruslan. Tatyana Aleksandrovna Yergoskaya (utawa "Bu Lik Toinetter" undang-undangané), duwé prabawa kang gedhé kanggo dhèwèké wektu nom-nomané. Karyané kang sepisanan, Destvo (1852; Childhood), ya iku fiksi lan pengalamané wektu bocah.

Pawiyatan

Tolstoy kadhaptar ana University of Kazan ing 1844 ana basa Oriental, diwulang déning tutor ana ngomah. Bijiné kang ora nyukupi meksa dhèwèké pindhah ana fakultas ukum kang kurang nuntut, dhèwèké nulis perbandingan the Spirit of LawsMontesquieu lan nakaz (instruksi kodhe ukum) Catherine II.

Dhèwèké seneng sastra lan étika, seneng karyané novèlis Inggris, Laurence Sterne lan Charles Dickens; lan, mligi, tulisané filsuf Prancis Jean-Jacques Rousseau.

Lebar metu saka universitas tanpa gelar, Tolstoy bali nèng Yasnaya Polyana, dhèwèké duwé rencana ndhidhik awaké dhéwé, ngurus omah-omahé, lan réwangé.

Taun 1851, dhèwèké bareng karo kakangé, Nikolay, perwira wadya, ana Kaukasus banjur lumebu wadya. Dhèwèké mèlu perang mungsuh pribumi lan Perang Crimea (1953-1856).

Pakaryan

Nom-nomané, dhèwèké nulis jurnal ngenani pangrembakan moral lan spiritualé. Dhèwèké makarya lan nemu tujuan uripé. Tuwané, cathetan mau dadi reflèksi langsungé ngenani tujuaning urip, diklumpukaké saka kadohan, kaorasampurnan, lan kasangsaraning urip.

Dhèwèké nemu lelipur ana tulisan-tulisan filsuf, téyologis, lan ilmuwan. Kang banjur ditulis ana Confession taun 1884. Dhèwèké nemu wawasan ana urip padinané wong tani Ruslan kang nyritakaké yèn saben wong kudu ngabekti marang Gusti tinimbang urip kanggo awaké dhéwé.

Ékskomunikasi

Nututi kondhangé Anna Karenina, Tolstoy ngrasa ora kepénak karo latar wuri aristokratis lan bandhané, kang marakaké krisis émosional lan spiritual. Dhèwèké banjur nekokaké kaprecayané marang agama kang diorganisir. Dhèwèké mandheng iku ngrusak interprétasi ajaran Yesus Kristus. Tolstoy nolak ritual rélijius, nékokaké/nyerang peran agama lan hak kepemilikan. Taun 1901, dhèwèké kena ékskomunikasi déning Gréja Ruslan Ortodoks.

Karya

Pratélan karyané Leo Tolstoy:
Childhood (1852)
Youth (1857)
Lucerne (1857)
Three Deaths (1859)
Khlostomer: The Story of a Horse (1863; 1886)
The Cossacks (1863)
War and Peace (1865-1869)
Anna Karenina (1875-1877)
An Examination of Dogmatic Theory (1880)
Union and Translation of the Four Gospels (1881)
What People Live by (1882)
What I Believe (1884)
My Confessions (1884)
Where Love is, God Is (1885)
How Much Land Does a Man Need (1885)
The Death of Ivan Ilyich (1886)
The Kreutzer Sonata (1891)
The Kingdom of God is within You (1893)
What is Art (1898)
Father Sergius (1898)
Ressurectiom (1899)
The Living Corpse (1900)
The Power of Darkness (1886)
Hadji-Murad (1904)

Cathetan sikil

Pranala njaba

Tags:

Leo Tolstoy Latar wuriLeo Tolstoy PawiyatanLeo Tolstoy PakaryanLeo Tolstoy ÉkskomunikasiLeo Tolstoy KaryaLeo Tolstoy Cathetan sikilLeo Tolstoy Pranala njabaLeo Tolstoy1018281910NovemberRussiaSastrawanSeptember

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JathilanRukun ImanXXX (filem 2002)Kim Hee SunSepur MajapahitRizky RidhoEdinburghWader cakulKoranWektu Universal KakoordhinasiStade de FranceBasa Arab MesirPlanètGas bumiFanny FabrianaIrigasiSastraWuduAlfred RiedlPartai Demokrasi Indonesia PerjuanganResi GotamaBrunéi DarussalamYoniISO 4217Chairul TanjungC++BovidaeKolombiaRaditya DikaDubaiKerja Sama Ekonomi Asia Pasifik1708Setatsiyun sepurErling HaalandPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaZlatan IbrahimovićPucungTugu KhatulistiwaAdeleWayangFilipinaMitoniBantar Gebang, BekasiPolaJulius CaesarHidrogenTurkiGasSrengéngéHappy AsmaraGadho-gadhoAndi Alfian MallarangengAtéisme1949AbimanyuNathan Tjoe-A-OnWayback Machine18891930JawaUni SovyètÈksistènsialismeKethoprakKulawarga (biologi)Sandra DewiTang XianhuDurga1876New MexicoSardiniaDelimaItilCamomileRépublik CinaHasyim Asy'arie🡆 More