Lawang Sèwu

Lawang Sèwu punika satunggaling gedhong ing Semarang, Jawa Tengah tilasipun kantor Nederlands-Indische Spoorweg Maatschappij utawa NIS.

Dipunbangun ing taun 1903 lan rampung ing taun 1907. Dumunung ing bunderan Tugu Muda, ing jaman rumiyin dipunsebat Wilhelminaplein. Masarakat kathah ingkang nyebat Lawang Sèwu (utawi ing Basa Indonésia tegesipun "seribu pintu"), amargi kathah kori lan cendhéla kang ageng lan wiyar. Nanging wonten ing kasunyatan saleresipun boten wonten satunggal èwu. Gedhong kina lan éndah punika gadhah kalih "lantai".

Lawang Sèwu
Lawang Sèwu ing wingking. Ing ngajeng katingal Tugu Pemuda

Sajarah

Lawang Sèwu 
Lawang Sèwu ing taun 1920-an
Lawang Sèwu 
Lawang sewu ing taun 2011

Sasampunipun kamardikan gedhong punika dipun-ginakaken dados kantor Jawatan Kereta Api Indonésia (DKARI) utawi sapunika dipunsebat PT KAI. Gedhong punika ugi naté dipun-ginakaken kanggé kantor Badan Prasarana Komando Laladan Militer (Kodam IV Diponegoro) lan ugi kantor wewengkon (Kanwil) Departemen Perhubungan Jawa Tengah. Wonten ing jaman perjuangan rumiyin gedhong punika gadhah cathetan piyambak, amargi dados seksi prastawa Pertempuran Lima Hari di Semarang. Tanggal 14 Oktober-19 Oktober 1945 gedhong Lawang Sèwu punika dados papan panggènan pertempuran antawisipun pemudha Angkatan Muda Kereta Api (AMKA) nglawan Kempetai lan Kidobutai, Jepang. Pramila Pamarentah Kitha Semarang kanthi SK Wali kutha 650/50/1992 ndadosaken Lawang Sèwu punika salah satunggaling yasan kina wonten ing tlatah Semarang lan kedah dipunlestantunaken.

Kaanan Sapunika

Sapunika gedhong ingkang sampun langkung 100 taun punika boten kaginakaken lan dados gedhong ingkang wingit. Nanging kala-kala dipunadani pameran, kados ta Semarang Expo lan Tourism Expo, lan wonten ingkang gadhah pamanggih bilih Lawang Sèwu punika dipundamel Hotèl. Wonten ing taun 2007 Lawang Sèwu punika dados "Lokasi Syuting Filem" ingkang irah-irahanipun sami kaliyan gedhongipun.

Gladri

Cathetan suku

Pranala njawi

Tags:

Lawang Sèwu SajarahLawang Sèwu Kaanan SapunikaLawang Sèwu GladriLawang Sèwu Cathetan sukuLawang Sèwu Pranala njawiLawang Sèwu19031907CendhélaJawa TengahKutha SemarangLawangTugu Muda

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

VermontMarcus RashfordWilliam ShockleyInternational Standard Serial NumberSujarah Maritim NuswantaraLadrangOrkestraBełchatówKarajan Sumedang LarangSulingBarabudhurWikisumberGambangRumeniArané pérangan awakCut Nyak MeutiaTedhak sitènLantanumAlyssa SoebandonoAsia-PasifikAlex FergusonKluwungMetaforaLeonardus Benjamin MoerdaniAlda RismaCilokTemu kunciIbu Kita KartiniWayang golèk1399NgupatSurat Al An’amIsraèlDenny CagurADO Den HaagDarius SinathryaHanyu PinyinAbad ping 20Tembung wilangan babonChristian BaleKaskusMesinSwèdhenGrahana srengéngéIwak maburTèknologiBaktèriPamrentahan Lurung GazaOrtodoksKodhe télépon internasionalFenerbahçe S.K.PaskahFerry MaryadiPratélaning nagara wisésaWikipédiaEmasMoorGisella AnastasiaSukulenMakruhHalogenWadhukRizky RidhoAsem asetat25 MaretRobotikaMercedes-Benz SLS AMGGuinéa-BissauTembung sesulihAlamat IPDian SastrowardoyoKalongManuel RoxasNagita Slavina1200🡆 More