Kutha Tangerang Kidul iku kutha ing Provinsi Banten, Indonésia.
Kutha iki diresmèkaké déning Mantri Dalam Negeri Indonésia, Mardiyanto, tanggal 29 Oktober 2008. Kutha Tangerang Kidul dumunung ing pérangan wétan Provinsi Banten lan kanthi administratif dumadi saka 7 (pitu) kacamatan, 49 (patang puluh sanga) kalurahan lan 5 (lima) désa kanthi jembar wewengkon 147,19 Km2. Miturut "Kabupatèn Tangerang Dalam Angka Taun 2007/2008", ambané wewengkon kacamatan-kacamatan sing dumunung ing Kutha Tangerang Kidul (sing banjur dijupuk dadi ambané wewengkon kutha Tangerang Kidul) iku ana 150,78 Km2 déné miturut Kompilasi Data kanggo Penyusunan RTRW Kutha Tangerang Kidul yaiku 147,19 Km2 kanthi princèn ambané saben kacamatan sing béda uga. Angka sing dipigunakaké yaiku 147,19 Km2 amarga miturut Undhang-undhang Nomer 51 Taun 2008 ngenani Pembentukan Kutha Tangerang Kidul ing Provinsi Banten. Wates wewengkon Kutha Tangerang Kidul yaiku: •Sisih lor wewatesan karo Provinsi DKI Jakarta & Kutha Tangerang •Sisih wétan wewatesan karo Provinsi DKI Jakarta & Kutha Dhépok •Sisih kidul wewatesan karo Kabupatèn Bogor & Kutha Dhépok •Sisih kulon wewatesan karo Kabupatèn Tangerang
Propinsi | Banten |
Pamaréntahan | |
Luas | {{{luas}}} |
Gunggung cacah jiwa | |
- Total | {{{penduduk}}} |
- Kepadatan | {{{kepadatan}}} |
Démografi | |
Pembagian administratif | |
Simbol khas daerah |
Wewengkon iki minangka pamekaran saka Kabupatèn Tangerang. Rencana pamekaran iki wiwitané saka warga ing wewengkon kidul kanggo nyejahterakaké masarakat. Ing taun 2000, sawatara tokoh saka kacamatan-kacamatan wiwit nyebut-nyebut Cipasera minangka wewengkon otonom. Warga ngrasa kurang dipigatèkaké déning Pamaréntah Kabupatèn Tangerang saéngga akèh fasilitas sing kapiran.
Tanggal 27 Dhésèmber 2006, Dewan Perwakilan Rakyat Laladan Kabupatèn Tangerang nyetujoni anané Kutha Tangerang Kidul. Calon kutha otonom iki dumadi saka pitung kacamatan, yaiku, Ciputat, Ciputat Timur, Pamulang, Pondok Arèn, Cisauk, lan Setu. Wewengkon iki sing ndunungi watara 966.037 jiwa.
Wates wewengkon Kabupatèn Tangerang karo calon Kutha Tangerang Kidul banjur
Kutha Tangerang Kidul dumadi saka 7 kacamatan, sing dipérang manèh dadi sawatara kalurahan. Sadurungé Tangerang Kidul minangka péranganing wewengkon Kabupatèn Tangerang, sabanjuré dikukuhaké minangka kutha ing tanggal 29 Oktober 2008.
Kutha Tangerang Kidul dumadi saka:
Laladan-laladan otonomi sing diresmèkaké ing tanggal sing padha yaiku:
Kutha | Provinsi | Populasi | Kutha | Provinsi | Populasi | |||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|
1 | Jakarta | DKI Jakarta | 9.607.787 | Kutha Tangerang Kidul | 7 | Dhépok | Jawa Kulon | 1.738.570 |
2 | Surabaya | Jawa Wétan | 2.765.487 | 8 | Semarang | Jawa Tengah | 1.555.984 | |
3 | Bandung | Jawa Kulon | 2.394.873 | 9 | Palembang | Sumatra Kidul | 1.455.284 | |
4 | Bekasi | Jawa Kulon | 2.334.871 | 10 | Makassar | Sulawesi Kidul | 1.338.663 | |
5 | Medan | Sumatra Lor | 2.097.610 | 11 | Tangerang Kidul | Banten | 1.290.322 | |
6 | Tangerang | Banten | 1.798.601 | 12 | Bogor | Jawa Kulon | 950.334 |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kutha Tangerang Kidul, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.