Kertu Tarot

Kertu tarot (pisanan dikenal minangka trionfi lan sakbaré minangka tarocchi, tarock, lan liya-liyané) iku sak kelompok kertu digunakaké saka tengahaning-abad angka 15 ing warna-warna péranganing Éropah kanggo dolanan, kaya ta Itali karan tarocchini lan ning Prancis, Prancis tarot.

Ing pungkasan abad angka 18, iku wiwit kanggo golèk wangsit ing bentuk saka tarotologi/kartomansi.

Kertu Tarot
Tarot Visconti-Sforza

Kaya lumrahé maén kertu, tarot nduwé papat golongan (kang béda-béda miturut tlatah: golongan Prancis ing Éropah Lor, golongan Latin ing Éropah Kidul, lan golongan Jerman ing Éropah Tengah). Saben golongan nduwé 14 sim, kanthi sepuluh kertu dinomeri saka siji (utawa Ace) tekan sepuluh lan papat kertu tokoh (Raja, Ratu, Satriya, lan Wadung). Kajaba iku, ing tarot wis kapisah dadi 21-kertu trump lan kertu cacah siji sing diarani Gemblung/wong Bodho. Gumantung ing permainané, wong Bodho bisa dadi urutan ndhuwur trump utawa bisa diputer kanggo ngéndani golongan sawisé.

Kertu tarot sing digunakaké ing saindhenging Éropah akèh-akèhé kanggo dolanan gim kertu. Ing nagara sing nggunakaé basa Inggris, kertu tarot iki ora kanggo dolanan, nanging kertu tarot kanggo maca nasib/ngramal/divinasi (divinatory). Kertu Trump lan wong Bodho kérép karan "mayor arcana" utawa arkana mayor, nalika sepuluh kertu lan papat kertu tokoh ing saben set uga karan " minor arcana" utawa arkana minor. Kertu-kertu iki dilacak karo panulis mistik ngarah ing Mesir kuna utawa Kabbalah nanging durung ana bukti-bukti kang nyathet keasliyané utawa panganggoné kertu tarot dinggo ngramal sakdurunge abad angka 18.

Étimologi

Tembung tarot lan basa Jermané,Tarock dijupuk saka basa Italia tarocchi, nanging asalé tembung durung pasti. Sumberé saka tembung tarocco, kang tegesé jinis jeruk getih ing basa Italia anyar. Ono téyori sing ngubungké karo Kali Taro ing Italia lor; permainan iki dikira-kira asalé saka Milan utawa Bologna. Panulis liyané pracaya yèn iku asalé saka basa arab tembung طرق turuq, kang tegesé 'cara'. Arti liyané, iku bisa saka basa Arab ترك taraka, 'kanggo ninggal'.

Sajarah

Gim kertu lumebu kawitan ing Éropah ing pungkasaning abad kaping 14, akèh-akèhé saka Mamluk Mesir, nggunakaké istilah Batons utawa gitik Polo (lumrahé dijenéngi Sada Lanang karo para iladuni utawa tarot divinasi), Koin (lumrahé dijenéngi disks, utawa pentacles ing iladuni utawa tarot divinasi), Pedhang, lan Cangkir. Set iki padha karo tarot divinasi anyar lan isih digunakaké ing permainan kertu tradhisional Italia, Spanyol lan Portugis .

Cathetan pisanan dhéwé bab pak-pakan tarot kacathet antarané 1430 lan 1450 ing Milan, Ferrara lan Bologna nalika tambahan kartu trump nganggo ilustrasi pralambang padha ditambahaké ing pak papat kelompok umum. Pak-pakan anyar iki diarani carte da trionfi, kertu kemenangan, lan kertu tambahan diarani trionfi, kang dadi "trumps" ing Inggris. Kertu-kertu iki dicathet ing pratèlan kang katulis ing cathetan karaton ing Florence, ing 1440. Kertu tuwa dhéwé ingkang isih ana dilukis ing pertengahan abad angka 15 kanggo kulawarga Visconti-Sforza, panggedhé saka Milan. Ing abad-16, gim anyar dilakokaké nganggo kertu standar nanging jenengé isih padha mbiyen (triomphe) iki rikat dadi populer. Wektuné bebarengan karo gim lawas kang jenengé tarocchi.

Telu dek sing populer neng jero tarot esoterik yaiku tarot Marseilles, dek tarot Rider-Waite-Smith, lan dek tarot Thoth. Nanging, saiki tarot paling populer yaiku tarot Rider-Waite-Smith sing digawe dening A. E. Waite lan ilustrator Pamela Colman Smith.

Kertu Tarot 
Le Bateleur: Ing Juggler saka Jean Dodal Tarot saka Marseilles. Kertu iki asring dijenengi Pesulap ing tarot basa inggris modern

Cathetan

Rujukan

  • Huson, Paul, Mystical Origins of the Tarot, Destiny Books, 2004, ISBN 0892811900.
  • Nichols, Sallie, Jung and Tarot: an Archetypal Journey, York Beach: Weiser, 1980
  • Douglas Alfred The Tarot Penguin Books 1972
  • Robert Mazlo, A la recherche du Tarot perdu. Les tablettes d'Hermès, Ramuel Ed., 1998, ISBN 2910401863.
  • Nancy Garen, Tarot Made Easy., Fireside; Published by Simon & Schuster 1989 ISBN 0671670875
  • Jane Lyle, The Renaissance Tarot., Fireside: Published by Simon & Schuster, 1998 ISBN 9780684854908

Tags:

Kertu Tarot ÉtimologiKertu Tarot SajarahKertu Tarot CathetanKertu Tarot RujukanKertu TarotItaliÉropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Dion WiyokoPusisi cumbanaDiego CostaSistem sarafKabiskopan Agung Mérida-BadajozTyson GayAlexander IsakSang Hyang WenangGisella AnastasiaUkara gothang601PelaminanAsem asetatPasteurisasiYati OctaviaNitrogenSuryadi AsmiRonal SurapradjaSurat Al 'AlaqPancasilaDhadhuHajar AswadSepur Argo LawuDwi SasonoYohanesYogyakartaSurjanGunung LawuYuni SharaYovie WidiantoMasjid Raya BaiturrahmanSonyWikisumberSosiawan LeakReply 1988Mikul dhuwur, mendhem jeroWunguZeusBundesligaJordi AlbaGeorge III saking Britania RayaBasa PrakretaOmah Anugrah Ki Purbo AsmoroKresnaGisik KulonMarsBoris BokirLaksaInternational Standard Serial NumberToni KroosCenilKuciwoJepangFerry MaryadiTaman Sari NgayogyakartaSurya SaputraPaus Yohanes XXIIIISO 3166-1Rizky RidhoGathotkacaHiraganaElon MuskYi Sun-sinGunung PapandayanFrankfurtSoekarno DjojonegoroGirona FCPitulasanIrfan HakimMaricaAksara CarakanWikisastra🡆 More