Kertawarma

Kertawarma (Sanskerta: कृतवर्म; Kṛtavarmā) utawa Kritawarman ya iku salah siji paraga ing carita Mahabharata.

Kertawarma
Kretawarma dalam versi pewayangan Jawa
Kretawarma dalam versi pewayangan Jawa
Déwanagari: कृतवर्म
Jeneng liya: Kritawarman
Golongan: Wangsa Wresni-Yadawa
Asal: Karajan Dwaraka

Kertawarma kagolong Wangsa Wresni utawa Yadawa kang béla Korawa ing perang Baratayuda.

Ing carita wayang Jawa, kertawarma ora dadi balané Korawa, nanging isih mèlu kulawarga Korawa.

Miturut carita Mahabharata

Kertawarma iku putra saka Herdika ratu Karajaan Bhoja, kang isih keturunan bangsa Wresni, padha karo Kresna lan Setyaki. Ing perang Baratayuda, Kertawarma bela Korawa, nanging Kresna lan Setyaki mbéla Pandhawa.

Sawisé perang rampung, bala Korawa kang sisa mung Kertawarma, Krepa, lan Aswatama. Aswatama duwé idhé kanggo nganakaké perang ing pandhawa ing tengah wengi.

Nalika wengi iku Aswatama lumebu ing kémahé pandhawa, nanging Kertawarma lan Krepa ngentèni ing jaba. Ing kono Aswatama kasil matèni Drestadyumna, Srikandi, Yudamanyu, Utamauja, lan Pancakumara. Banjur Kertawarma lan Krepa bali.

Telung puluh nem taun sawisé kadadéan iku, Kertawarma nganakaké pista bareng bangsa Wresni utawa Yadawa. Nalika mabuk Kertawarma lan Setyaki padha-padha ngécé. Setyaki ngomong yèn Kertawarma ora waninan, amarga nyerang kémahé pandhawa ing tengah wengi. Lan Kertawarma ngomong yèn Setyaèki uga curang nalika matèni Burisrawa kang lagi tapa.

Setyaki kang wis mabuk banjur nyembelih Kertawarma. Matiné Kertawarma iki sing ndadèkaké pista iku dadi perang sadulur lan kabèh taèmu mati.

Versi Pewayangan Jawa

Ing carita wayang Jawa, paraga Kertawarma utawa asring diéja Kartawarma iku putra saka pasangan Dretarastra lan Gandari. Ateges, Kertawarma ing carita wayang Jawa iku salah siji saka Korawa.

Ing pamréntahan Duryudana, Kartamarma dadi Juru Panitisastra, utawa padha karo juru tulis Astinapura. Uripé bebarengan karo Kasatriyan Tirtatinalang.

Sawisé perang Baratayuda rampung, Kartamarma mbalik menyang Astina kanggo marani bojoné Duryudana, Banowati. Nanging ing kono Banowati arep dipatèni Aswatama, amarga dianggep béla Pandhawa, jalaran saka iku kang ndadèkaké perang ing antarané.

Perang antarané Aswatama lan Kartamarma mandheg amarga Banowati lumayu lan dipapak déning Arjuna. Banjur Aswatama lan Kartamarma rukun, banjur wong loro mau ketemu Krepa kang mènèhi kabar yèn Duryudana mati.

Aswatama, Kartamarma, lan Krepa banjur nyerang kémahé pandhawa ing tengah wengi. Saka kedadéan iku Aswatama, Kartawarma, lan Krepa bisa matèni Srikandi, Drestadyumna, Pancawala, lan juga Banowati.

Aswatama mati nalika arep matèni Parikesit, putuné Arjuna kang isih bayi. Krepa kecekel nanging Kartamarma bisa lumayu. Bimasena banjur bisa nyekel Kartamarma banjur digebug nganti arep mati.

Kresna kang ngamuk ngutuk Kartamarma bakal reinkarnasi dadi kéwan kang ala. Kutukané Kresna kedadean, banjur Kartawarma urip manèh dadi cacing.

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa

Tags:

BaratayudaKorawaMahabharata

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat Al LahabProvinsi PescaraAlbaniDinosaurusNatrium hidroksidaBabatAksara CarakanAloo parathaLonthong kupangAndre TaulanySurat Al 'AlaqOstraliTawangmangu, KaranganyarAsuVolansAtropinTembung YogyaswaraNgilé, Tulakan, PacitanGeisha (Grup Musik)MekahBal-balanGibran RakabumingMarco van BastenRebut balung tanpa isiRahwanaKudisCiputraMacaKutha PurwakertaGuritaSutradharaRambut pubisFuji Electricꦱꦸꦏꦼꦠ꧀Arief Yudi RahmanCangkrimanJesse JamesAlgoritmaSepurKabupatèn KonawéKinanthiDolanan bocahFungisidaBulusKaskusBanjirAryo WahabLonthongPranatanAmmanLionel MessiPasamuan ing ÉropahRowan AtkinsonBasa Malayu ManadoMus MulyadiUyon-uyonMengiÉjaan Basa JawaPelécéhan sèksualKayu legi5 DhésèmberMartin LutherUla marani gebugWadonPeanutsApple Inc.ArjunaJurudemungKim Soo-HyunRujak CingurBendi🡆 More