Kendhuri

Kendhuri (uga sok diarani kendhurèn lan kondangan) iku sajatiné upacara slametan utawa syukuran.

Yèn ana wong Jawa kang nduwé khajatan, racaké ana kendhuri amarga kang diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining lelaku kang wigati. Acara iki racaké dadi rangkéyaning acara kelairan, khitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki lumrahé uga diarani resèpsi.

Kendhuri
Wong-wong ndedonga ing acara kendhuri (1931).

Acara utama sajeroning upacara kendhuri yakuwi wujud ritual ndedonga marang Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap kang gadhah kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku racaké padha maca Surah Yasin.

Undhangan

Sing diundhang ing acara kendhuri lumrahé kerabat utawa sadulur, tangga tepara, kanca lan wong liya kang dikenal, lan kang diundhang lumrahé bapak-bapak utawa wong lanang. Yèn ibu-ibu uga diundhang, racaké wektuné dipisah. Ing kutha gedhé, undhangan kendhuri lumrahé dicampur antarané bapak-bapak lan ibu-ibu.

Pasugatan

Kendhuri 
Tumpeng slametan ing acara kendhuri.

Sing disuguhaké sajeroning acara kendhuri racaké wujud panganan tradhisional, ing antarané sega kuning, jajan pasar lan liya-liyané. Jaman saiki suguhan kendhuri ditata ing sakdhuwuring méja kang amba. Yèn kendhuriné wis rampung, tamu-tamu kang rawuh lumrahé dibekeli bèsèk utawa berkatan sega kendhuri.

Cathetan suku

Tags:

KhitananSlametanWong Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Calon ArangSeventeen BandSosialismeTata SuryaSinarmas GroupDrijiWong BèrbèrGatot NurmantyoMuhammad SangiduAirbus A320Sutan Takdir AlisyahbanaAngkatan Pertahanan IsraelArtikelOkeVisionMarxismeDramaKatakanaSurat Adh DhuhaKleponKartini (filem)Diego MaradonaPai flapperIrfan HakimWikisumberSalam Lintas AgamiVermouthAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)WikisastraSengkalanIan KaselaAgustus 2011Shahrukh KhanMitologi RomawiGunung Klabat1970-anGetafe CFGemblongJalaluddin RumiXabi AlonsoIskak Darmo SuwiryoKaskusPoliandriÈnsiklopédhiJaringsanaBekicotParis Saint-Germain FCChibi Maruko-chanMahaka MediaImamSrikayafilsafatRadja NainggolanDhakonRoger DanuartaVeve ZulfikarBendar, Juwana, PathiTirto UtomoTimor PortugisSusi AirBasa InggrisConfettiBaladéwaBumiAlina KukushkinaTembung wodHafiz IndonesiaStegosaurusBuckminster FullerSandy WalshNew General CatalogueSunan BayatAmel Carla800Erling Haaland🡆 More