Kawis

Kawis (Limonia acidissima syn.

Kawis
Kawis
Woh kawis
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Sapindales
Famili: Rutaceae
Génus: Limonia
L.
Spésies: L. acidissima
Jeneng binomial
Limonia acidissima
L.

Tetuwuhan sing dimupangataké wohé iki wis arang ditemoni sanadyan saiki sapérangan laladan wiwit ngembangaké. Asalé saka India kidul nganti tekan Asia Kidul-wétan lan Jawa. Kawis wujud salah siji woh asli Rembang, Jawa Tengah.

Kawis uga bisa diarani Java Cola amarga rasané kang kaya Cola..Kawis uga bisa diarani Java Cola amarga rasané sepet, legi tur seger kaya Cola.

Kawis rélatif tahan kaanan ala (garing utawa lemah salin) lan lemah lelara. Kawis cocog yèn urip ing laladan sing garing..

Pamerian

Woh warna soklat semu ireng iki uga bisa ditemoni ing Pati lan Tuban.. Dhapuré kaya melon nanging luwih cilik lan kulité atos.. Dhapuré kaya melon nanging luwih cilik lan kulité atos.. Tandhané yèn kawis wis mateng temenan ya iku yèn wis tiba saka wité.

Wité cilik lan dhuwure kira-kira bisa nganti 12 mèter..Epangé kawis cilik lan ana eriné..Godhongé dawa kira-kira nganti 12 cm..kembangé nggrombol kanthi warna putih utawa ijo lan abang..

Mupangat

Kawis bisa diolah dadi sirup lan limun.. Ing Kabupatèn Rembang dikembangaké sirup kawis.

Kulit kawis sing atos ora ndadèkaké suda khasiaté, kawis tetep aman dikonsumsi. Carané mangan kawis ora angèl..Kawis bisa dibuka kanthi dibanting ing jogan sing rata tur resik..Yén mbanting aja seru-seru nanging tetep migunakaké tenaga nganti kawis iku pecah dadi loro.Daging woh sing wernané soklat semu ireng iki uga bisa dipangan kanthi ditambahi gula.

Kawis saliyané bisa dipangan langsung uga bisa diolah dadi sirup lan dodol.. Woh kawis bisa dadi obat panas lan lara weteng. Kulité kawis bisa dadi campuran jamu lan obat yèn bar dientup tawon..

Kawis bisa dipigunaké minangka watang ngisor kanggo jeruk, nanging mangaruhi rasa woh jeruk sing diasilaké. Woh jeruk sing kaya mangkéné iki ditepungi minangka "kajer" (saka "kawista" lan "jeruk") lan bisa ditemoni ing Galis, Madura.

Cathetan sikil

Uga delengen

  • Kawis watu

Tags:

Kawis PamerianKawis MupangatKawis Cathetan sikilKawis Uga delengenKawisAsia Kidul-wétanIndiaJawaJawa TengahMajaRembangRutaceaeSinonimWoh

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

UrangutanWayang bèbèrBale Sigala-galaAndy LauPakunjaranSastraꦱ꧀ꦮꦫHabib Muhammad Luthfi bin YahyaUnit 731PayudaraFilemLee Min JungPerang BubatIsabeau saking BavariaPenggarisꦥꦸꦱꦸꦠ꧀Praja SriwijayaSalam Lintas AgamiAbimanyuYuen BiaoYupiterGunung WilisFilippo InzaghiKempyangWiki CommonsImam BukhariAlbert EinsteinSabuk astéroidRichard StallmanIbu Kita KartiniGunung BaturWirangrongPrastawa BudayaSepasaranNoe LettoAlamMarsKapulagaLangitPangeran AntasariZhang ZuolinGunung Rinjani633Tom CruiseElipsWignyanTedhak sitènLionel MessiBlogBundesligaAfrika Bagéyan KidulKim Soo-HyunSistem koordhinat géyografisGaruda Wisnu KencanaPurwakanthi1982MitoniBarRocket RockersCumbanaHagia SophiaBani UmayahTimahHimalayaGunung IjenAri SigitLemperMacapatMia KhalifaPusisi cumbanaFardhu 'ainBèsèk🡆 More