Jonas Edward Salk

Jonas Edward Salkya iku penemu vaksin polio.

Jonas Edward Salkya iku penemu vaksin polio.[1] Polio ya iku lelara kang disebabake déning virus kang bisa ndadèkaké kalumpuhan utawa kepaten.[1] Jonas Edwar Salk lair ing New York tanggal 28 Oktober 1914.[1] Dhèwèké nerusaké sekolah menengahe ing Townsend Harris High School lan nerusaké ana ing City Collage of New York nganti éntuk gelar BSc, dhèwèké nerusaké sekolahé anan ing New York University, ing jurusan kadhokteran, nganti éntuk gelar dhokter nalika taun 1939.[1] Banjur dhèwèké nyambut gawé ana ing Mount Sinai School of Medicine, New York.[1] Ing taun 1942, dhèwèké nyambut gawé ing laboratorium virus bebearengan karo Dr. Thomas Francis, Jr. ing Universitay of Michigan.[1] Nalika iku, Dr. Thomas kang ahli mikrobiologi, lagi gawé vaksin influenza.[1] Wong sakloron padha naymbut gawé bebarengan, lan ngembangaké vaksin kang digunakaké militèr nalika Perang Dunia II.[1] Ing taun iku, dhèwèké uga éntuk beasiswa panaliten lan éntuk kalungguhan minangka asisten professor epidemologi ing University of Michigan.[1] Limang taun candhaké, Salk ngalih ana ing Pittsburgh.[1] Ing kutha iki, dhèwèké ngulang lan mimpin laboratorium virus ing University of pittsburg.[1]

SalkatPitt.jpg

Ing taun 1952, dhèwèké kasil anggoné gawé vaksin.[2] Salk tinggal donya tanggal 23 Juni 1995 ing La Jolla.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 173]
  2. a b [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 175]

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Jonas Edward Salk, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.