Jane Goodall

Dame Jane Morris Goodall, DBE (/ˈɡʊdˌɔːl/; jeneng lengkapé Valerie Jane Morris-Goodall, lair tanggal 3 April 1934), sadurungé dikenal Baroness Jane van Lawick-Goodall, ya iku primatolog, etolog, anthropolog, kalairan Inggris, lan UN Messenger of Peace.

Kaanggep dadi pakaring simpanse paling mumpuni ing sadonya, Goodall kawentar amarga dhèwèké nyinanoni unsur sosialé lan interaksi antaraning kulawarga simpanse-simpanse alasan ing Gombe Stream National Park, Tanzania, sing suwéné nganti 55 taun. Dhèwèké ya iku  Jane Goodall Institute lan program Roots & Shoots, lan uwis makarya kanthi ekstensif bab prakara konservasining lan karaharjaning kéwan. Dhèwèké uwis ngabdi dadi anggota dewan ing Nonhuman Rights Project  awit payasané ing taun 1996.

Kawiwitané

Valerie Jane Morris-Goodall lair ing taun 1934 ing kutha London sing wong tuwané ya iku Mortimer Herbert Morris-Goodall, wong dagang, lan Margaret Myfanwe Joseph, panganggit novèl sing nganggit nganggo jeneng Vanne Morris-Goodall.

Nalika isih cilik, dhèwèké diwénéhi bonéka kéwan simpanse sing persis karo wujud asline diarani Jubilee déning bapaké; remening dhèwèké marang dolanan iku mau ngawali katresnaning dhèwèké marang donya kéwan. Saiki, bonéka iku mau isih ana ing mejané dhèwèké ing London. Kaya katulis ing bukuné, sesirahé, Reason for Hope: “My mother’s friends were horrified by this toy, thinking it would frighten me and give me nightmares” (kanca-kancaning biyungku kaget ndhelok dolanan iku, ndarani yèn iku bisa medén-medéni awakku lan marai aku ngimpi sing ora nggenah). Goodall dhuwé adi wédok, jenengé Judith, sing ambal warsané padha, sanajan lair petang taun sawisé dhèwèké.

Afrika

Goodall uwis tresna marang kéwan-kéwan lan Afrika, sing nggawa dhèwèké menyang gubug dhuwéné kancané ing dataran tinggi ing nagara Kenya ing taun 1957. Saka kana, dhèwèké makarya minangka sekertaris, lan nuruti pituduhé kancané, dhèwèké nelpon Louis Leakey, arkeolog lan palaeontolog asli Kenya, ora ana niyatan liya ananing supaya bisa ketemu kanggo mbahas bab kéwan-kéwan. Leakey, sing percaya manawa nyinaoni kethék-khethék gedhé sing isih urip nalika iku bisa nyediani indhikasi-indhikasi mloka-lumakuning hominid-hominid awal, lagi nggolék lan butuh paneliti simpanse, sanajan ngono dhèwèké nyimpen gagsan iku mau mung kanggo dhèwèké. Dhèwèké, malah, kepéngin Goodall makarya kanggo dhèwèké minangka sekretaris. Sawisé nampa restun saka bojoné Mary Leakey, Louis ngutus Goodall menyang Olduvai Gorge ing Tanzania, laladan kanggo rantamané dhèwèké.

Ing taun 1958, Leakey ngutus Goodall menyang London kanggo sinau bab kelakuan-kelakuaning primata (kethèk-kethèk) karo Osman Hill lan anatomining primata karo John Napier. Leakey ngumpulaké wedana, lan ing tanggal 14 Juli taun 1960, Goodall lunga menyang Gombe Stream National Park, dadi sing sing banjur diarani The Trimates. Dhèwèké dikancani ibuné, ananing ibuné iki perlu kanggo nuruti tuntutaning David Anstey, kepala sipiré, sing merdulékaké kaselamataning dhèwèké; Tanzania diarani "Tanganyika" nalika iku lan lumebu daerah protektorate nagara Inggris.

Leakey ngrancanakeké pangumpuling wedana lan ing taun 1962, dhèwèké ngutus Goodall, sing ora dhuwé gelar, sekolah menyang Cambridge University. Ing sekolah iku, dhèwèké éntuk gelar PhD ing etologi. Dhèwèké dadi uwong kawolu sing diolehaké kanggo sinau kanggo gelar PhD ning kana tanpa kudu dhuwé gelar BA or BSc dhisik. Tésisé dhèwèké rampung ing taun 1965 sing dibimbing déning Robert Hinde, sadurungé olèh gelar master saka St. John's College, Cambridge. Tésisé Goodall sesirahé “Behaviour of the Free-Ranging Chimpanzee”, sing kanthi dhetil jarwakaké pengalaman limang taun sinau ing Gombe Reserve.

Rujukan

Tags:

Antropologi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

9 AprilVidi AldianoSinarmas Group2002Pantun gagaYérusalemAnnisa TrihapsariWong Simalungunꦝꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀RMS TitanicEra Wulan Watu TanaWiki CommonsJatiasih, BekasiBaronganNovia KolopakingBasa SilesiaBoomerang (Grup Musik)NarkobaAmoniaParlemèn Karajan ManunggalLiga Super IndonésiaNoe LettoSawahXi JinpingMarco AsensioJPM SurabayaSepur KertanegaraBilyarSARS-CoV-2Command Prompt (Windows)Winter's BoneTedhak sitènBayer 04 LeverkusenKarbonOstraliPageblug Covid-19Delima1997Álvaro BautistaKabupatèn Intan JayaMacan (shio)David CameronBathara SuryaKemisLelara koronavirus 2019Tahu gimbalNexmediaAngkatan Pertahanan Israelꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀FyordAnang HermansyahThaiMinal 'Aidin wal-FaizinFC PortoGuinéa-BissauFachri AlbarPalananganXabi AlonsoTépachéGlagah, LamonganBauwarnaWishnutamaJesse JamesEidsmoenSumbadraKucingMuhammad Arsyad al-BanjariUniversitas Stanford🡆 More