Istana Merdeka

Istana Merdeka ya iku papan resmi panggénan lan kantor Présidhèn Indonésia kang dumunung ing sakomplèks karo Pura Negara lan Bina Graha.

Istana Merdeka madhep Taman Monumen Nasional (Monas) Jalan Medan Merdeka Utara, Jakarta.

Istana Merdeka
Litografi pura Rijswijk ing taun 1880-an

Pura kang ambané 2.400 m² diyasa nalika jaman pamrintahan Gubernur Jènderal J.W. van Lansberge taun 1873 ing kaveling kang isih sapanggonan karo Pura Rijswijk. Ing pisanan, Istana Merdeka ajejuluk Istana Gambir. Pura kang diarsitèki déning Drossaers ing wiwitan jaman pamrintahan Républik Indonésia (RI) tau dadi saksi sajarah penandatangonon naskah pengakuan kedaulatan Rèpublik Indonèsia Serikat (RIS) déning Pamrintah Walanda tanggal 27 Dhésèmber 1949. Nalika iku RI diwakili déning Sri Sultan Hamengkubuwono IX, déné kraton Walanda diwakili A.H.J. Lovink, wakil tinggi makutha Walanda ing Indonèsia.

Nalika upacara kang mengharukan iku, géndera Walanda dimudhunaké lan gendéra Indonèsia diunggahaké mendhuwur. Atusan èwu wong ngebaki lapangan lan andha-andha gedhong Pura kanthi meneng kaya patung banjur mbrambang nalika gendéra Abang Putih diunggahaké. Nanging, nalika gendéra Abang Putih wis tekan dhuwur, kabèh wong padha bungah, banjur keprungu swara: Merdeka! Merdeka! Wiwit iku Istana Gambir dijenengi Istana Merdeka.

Sedina sawisé pengakuan kedaulatan déning kraton Walanda, tanggal 28 Dhésèmber 1949 Prèsidhén Soekarno sakeluarga teka saka Yogyakarta lan kaping pisanan iku manggoni Istana Merdeka. Pèngetan Dina Proklamasi Kamardhikan Indonèsia 17 Agustus ing Istana Merdeka kaping pisanan dianakaké ing taun 1950. Saliyané Prèsidhén Sukarno, kang manggoni Pura iki ya iku Prèsidhén Abdurrahman Wahid lan Prèsidhén Susilo Bambang Yudhoyono.

Saiki Istana Merdeka kanggo acara-acara kenagaraan, kaya déné Pengetan Detik-detik Proklamasi, upacara penyambutan tamu nagara, penyerahan surat-surat kepercayaan duta besar nagara sahabat, lan pelantikan perwira mudha (TNI lan Polri).

Wiwit taun 1975, karaméan Dina Kamardhikan Indonèsia dipindhah saka Istana Merdeka menyang Monumen Nasional.

Galeri

Uga delengen

  • Pura Negara
  • Bina Graha
  • Pura Présidhèn Républik Indonésia

Pranala njaba

Tags:

JakartaMonumen Nasional (Monas)Présidhèn Indonésia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kangen Band (Grup Musik)Gibran RakabumingCublak-cublak suwengNokénSitrusAbu HurairahSinarmas GroupBarabudhurBagongPandhitaThe BeatlesTèknologi informasiKakawin ArjunawiwāhaMojito isleñoBiologiꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮDesy RatnasariSMK Negeri 2 BloraPerang Donya IIKompiTom CruiseWiki CommonsCalungKabiskopan NamibeEton messNakulaClint EastwoodKempyangSesebutan bangsawan JawaUnggah-ungguh mertamuTembung krama inggilSarah AzhariTwitterSepongKabupatèn SarolangunAnies BaswedanBir PletokGSlowakiaꦌꦤꦏ꧀Adinia WirastiMaria VaniaGula klapaKulawarga (biologi)The Longest Ride (filem)MaricaRukun ImanYogyakarta21 AprilDhomain publikFerdinand MarcosKaliwadas, Sumber, CirebonPrisoners (filem 2013)Paula VerhoevenHaruka NakagawaPenyanyiTom HollandBekicotWikiquoteRengginangIwak buntakSetatsiyun KuthaarjaYupiterSèngBebrayanChibi Maruko-chanKumarinAncasGudhegPokémon (anime)Kepanjen, Gumukmas, JemberJay IdzesHafniumVicky NitinegoroSemar🡆 More