Isaac Asimov
Isaac Asimov , kurang luwih ing 2 Januari 1920 – 6 April 1992)
Isaac Asimov (shtetl Petrovichi ing Smolensk Oblast, RSFSR (Ruslan), kurang luwih ing 2 Januari 1920 – 6 April 1992) iku ahli biokimia Amérikah Sarékat kalairan Ruslan, sing uga siji panulis sing suksès banget lan prodhuktif banget. Dhèwèké misuwur banget amarga karya fiksi ilmiah lan buku sains kanggo wong awam. Karya Asimov sing misuwur dhéwé iku Séri Dhasar (Foundation Series), sing digabung dadi rong séri liyané, Séri Karajan Galaksi (Galactic Empire Series) lan Séri Robot (Robot Series).
Asimov uga misuwur déning hukumé: Three Rules of Robotics.
Babad slira
Asimov dilahiraké kurang luwih ing tanggal 2 Januari 1920 (iki tanggal kelairané kanggo kaperlon resmi, awit tanggal kelairané sing tenan ora dingertèni) ing shtetl Petrovichi, Smolensk Oblast, Ruslan. Wong tuwané ya iku pasangan Anna Rachel Berman Asimov lan Judah Asimov, siji kulawarga Yahudi sing nyambut gawé ing siji penggilingan. Banjur kabèh padha pindhah menyang Amérikah Sarékat nalika dhèwèké umuré telung taun. Isaac Asimov tumuwuh ing Brooklyn, New York, dhèwèké bisa sinau maca nalika umuré limang taun. Wong tuwané nduwé toko permèn lan ngarepaké supaya kabèh anggota kulawargané bakal nyambut gawé ing kono. Asimov wiwit ndeleng lan maca kalawarta-kalawarta fiksi èlmiah ing toko iku. Nalika Asimov remaja, dhèwèké wiwit nulis ceritané dhéwé lan banjur ngedol ing kalawarta-kalawarta fiksi.
Asimov banjur kuliyah lan lulus saka Universitas Columbia ing taun 1939 lan olèh gelar dhoktor (Ph.D.) ing babagan kimia nalika ing taun 1948. Dhèwèké banjur nggabung karo fakultas Universitas Boston, ing endi dhèwèké dadi pegawé honorèr, dudu pengajar. Universitas Boston banjur mandheg ngwèhi gaji ing taun 1958, nalika gajiné saka kasil tulisané ngluwihi gajiné olèhé ngajar. Banjur Asimov diangkat dadi profèsor enom lan pangkaté diunggahaké dadi profèsor penuh ing taun 1979. Wiwit taun 1965, tulisan-tulisan pribadiné wis diarsip ing Kapustakan Pèngetan Mugar (Mugar Memorial Library) ing universitas iku. Banjur ing taun 1985, dhèwèké dadi Présidhèn Asosiasi Humanisme Amérika lan fungsi iki tetep dijabat nganti patiné ing taun 1992; sing ngganti banjur kanca lan uga koléga penulis Kurt Vonnegut, Jr.
Asimov omah-omah karo Gertrude Blugerman ing tanggal 26 Juli 1942 lan pinaringan rong putra: David (1951) lan Robyn (1955). Banjur sawisé pisah rada suwé, Asimov pegatan ing taun 1973. Banjur Asimov kawin manèh karo Janet O. Jeppson ing pungkasané taun iku.
Asimov tilar donya ing tanggal 6 April 1992. Dhèwèké nilar bojo enomé lan anaké loro. Sepuluh taun sawisé tilar donya, Janet nulis biografi Asimov sing ajudhul It's Been a Good Life, yèn olèhé tilar donya iku disebabaké déning lelara AIDS; Asimov ketularan virus HIV saka siji transfusi getih nalika kudu operasi bypass jantung ing taun 1983. Panyebab patié sing sajati iku gagal jantung lan ginjel sing diakibataké déning AIDS. Janet celathu yèn para dhokter awèh saran supaya Asimov ngrahsyakaké lelara. Nanging para dhokter iki padha maido lan wicara yèn Janet sing sajatiné péngin ngrahsyakaké.
Posisi intelèktual
Isaac Asimov iku humanis lan rasionalis. Dhèwèké ora nantang kapracayané wong liya sing murni, nanging ora seneng karo takhayul utawa kapracayan sing ora ana buktiné. Asimov wedi numpak montor mabur lan nalika urip namung ping loro naté numpak montor mabur. Banjur Asimov uga siji wong sing ngidhep kelainan klaustrofil (seneng marang bilik sing cilik lan katutup).
Asimov iku pendhukung setya Parté Dhémokrat AS. Bab panggunan tenaga nuklir, Asimov setuju, anggeré namung kanggo panggunan sipil waé. Saliyané iku ing karya-karya panulisané, dhèwèké uga kerep nyinggung masalah-masalah krisis lingkungan urip, kaya ta pemanasan global lan rusaké lapisan ozon (contoné Our Angry Earth (1991)).
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Isaac Asimov, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wikimedia Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wikimedia Foundation.
In other languages:
- Afrika: Isaac Asimov - Wiki Afrikaans
- Altai Sisih Kidul: Азимов, Айзек - Wiki алтай тил
- Aragonese: Isaac Asimov - Wiki Aragonés
- Arab: إسحق عظيموف - Wiki العربية
- Arab Mesir: اسحق عظيموف - Wiki مصرى
- Asturia: Isaac Asimov - Wiki Asturianu
- Aymara: Isaac Asimov - Wiki Aymar aru
- Azerbaijan: Ayzek Azimov - Wiki Azərbaycanca
- South Azerbaijani: آیزاک آسیموف - Wiki تۆرکجه
- Bashkir: Азимов Айзек - Wiki башҡортса
- Belarus: Айзек Азімаў - Wiki беларуская
- Belarusian (Taraškievica orthography): Айзэк Азімаў - Wiki беларуская (тарашкевіца)
- Bulgaria: Айзък Азимов - Wiki български
- Bengali: আইজাক আসিমভ - Wiki বাংলা
- Breton: Isaac Asimov - Wiki Brezhoneg
- Bosnia lan Hercegovina: Isaac Asimov - Wiki Bosanski
- Katala: Isaac Asimov - Wiki Català
- Korsika: Isaac Asimov - Wiki Corsu
- Ceska: Isaac Asimov - Wiki čeština
- Welsh: Isaac Asimov - Wiki Cymraeg
- Dansk: Isaac Asimov - Wiki Dansk
- Jérman: Isaac Asimov - Wiki Deutsch
- Yunani: Ισαάκ Ασίμωφ - Wiki Ελληνικά
- Inggris: Isaac Asimov - Wiki English
- Esperanto: Isaac Asimov - Wiki Esperanto
- Spanyol: Isaac Asimov - Wiki Español
- Estonia: Isaac Asimov - Wiki Eesti
- Basque: Isaac Asimov - Wiki Euskara
- Persia: آیزاک آسیموف - Wiki فارسی
- Suomi: Isaac Asimov - Wiki Suomi
- Prancis: Isaac Asimov - Wiki Français
- Frisia Sisih Kulon: Isaac Asimov - Wiki Frysk
- Irlandia: Isaac Asimov - Wiki Gaeilge
- Galisia: Isaac Asimov - Wiki Galego
- Ibrani: אייזק אסימוב - Wiki עברית
- India: आईज़ैक असिमोव - Wiki हिन्दी
- Kroasia: Isaac Asimov - Wiki Hrvatski
- Kreol Haiti: Isaac Asimov - Wiki Kreyòl ayisyen
- Hungaria: Isaac Asimov - Wiki Magyar
- Armenia: Այզեկ Ազիմով - Wiki հայերեն
- Interlingua: Isaac Asimov - Wiki Interlingua
- Indonesia: Isaac Asimov - Wiki Bahasa Indonesia
- Iloko: Isaac Asimov - Wiki Ilokano
- Ido: Isaac Asimov - Wiki Ido
- Islandia: Isaac Asimov - Wiki íslenska
- Italia: Isaac Asimov - Wiki Italiano
- Jepang: アイザック・アシモフ - Wiki 日本語
- Georgia: აიზეკ აზიმოვი - Wiki ქართული
- Kazakh: Айзек Азимов - Wiki қазақша
- Kannada: ಐಸಾಕ್ ಅಸಿಮೋವ್ - Wiki ಕನ್ನಡ
- Korea: 아이작 아시모프 - Wiki 한국어
- Kernowek: Isaac Asimov - Wiki Kernowek
- Kirgis: Айзек Азимов - Wiki кыргызча
- Latin: Isaac Asimov - Wiki Latina
- Lingua Franca Nova: Isaac Asimov - Wiki Lingua Franca Nova
- Laos: ໄອຊັກ ແອຊິມອບ - Wiki ລາວ
- Lithuania: Isaac Asimov - Wiki Lietuvių
- Latvia: Aizeks Azimovs - Wiki Latviešu
- Basa Banyumasan: Isaac Asimov - Wiki Basa Banyumasan
- Malagasi: Isaac Asimov - Wiki Malagasy
- Makedonia: Исак Асимов - Wiki македонски
- Malayalam: ഐസക് അസിമൊവ് - Wiki മലയാളം
- Marathi: आयझॅक आसिमॉव्ह - Wiki मराठी
- Melayu: Isaac Asimov - Wiki Bahasa Melayu
- Mirandese: Isaac Asimov - Wiki Mirandés
- Nāhuatl: Isaac Asimov - Wiki Nāhuatl
- Walanda: Isaac Asimov - Wiki Nederlands
- Nynorsk Norwegia: Isaac Asimov - Wiki Norsk nynorsk
- Bokmål Norwegia: Isaac Asimov - Wiki Norsk bokmål
- Ossitan: Isaac Asimov - Wiki Occitan
- Punjab: ਆਈਜ਼ੈਕ ਐਸੀਮੋਵ - Wiki ਪੰਜਾਬੀ
- Polandia: Isaac Asimov - Wiki Polski
- Piedmontese: Isaac Asimov - Wiki Piemontèis
- Western Punjabi: آئزک ایزیموف - Wiki پنجابی
- Pashto: اسحاق عاصموف - Wiki پښتو
- Portugis: Isaac Asimov - Wiki Português
- Quechua: Isaac Asimov - Wiki Runa Simi
- Rumania: Isaac Asimov - Wiki Română
- Aromanian: Isaac Asimov - Wiki Armãneashti
- Rusia: Азимов, Айзек - Wiki русский
- Rusyn: Айзек Азимов - Wiki русиньскый
- Skots: Isaac Asimov - Wiki Scots
- Serbo-Kroasia: Isaac Asimov - Wiki Srpskohrvatski / српскохрватски
- Simple English: Isaac Asimov - Wiki Simple English
- Slowakia: Isaac Asimov - Wiki Slovenčina
- Slovenia: Isaac Asimov - Wiki Slovenščina
- Albania: Isaac Asimov - Wiki Shqip
- Serbia: Исак Асимов - Wiki српски / srpski
- Swedia: Isaac Asimov - Wiki Svenska
- Swahili: Isaac Asimov - Wiki Kiswahili
- Silesia: Isaac Asimov - Wiki ślůnski
- Tamil: ஐசாக் அசிமோவ் - Wiki தமிழ்
- Tajik: Айзек Азимов - Wiki тоҷикӣ
- Thailand: ไอแซค อสิมอฟ - Wiki ไทย
- Turkmen: Isaak Ozimov - Wiki Türkmençe
- Tagalog: Isaac Asimov - Wiki Tagalog
- Turki: Isaac Asimov - Wiki Türkçe
- Tatar: Айзек Азимов - Wiki татарча / tatarça
- Uighur: ئىسساك ئاسىموۋ - Wiki ئۇيغۇرچە / Uyghurche
- Ukraina: Айзек Азімов - Wiki українська
- Urdu: آئزک ایسیموو - Wiki اردو
- Uzbek: Ayzek Azimov - Wiki Oʻzbekcha / ўзбекча
- Venesia: Isaac Asimov - Wiki Vèneto
- Vietnam: Isaac Asimov - Wiki Tiếng Việt
- Warai: Isaac Asimov - Wiki Winaray
- Tyonghwa Wu: 艾萨克·阿西莫夫 - Wiki 吴语
- Mingrelian: აიზეკ აზიმოვი - Wiki მარგალური
- Yiddish: אייזיק אזימאוו - Wiki ייִדיש
- Yoruba: Isaac Asimov - Wiki Yorùbá
- Tyonghwa: 艾萨克·阿西莫夫 - Wiki 中文
- Chinese (Min Nan): Isaac Asimov - Wiki Bân-lâm-gú
- Cantonese: 阿西莫夫 - Wiki 粵語