Inflasi: Mundhaké rega barang sing terus-terusan

Ing èlmu ékonomi, inflasi punika satunggiling prosès ningkatipun reregi kanthi umum lan teras kémawon (kontinu).

Kanthi tembung sanès, inflasi ugi wujud prosès mandhaping nili valuta kanthi kontinu. Inflasi punika prosès saking satunggilipng prastawa, sanès inggil-asoring tingkat regi. Tegesipun, tingkat regi ingkang dipunanggep inggil dèrèng tamtu nedahaken inflasi. Inflasi dipunanggep dumadi manawi prosès minggahing regi dumadi teras lan silih prabawa. Istilah inflasi ugi dipunpigunaaken kanggé ngartosaken paningkatan cumawisipun arta ingkang sok kapirsani minagka jalaran ningkatipun regi. Wonten kathah cara kanggé ngukur tingkat inflasi, kalih ingkang paling asring dipingunaaken inggih punika CPI lan GDP Deflator.

Inflasi: Mundhaké rega barang sing terus-terusan
Tingkat inflasi ing donya (2019)

Inflasi saged dipungolongaken dados tigang golongan, inggih punika inflasi ènthèng, sedheng, awrat, lan hiperinflasi. Inflasi ènthèng dumadi manawi minggahing regi wonten ing saandhaping 10% setaun; inflasi sedheng antawis 10%—30% setaun; awrat antawis 30%—100% setaun; lan hiperinflasi utawi inflasi ingkang boten kakendhalèni dumadi manawi minggahing regi wontwn ing sainggiling 100% setaun.

Pranala njawi

Réferènsi

  1. Barro, Robert J. Macroeconomics
  2. Brown, A. World Inflation Since 1950
  3. Case, Karl E. and Fair, Ray C. Principles of Macroeconomics
  4. Bureau of Labor Statistics
  5. Kieler, Mads The ECB's Inflation Objective
  6. George Reisman, Capitalism: A Treatise on Economics (Ottawa: Jameson Books, 1990), 503-506 & Chapter 19 ISBN 0-915463-73-3
  7. Murray N. Rothbard, What has government done to our money? ISBN 0-945466-10-2. Good introduction to Austrian school's view on money, inflation etc.


Tags:

DhuwitValuta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MèksikoIan KaselaKarim BenzemaLapis legitCelempungTanah LotWayang1983GenosidaPejuISO 3166-1Organisasi Internasional kanggo StandardisasiManukBonang panerusPrastawaUkara gothangHappy AsmaraAksara Fenisia1260BloggerAbad TengahanRafael StruickLombokNgupatKolonialismeSandiaga UnoEnceng gondhokPerdhana Mentri JepangPucungNelson H.H. GraburnWikisumberCornelis de HoutmanMozilla FirefoxGunung SinaiTembung panggandhèngMerkuriusWoh nagaAgus SalimBermudaCublak-cublak suwengSusterNew AmsterdamWandaTembung panyilahJaranTribadWuduSato kéwanLouis XVI saka PrancisSurat Al QadrWektu Universal KakoordhinasiCeresAbimanyuIranGedhang gorèngLantanumWirathaparwaGlenn FredlyAlas tropisLindhuAncab nglaluGoogle2000ZanzibarSafarLiga Championship InggrisNorodom SihanoukBranchiopodaPattimuraBulusRwandaAsuVeve ZulfikarTlaga🡆 More