Harry Potter lan Watu Sekti utawa Harry Potter and the Philosopher's Stone (ing Amérikah Sarékat kaloka aran Harry Potter and the Sorcerer's Stone) yaiku salah sawijining filem taun 2001 kang kaarahaké déning Chris Columbus lan kababar déning Warner Bros Pictures.
Filem iki dijupuk saka novèl fantasi J. K. Rowling kang mawa irah-irahan kang saèmper uga. Punjeraning crita adhedhasar taun sepisanané Harry Potter ing Sekolah Sihir Hogwarts. Paraga utama ing filem iki yaiku Daniel Radcliffe minangka Harry Potter, Rupert Grint minangka Ron Weasley , lan Emma Watson minangka Hermione Granger.
Harry Potter iku sawijining bocah kang katon prasaja kang urip bebarengan karo kulawarga Dursley kang isih ana sesambungan trah klawan dhèwèké. Ing dina ambal warsané kang kaping sewelas, Harry dikandhani Rubeus Hagrid manawa satemené dhèwèké iku juru sihir kang kaloka ing Jagad Sihir awit nalika isih bayi bisa rumeksa saka dayaning Lord Voldemort. Nalika iku Voldemort kasil matèni wong tuwané Harry, nanging Harry bisa slamet saka rékadayané Voldemort lan nilasaké tatu wujud bledhèg ing bathuké, banjur sawisé kadadèn iku Voldemort mati (utawa ngilang). Hagrid awèh kabar marang Harry manawa dhèwèké iku olèh layang ulem saka Sekolah Sihir Hogwarts. Sawisé Harry blanja piranti sekolahé ing Diagon Alley, banjur dhèwèké mangkat menyang sekolah sarana numpak sepur Hogwarts Express lumantar péron 9¾ kang dhelik ana ing Cross Station King, London.
Nalika ing jeron sepur, Harry pethukan Ronald Weasley, anaké kulawarga juru sihir kang nduwèni trah murni, lan Hermione Granger, sawijining juru sihir kang lair saka wong tuwa Muggle (dudu juru sihir). Banjur satekané ing sekolah, Harry lan para siswa taun kapisan padha kapérang ana ing patang klompok griya pondhokan kang béda-béda, ing antarané yaiku: Gryffindor, Hufflepuff, Ravenclaw, lan Slytherin. Griya Slytherin kondhang minangka pakumpulané sihir ireng lan juru sihir candhala, mula Harry ngupaya marang Topi Selèksi amrih ora dipanggonaké ing Slytherin. Ing pungkasan nuli Harry klebu ing griya Gryffindor bebarengan karo Ron lan Hermione.
Cekaking carita ing kamar kang pungkasan, Harry mangertèni yèn sajatiné dudu Snape kang ngarepaké watu iku, nanging sajatiné kang ngarepaké watu yaiku Profésor Quirrell, kang ora liya uga minangka guru Ngèlmu Rumeksa saka Sihir Ireng. Quirrell medharaké manawa dhèwèké kang nguculaké troll lan uga kang mantrani Harry nalika ing tetandhingan Quidditch. Quirrell uga clathu manawa Snape kang wis ngupaya ngreksa Harry saka upadayané Quirrell. Jalaran mantra kang dipigunakaké Dumbledore kanggo ngreksa watu iku, banjur Harry bisa nemokaké watu iku ing kanthongané sawisé ngilo ing Kaca Tarsah. Nalikané Quirrell arep nyekel Harry, dhèwèké mbukak serbané kang sabanjuré katon yèn Voldemort iku mapan ana sirah buriné Quirrell. Harry lumayu nginggati Quirrell, nanging Quirrell ngetokaké geni mawa methikaké drijiné kanggo njebak Harry. Voldemort ngojok-ojoki Harry amrih ngawèhké watu iku lan nyemayani bisa nguripaké wong tuwané Harry manèh, ananging Harry nulak. Quirrell ngupaya kanggo matèni Harry, nanging jamahan tangané Harry kasil nylomod Quirrell kang njalari tangané Quirrell malih dadi awu. Nuli Quirrell ngupaya manèh kanggo ngrebut watu, nanging Harry nèmplèkaké tangané menyang rainé Quirrell banjur kasil nylomod Quirrell malih dadi awu lan mati. Nalika Harry arep ngadeg, ruhé Voldemort lumayu ngilang mawa nyamber ngliwati Harry lan nibakaké Harry nganti semaput.
Nalika wis sadhar, Harry mapan ing griya sakit sekolah klawan ditunggoni Profésor Dumbledore ing sisihé. Dumbledore mratélakaké manawa watu iku wis dilebur lan uga ngabari manawa kahanané Hermione lan Ron ora apa-apa. Dumbledore uga mratélakaké manawa Quirrell bisa kobong nalika ndemok Harry iku jalaran nalikané ibuné Harry tinggal, patiné Lily Potter iku awit ngawèhaké sakabèhaning daya marang Harry, yaiku dayaning tresna kang kasil ngreksa Harry saka Voldemort. Ing pahargyan pésta pungkasaning warsa, Dumbledore mènèhi poin griya asrama ing menit-menit pungkasan kanggo Harry, Ron, Hermione, lan Neville awit rasa kendel lan kawasisané, saéngga Gryffindor kasil menangaké Tropi Griya. Sadurungé sakabèhané siswa padha bali mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé, Harry nuli mangertèni manawa Hogwarts iku minangka omah sajati tumrap dhèwèké.
Rowling kang minangka panganggit buku Harry Potter, dhèwèké kepéngin sakabèhané paraga ing filem iku asalé kudu saka Inggris. Banjur Sussie Figgis piniji minangka pangarsa kanggo milih paraga, makarya bebarengan karo Columbus lan Rowling anggelar audhisi kanggo milih paraga utama Harry, Ron, lan Hermione. Audhisi binuka iki kagelar mligi kanggo milih telung paraga utama iku mau, lan namung wong Inggris kang bakal bisa kapilih. Ing 8 Agustus 2000, banjur kawedharaké manawa Daniel Radcliffe, Emma Watson, lan Rupert Grint kasil kapilih kanggo nglakoni paraga Harry Potter, Hermione Granger, lan Ron Weasley.
Harry Potter and the Philosopher's Stone diputer sepisanan ing Odeon Leicester Square, London, ing 4 Novèmber 2001 mawa bioskup kang rinengga saèmper kaya Sekolah Hogwarts. Ing Amérikah Sarékat, filem iki bisa ngasilaké $ 32,3 yuta ing dina purwakané, mecahaké rékor sadurungé kang dicepeng déning Star Wars: Episode I - The Phantom Menace. Ing dina kaping loroné, kasil bisa mènèhi bathi reged $ 33,5 yuta, kang uga ngungkuli bathi ing dina sadurungé. Gunggungé bathi reged ing minggu kapisan yaiku $ 90,3 yuta, mecahaké rékor kang sadurungé cinepeng déning The Lost World: Jurassic Park.
Saéngga filem iki ngasilaké $ 978 yuta ing box office sajagad, $ 318 yuta ing Amérikah Sarékat lan $ 659 ing papan liya, nuli ndadèkaké filem iki minangka filem kang paling laris nomer loro ing sadawané sajarah nalika iku, uga minangka filem paling laris ing taun iku. Kaétung ing taun 2020, filem iki cinathet minangka filem kang paling laris nomer 47 ing sadawané mangsa, lan uga minangka filem séri Harry Potter kang paling laris angka loro, sawisé Deathly Hallows - Pérangan 2.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Harry Potter and the Sorcerer's Stone (filem), which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.