Gréja Ortodhok

Gréja Ortodhok, iku dhénominasi gréja Kristen kang pandhèrèk mligi ana ing Éropa Wétan lan laladan pasisir wétan Laut Tengah.

Kajaba iku, Gréja Ortodhok uga ana ing India, Jepang, lan saiki uga ing Indonésia.

Gréja Ortodhok
Katedral Kristus Sang Juru Wilujeng ing Moskow, Gréja Ortodhok paling dhuwur ing donya.
Bagéyan saka seri artikel ngenani
Kakristenan
Agama Kristen

Dasar
Yésus Kristus
Gréja • Téologi
TritunggalInjil
Dispensasionalisme
Para Rasul • Kraton
Sajarah Kakristenan

Alkitab:
Injil: Prajanjian Lawas
       Prajanjian Anyar
Apokrifa: Deuterokanonika

Ajaran:
Angger-angger sepuluh
Kotbah ing Bukit: Ucapan Berbahagia
Donga Kanjeng Rama
Hukum Kasih
Amanat Agung

Gréja Kristen:
Gréja Katulik
Gréja Katulik Latin
Gréja Katulik Wétan
Gréja Ortodoks Wétan
Gréja Ortodoks Oriental
Gréja Wétan Asiria
Protestanisme

Topik-Topik Ing Kakristenan:
Nestorianisme • Miafisitisme
Kalèndher
Denominasi Kristen
Maria • Klausa filioque
Gerakan agama Kristen

Ibadat Kristiani:
Misa
Liturgi Suci

Kapercayan sing kakait:
Agama Abrahami
Gerakan Rastafari

Gréja Ortodhok Wétan, kanthi resmi karan Gréja Katulik Ortodhok lan asring sinebut Gréja Ortodhok, iku Gréja Kristen gedhé dhéwé nomer loro ing donya, kanthi gunggung pandhèrèk watara 225–300 yuta, mligi ing Wétan lan Éropa Kidul-wétan lan Wétan Tengah. Iki wujud dhénominasi agama kang mayoritas saka populasi ing Ruslan, Bélarus, Ukraina, Moldova, Georgia, Romania, Serbia, Montenegro, Makedonia, Bulgaria, Yunani, lan Siprus; populasi minoritas kang signifikan ana ing Lebanon, Yordania, lan Suriah. Iki mulangaké yèn Gréja kang Siji, Suci, Katulik, lan Apostolik diyasa déning Yésus Kristus lan para Rasulé watara 2,000 taun kapungkur.

Gréja Ortodhok kasusun saka sapérangan lembaga gréjawi kanthi papréntahan-dhéwé, kanthi géografis lan nasional kang béda nanging tunggal téologis. Saben lembaga papréntahan-dhéwé (utawa otosefalus), asring nanging ora mesthi nyakup sawijining nagara, dituntun déning sawijining Sinode Suci kang tugasé, ing antarané, yaiku kanggo nglestarèkaké lan mulang karasulan lan tradhisi patristik lan pratik gréja kagandhèng. Kayadéné Gréja Katulik Roma, Komuni Anglikan, Greja Asiria Wétan, Ortodhok Oriental lan sapérangan gréja liyané, biskop Ortodhok nlusuri silsilahé marang para rasul liwat prosès panggantian apostolik.

Gunggung Umat

Gréja Ortodhok 
Panyebaran Kristen Ortodhok Wétan ing donya miturut nagara:      Agama utama (punjul 75%)      Agama utama (50% – 75%)      Agama minoritas wigati (20% – 50%)      Agama minoritas wigati (5% – 20%)      Agama minoritas (1% – 5%)      Agama minoritas cilik (sangisoré 1%), nanging duwé autocephaly lokal

Adhedhasar gunggung umat, Ortodhoki Wétan iku komunitas Kristiani gedhé dhéwé kaloro ing donya sawisé Gréja Katulik Roma. Èstimasi paling umum ngenani gunggung umat Kristen Ortodhok Wétan ing saindhenging donya kisarané watara 225-300 yuta jiwa . Ortodhoki Wétan iku agama tunggal gedhé dhéwé ing Bélarusia (89%), Bulgaria (86%), Républik Siprus (88%), Georgia (89%), Yunani (98%), Républik Makedonia (70%), Moldova (98%), Montenegro (84%), Romania (89%), Ruslan (88%), Serbia (88%), lan Ukraina (83%). Ortodhoki Wétan uga wujud agama dhominan ing Républika Srpska (92%) èntitas ing Bosnia lan Herzegovina, sarta agama dhominan ing Kazakhstan Lor (48% saka populasi Kazakhstan). Kajaba iku, ana uga sapérangan gedhé komunitas Ortodhok ing Afrika, Asia, Australia, Amérika Lor, lan Amérika Kidul.

Yuridhiksi Gréja Ortodhok

  • Gréja Ortodhok Koptik / Gréja Koptik Mesir
  • Gréja Ortodhok Oriental
  • Gréja Ortodhok Ruslan
  • Gréja Ortodhok Serbia
  • Gréja Ortodhok Suriah
  • Gréja Ortodhok Yunani

Cathetan

Réferènsi

  • Pogadaev, V. A. "The Orthodox Church in Indonesia". in Nusantara. South-East Asia. Collection of Materials. Vol. 3. St-Petersburg, 2002, p. 89-91.

Deleng uga

Tags:

Gréja Ortodhok Gunggung UmatGréja Ortodhok Yuridhiksi Gréja Ortodhok CathetanGréja Ortodhok RéferènsiGréja Ortodhok Deleng ugaGréja OrtodhokIndiaJepangLaut TengahÉropa Wétan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ꦗꦮOligochaetaKincir anginIbu Kita KartiniGoogleJaringsanaRoti lapis iwakMikèl ArtétaGFDLPersija JakartaRabukBambang PamungkasBéngésFebby FebiolaSandra BullockBijuu (Naruto)PelaminanAntónio GuterresKabiskopan Suburbikaris AlbanoYuzukoshōRosie Huntington WhiteleyGamelanKaton BagaskaraValkenburg aan de GeulImam BonjolAgus MustofaCacing kremiSparrowDonna AgnesiaSekotlanLintahStadion WembleyPariwaraAura KasihTim nasional bal-balan Nigeria29 MaretRukun IslamJerman NaziMasturbasiBoAUniversitas OxfordFlipped (filem)Janet JacksonFadel MuhammadGeorg Wilhelm Friedrich HegelSaltenHarriet TubmanSurat At TalaqGeni.comPelemKerispatihHauts-de-SeineSetuAbdul SomadJeff BezosPitik cemaniVicky NitinegoroRoti CanaiSurat Al MuddatstsirMaggie CheungWaruAlbert EinsteinIMMGImampamiyaraSinarmas GroupInsidhèn prau silem TitanWisanggeniMalik bin AnasCumbana silitSurya Insomnia🡆 More