Gim Olympiadé

Olympiade utawa olimpiade (basa Prancis: les Jeux olympiques, JO tegesé kridha olimpiade), ya iku acara ulah raga internasional petang tahunan sing nandingaké cabang-cabang ulah raga mangsa katiga lan mangsa rendeng lan dimèloni déning éwonan atlet sing padha saingan ing warna-warna tetandhingan ulah raga.

Gim Olympiadé ya iku kompetisi ulah raga gedhé dhéwé lan kaloka ing donya, kanthi punjul 200 nagara sing padha mèloni.

Gim Olympiadé
Gendéra Gim Olympiadé

Awalé, Olympiade mung lumaku ing Yunani kuna nganti wusanané ing taun 393 M Gim Olympiadé kuna iki dimandekaké déning Kaisar Romawi, Theodosius. Gim Olympiadé salanjuté diuripne manèh déning salah sijining bangsawan Prancis jenengé Pierre Frèdy Baron de Coubertin ing taun 1896. Ing kongres taun 1894 sing diselenggaraké ing Paris, digawé Komite Gim Olympiadé Internasional (IOC) lan kutha krajan Yunani, Athena dipilih dadi tuan rumah Gim Olympiadé modhèren sing kapisan taun 1896. Salanjuté, saka taun 1896 tekan saiki, saben petang taun pisan Gim Olympiadé Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman Perang Donya II. Edisi mirunggan kanggo ulah raga mangsa rendeng; Gim Olympiadé Mangsa Rendeng, lekas diènekaké ing taun 1924. Awalé Gim Olympiadé Mangsa Rendeng dienekake ing taun sing padha karo Gim Olympiadé Mangsa Ketiga, nanging saka taun 1994 Gim Olympiadé Mangsa Rendeng diènèkaké saben petang taun pisan, karo kaletan wektu rong taun saka Panitia Gim Olympiadé Mangsa Ketiga .

Evolusi sing digandrungi déning IOC sing suwéné saka abad 20 tekan 21 wis ndadèkaké pirang-pirang éwah-éwahan ing panyelenggaran Gim Olympiadé. Sak propirané kanggo njumbuhaké dilakokaké, kalebu uga panggawénan Gim Olympiadé Mangsa Rendeng kanggo ulah raga es lan salju, Paralimpiade kanggo atlet sing nduwé cacat fisik lan Gim Olympiadé Remaja kanggo para atlet rumaja. Ing perkembangané, Gim Olympiadé wés ngadepi warna-warna tantangan, kayadené padha mboikot, migunakaké obat-obatan, suap lan terorisme. Gim Olympiadé uga dadi kesempatan gedhé kutha lan nagara tuan rumah kanggo ngenalaké awaké dhéwé ing donya.

Ing Indonésia, Gim Olympiadé sing kerep kaloka lan ajeg dimèloni ya iku Gim Olympiadé Mangsa Panas. Indonésia dhéwé sing kepisan mèloni ya iku Gim Olympiadé Helsinki 1952 ing Finlan, lan ora tau mbolos mèloni Gim Olympiadé ing taun-taun salanjuté kajaba ing taun 1964 lan 1980..

Bandar tuan rumah Sukan Olimpik
Sukan Olimpik Musim Panas Sukan Olimpik Musim Sejuk
Tahun Olimpiad ke- Bandar Tuan Rumah Negara Bandar Tuan Rumah Negara
1896 I Athens (1) Yunani (1)
1900 II Paris (1) Perancis (1)
1904 III St. Louis, Missouri(1) (1) Amerika Syarikat (1)
1906 Intercalated Athens Yunani
1908 IV London (1) United Kingdom (1)
1912 V Stockholm (1) Sweden (1)
1916 VI (2) Berlin Empayar Jerman
1920 VII Antwerp (1) Belgium (1)
1924 VIII Paris (2) Perancis (2) I Chamonix (1)  Perancis (1)
1928 IX Amsterdam (1) Belanda (1) II St Moritz (1)  Switzerland (1)
1932 X Los Angeles, California(1) Amerika Syarikat (2) III Lake Placid, New York (1)  Amerika Syarikat (1)
1936 XI Berlin (1) Jerman (1) IV Garmisch-Partenkirchen (1)  Jerman (1)
1940 XII (3) Tokyo→Helsinki Jepun

Finland

V (2) Sapporo→St Moritz→Garmisch-Partenkirchen  Jepun

 Switzerland Jerman

1944 XIII (3) London United Kingdom V (3) Cortina d'Ampezzo  Itali
1948 XIV London (2) United Kingdom (2) V St Moritz (2)  Switzerland (2)
1952 XV Helsinki (1) Finland (1) VI Oslo (1)  Norway (1)
1956 XVI Melbourne (1) +

Stockholm (2)(4)

Australia (1) +

Sweden (2)

VII Cortina d'Ampezzo (1)  Itali (1)
1960 XVII Rome (1) Itali (1) VIII Squaw Valley, California (1)  Amerika Syarikat (2)
1964 XVIII Tokyo (1) Jepun (1) IX Innsbruck (1)  Austria (1)
1968 XIX Mexico City (1) Mexico (1) X Grenoble (1)  Perancis (2)
1972 XX Munich (1) Jerman Barat (2) XI Sapporo (1)  Jepun (1)
1976 XXI Montreal, Quebec (1) Kanada (1) XII Innsbruck (2)  Austria (2)
1980 XXII Moscow (1) Kesatuan Soviet (1) XIII Lake Placid, New York (2)  Amerika Syarikat (3)
1984 XXIII Los Angeles, California (2) Amerika Syarikat (3) XIV Sarajevo (1)  Yugoslavia (1)
1988 XXIV Seoul (1) Korea Selatan (1) XV Calgary, Alberta (1)  Kanada (1)
1992 XXV Barcelona (1) Sepanyol (1) XVI Albertville (1)  Perancis (3)
1994 XVII Lillehammer (1)  Norway (2)
1996 XXVI Atlanta, Georgia (1) Amerika Syarikat (4)
1998 XVIII Nagano (1)  Jepun (2)
2000 XXVII Sydney (1) Australia (2)
2002 XIX Salt Lake City, Utah (1)  Amerika Syarikat (4)
2004 XXVIII Athens (2) Yunani (2)
2006 XX Turin (Torino) (1)  Itali (2)
2008 XXIX Beijing (1) (5) China (1)
2010 XXI Vancouver, British Columbia (1)  Kanada (2)
2012 XXX London (3) United Kingdom (3)
2014 XXII Sochi (1) Rusia (1)
2016 XXXI Rio de Janeiro (1) Brazil (1)
2018 XXIII Pyeongchang (1) Korea Selatan (1)
2021(6) XXXII Tokyo (2) Jepun (2)
2022 XXIV Beijing (2) China (2)

Gim Olympiadé kuna

Gim Olympiadé 
Stadion Gim Olympiadé kuna ing Olympia, Yunani.

Wiwit éwonan taun kapungkur bangsa Yunani wés kenal ulah raga ing pangertèn sing paling ringkes. Dewèké nglakoni kanggo kepentingan wadyabala perang utawa kemiliteran. Kanthi ulah raga dikarepaké para prajurit dadi tangkas dan sregep ing perang. Gim Olympiadé sing paling dhisik kacrios wes diadani bangsa Yunani kuna ing taun 776 Sadurungé Masehi. Kegiyatan itu dimèloni kabèh bangsa Yunani lan nduwé kagunan kanggo ngurmati déwa sing paling dhuwur, Zeus. Zeus manggon ing Gunung Olimpus sing salanjuté dadi jeneng Gim Olympiadé nganti saiki. Gim Olympiadé kuna uga diadani pendak petang taun, para ulah ragawan paling apik saka Yunani padha teka ing arena cedhak Gunung Olimpus. Para ulah ragawan padha tandhing siji siji, dudu gawa jeneng tim. Para atlet sing arep tandhing luwih dhisik latihan sing tenanan sing suwéné sepuluh wulan ing laladané dewé-dewé. Jaman Mbiyèn, ing Yunani kerep kedadéan perang sadulur, nanging ing wektu pista ulah raga lumaku, wong sing padha ribut padha nglakoni gencatan senjata. Sapa waé sing nglanggar konsensus bakalé diwènèhi denda. Bangsa Sparta tau dipeksa mbayar denda amarga nglanggar gencatan senjata saksuwéné Perang Peloponnesus. Amèh tetandhingan, panitia pelaksana mbelèh babi kurban.

Saiki, ing laladan Olympia, Yunani wes ana yasan cilik lan gelanggang ing alam terbuka. Sisa-sisa puing gelanggang latihan iku kagolong tilas arkeologis sing dilestarèkaké déning pamaréntah Yunani. Ing pista Gim Olympiadé kerep kedadéan perjanjian perdamaian utawa persekuthuan antar bangsa. Kedadéan uga pirang-pirang kegiyatan transaksi. Barang-barang sing didol ya iku anggur, panganan, jimat, lan barang-barang ngibadah. Gim Olympiadé kuna nandhingaké cabang-cabang atletik misalé lumayu, mencolot, lan mbalang. Ana uga pacuan jaran lan pacuan kereta. Amarga aturané durung tetep, para penonton kerep kena bandeman watu utawa ditabrak kereta jaran para peserta.

Macemé tetandhingan ing Gim Olympiadé kuna bisa diarani sarwa atos. Para atlet lumayu padha lumayu sak kenceng-kencengé tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran padha lomba entèk-entèkan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunké kanggo nambah surungan maju. Ulah raga sing paling abot ya iku pankration, ulah raga nggabungaké gulat lan tinju gaya tradhisional. Para atlet olèh nyépak utawa nekak lawané, sing ora diéntukaké ya iku mencèt mata, nyokot, lan nyeklèkake driji. Fairplay bener-bener digatèkaké para atlet. salah sijining artefak purba ngetokaké adegan tinju antarané rong atlet. Sing menang tinju ya iku pihak sing bisa ngampleng sirah lawané. Pihak sing kalah kudu ngacungaké driji tanda ngaku kalah.

Gim Olympiadé kuna mung éntuk ditonton lan dimeloni para priya. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan mirunggan, kaya lomba keréta jaran. Dèwèké nanggo busana manéko warna kanggo nudhuhaké status sosial sing nduwé keréta lan jaran. Kanggo wong Yunani ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo ulah raga. Dèwèké bungah manawa duwèni awak sing atletis. Sing menang tetandhingan éntuk makutha godong, kaya godong zaitun alasan sing ngganteni medhali. Kadang-kadang sing juara diarak lumebu kutha lumantar siji bolongan/trowongan sing digawé mirunggan ing témbok kutha. Dewèké dielu-elu ing dalan kutha lan disambut kanthi wacanan gurit. Bebungah liyané kanggo ulah ragawan sing berprestasi wujud bébas saka pajeg lan éntuk mangan gratis. Salah sijining kutha uga diwènèhi bonus duit sing cacahé gedhé. Malah ing kutha sing dinggo panggon pemenang digawèkaké patung sing dewèké. Akèh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi bebungah sing paling langgeng duwéné sing juara. Salah siji pérangan cabang atletik sing isih tetep kaloka tekan saiki ya iku maraton, ya iku perlombaan lumayu sing adohe kira-kira 42 km.

Gim Olympiadé tekan nduwurané ing abad kaping 6 lan kaping 5 SM, nanging sabanjuré kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahé Yunani karo Romawi. ora ana konsensus sing nyatakné kanthi resmi babagan rampungé Gim Olympiadé, nanging téyori sing paling umum dicekel saiki ya iku ing taun 393 M, pas Kaisar Romawi, Theodosius nyatakné manawa kabèh budaya praktek-praktek kuna Yunani kudu diilangi. Sabanjure, ing taun 426 M, Theodosius II mrintahaké ngrusak kabèh kuil Yunani. Sawisé kui, Gim Olympiadé ora diènèkaké manèh tekan pungkasan abad 19.

Gim Olympiadé modhèren

Pelopor

Gim Olympiadé 
Dr. William Penny Brookes.

Tetandhingan kapisan sing pelaksanaané padha karo Gim Olympiadé kuna ya iku L'Olympiade de la République, salah sijining festival ulah raga nasional sing diènèkaké ing taun 1796 tekan 1798 saksuwené mangsa Revolusi Prancis. Ing pelaksanané, kegiyatan iki ngadopsi sapérangan aturan-aturan sing lumaku ing Gim Olympiadé kuna. Kegiyatan iki uga nandani ditrepaké sistem metrik ing cabang-cabang ulah raga.

Ing taun 1850 siji Kelas Gim Olympiadé diadekake déning Dr. William Penny Brookes ing Much Wenlock, Shropshire, Inggris. Sabanjure, ing taun 1859, Dr. Brookes ngganti jeneng Kelas Gim Olympiadé dadi Gim Olympiadé Wenlock. Kegiyatan mau tetep dienekake tekan dina iki. Tanggal 15 November 1860, Dr. Brookes membéntuk Perkumpulan Gim Olympiadé Wenlock.:28.

Cathetan suku

Tags:

Gim Olympiadé kunaGim Olympiadé modhèrenGim Olympiadé Cathetan sukuGim OlympiadéBasa PrancisUlah raga

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wayang bèbèrAgus KuncoroNapoliAmateur Night (filem)ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸꦒꦸꦤꦸꦁꦒꦼꦤꦶTetanènTaling tarungRukun ImanSastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating DiyuSpongeBob SquarePantsRambut pubisProvinsi PescaraDefense of the AncientsDhomain publikDajjalCreative CommonsSiramanBasa InggrisSalam NaziScarlett JohanssonSoehartoBadan SAR NasionalPerang Badar23 JuliGirona FCAlérgi endhogTembung sipatRuhut Sitompul24 MaretWibisanaADO Den HaagKoes PlusBendiBenikꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦠꦿꦢꦶꦱꦶꦪꦺꦴꦤꦭ꧀MetanolWulan GuritnoIwel-iwelParibasan JawaBerang-berangTahu gimbalSidratul muntahaGathotkacaKaskusAlbert EinsteinJoseph John ThomsonKayu legiJurnalistikWacanaKabupatèn PanaragaGobag sodorKabupatèn KendhalJambiPasamuan ing ÉropahSurat An Nisaa’Tatune arang kranjangSalam Lintas AgamiSaté BloraErnest RutherfordProvinsi CuneoꦏꦸꦕꦶꦁAdulBurger KingFritz HaberKethoprak JawaSochiLumpiaFilogeniXXX (filem 2002)Pada Zaman DahuluBale Sigala-galaSwèdhenDavid BeckhamBursa Èfèk IndonésiaWikimaniaJaran képangWikisumber🡆 More