G-20

G-20 utawa Kelompok 20 nagara-nagara ékonomi gedhé iku golongan 19 nagara kanthi ékonomi gedhé ing donya ditambah Uni Éropah.

Sacara resmi, G-20 dijenengaké The Group of Twenty (G-20) Finance Ministers and Central Bank Governors utawa Golongan Rongpuluh Mantri Kauangan lan Gubernur Bank Sentral. Golongan iki dianakaké taun 1999 minangka forum sing kanthi sistematis ngimpun kakuwatan-kakuwatan ékonomi maju lan temuwuh kanggo ngrembug isu-isu utama ngenani ékonomi donya. Patemon pisanan G-20 lumangsung ing Berlin, 15-16 Dhésèmber 1999 lan sing dadi tuwan omah mantri kauangan Jerman lan Kanada.

G-20
G20

Latar mburi pambentukan forum iki diwiwiti anané Krisis Kauangan 1998 lan panemu sing muncul ing forum G-7 ngenani kurang efektif-é patemon iku yèn ora ngajak kakuwatan-kakuwatan ékonomi liya supaya kaputusan-kaputusan sing digawé duwé prabawa sing luwih gedhé lan ngrungokaké kepentingan-kepentingan sing mbokmanawa ora kacakup sajeroning golongan ciliki iku. Golongan iki ngimpun mèh 90% GNP donya, 80% total dol tinuku donya lan rong protelon sing ndunungi donya.

Minangka forum ékonomi, G-20 luwih akèh dadi ajang konsultasi lan makarya sama bab-bab sing magepokan karo sistem moneter internasional. Ana patemon sing tumata kanggo nyinaoni, ninjo, lan nyurung dhiskusi antarané nagara indhustri maju lan lagi tumuwuh ngenani kawicaksanan-kawicaksanan sing tumuju marang stabilitas kauangan internasional lan golèk upaya-upaya ngatasi masalah sing ora bisa diatasi déning siji nagara tinamtu waé.

Anggota

G-20 ora duwé staf tetep. Kursi ketua dirotasi antarané anggota-anggotané lan diwengku déning Troika sing anggotané telu anggota: ketua taun lumaku, ketua taun kapungkur, lan ketua taun sabanjuré. Sistem iki pinilih kanggo njamin kesinambungan kagiyatan lan pangelolaan. Ketua taun lumaku mbuka sekretariat ora tetep sing buka mung ing sajeroning mangsa tugasé.

Sapérangan gedhé anggota ya iku nagara-nagara kanthi purchasing power parity gedhé dhéwé lan sethithik modifikasi. Walanda, Polen, lan Spanyol, sing kalebu big 20, diwakili déning Uni Éropah. Iran lan Taiwan ora diilokaké. Thailand uga ora diilokaké, sanadyan posisiné sadhuwuring Afrika Kidul.

    Nagara-nagara anggota

Patemon G-20

Patemon G-20/G-20 Summits of Financial Ministers dianakan setaun sapisan ing nagara sing dadi anggota G-20. Patemon G-20 pisanan dianakaké ing Berlin,Jerman taun 1999. Indonésia bakal dadi tuwan omah patemon G-20 ing taun 2013.

Cathetan

Tags:

BerlinJermanKanadaUni Éropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Liu YangMick JaggerMarokoZeusArané pérangan awak2004Andika Naliputra WirahardjaBasa KoréaKelenjar BartholinTèknologi informasiKarbonTèknologiBilly SyahputraIker CasillasRed SparrowPagunungan AltaiFosforKleponInternètAksara CarakanSoedjatmokoPuthuTaman Nasional Gunung LeuserKalkunMarxismeSoto KudusHeather StormOne Ok RockGodhoganWajrayanaSuriahUrfaBadmintonJagakarsa, Jagakarsa, Jakarta KidulPrzemyślRukun Islam28 FèbruariHarriet TubmanJerman NaziPong-ponganKabupatèn MorowaliWalandaPejuLiga Super IndonésiaGeorg Wilhelm Friedrich HegelParamitha RusadySengkalanDavid Ben-GurionPanggawé rotiLemahKabupatèn BloraKimchi jjigaeSzklarska PorębaGunung MerbabuKatie HolmesTaman Sari NgayogyakartaKabiskopan Agung MontpellierHak ciptaDhini AminartiNujood AliWikipédia basa JawaKebayoran Lama, Jakarta KidulIPadInsidhèn prau silem TitanBundesliga901BleachWayang kulitPheng Xat LaoCumbana silitKaisar Tang XuanzongNew York (praja)Wikisastra🡆 More