Faisal Saka Arab Saudi

Faisal bin 'Abd al 'Aziz Al Sa'ud (1906-25 Maret 1975) (basa Arab: فيصل بن عبدالعزيز آل سعود) ya iku Raja Arab Saudi kang njabat wiwit taun 1964 nganti tekan taun 1975.

Raja Faisal lair ana ing Riyadh lan anak nomer papat saka Raja Abdul Aziz Al Saud. Raja Faisal mrentah sekumpulan laskar lan sukses menang pertempuran ing Hijaz. Amarga saka iku, dhèwèké dilantik dadi Gubernur Hijaz ana ing taun sawisé. Sawisé Arab Saudi didegake, dhèwèké diwènèhi kalungguhan Mantri Luar Negeri Arab Saudi nalika taun 1932. Sawisé resolusi PBB ngenani pemecahan Palestina lan ngadegaké Israèl, Pangeran Faisal (durung dadi ratu) ndesek bapaké kanggo mutusaké gayutan karo Amérika Sarékat, nanging desekane iku ditolak. Sawisé ana skandal keuangan Raja Saud, Pangeran Faisal dilantik dadi pamaréntah sawatara. Nalika tanggal 2 November 1964, dhèwèké dilantik dadi ratu sawisé Raja Saud diusir saka Arab Saudi menyang Yunani. Raja Faisal nindakaké akèh reformasi nalika njabat dadi ratu, ing antarané ya iku ngolahake bocah wadon kanggo sekolah, télévisi, lsp.. Usahane iku éntuk tantangan saka akèh pihak amarga prakara-prakara iki dianggep bertentangan karo Islam. Dhèwèké banjur ngrasa kuciwa banget nalika Israèl menang Perang Enem dina kang kadadéan nalika taun 1967. Nalika taun 1973, Raja Faisal miwiti sawijining program kang duwé ancas kanggo majukake kakuwatan wadya Arab Saudi. Nalika tanggal 17 Oktober 1973, dhèwèké ngèndegaké ekspor lenga Arab Saudi menyang nagara Amérika Sarékat kang njalari rega lenga ana ing Amérika Sarékat mundhak dhuwur banget. Perkara iki dilakokake kanggo ndesek Amérika Sarékat kanggo neken Israèl supaya metu saka wewengkon Palestina.

Faisal Saka Arab Saudi
Prince Faisal (circa 1941)

Cathetan suku


Tags:

17 Oktober1906193219641967197319752 November25 MaretAmérika SarékatArab SaudiBasa ArabIslamIsraèlPBBPalestinaRiyadhTélévisiYunani

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tembang dolananWashington, D.C.Kim Jong-unWikiLily JamesMuslim bin al-HajjajPangananMusiyum Pusat TNI AU Dirgantara MandalaKabupatèn LebakInul DaratistaBendiSèngAlbert Einsteinꦮꦮꦤ꧀ꦕꦫꦠꦼꦭꦸꦁꦭꦁꦏꦃNaysila Mirdadꦲꦩ꧀ꦱꦺꦴꦱꦶꦱ꧀Pepatih MangkunegaranInformasiGamelanSlankRyamizard RyacuduPrastawa BudayaSitrusYasser Al-QahtaniSetatsiyun KuthaarjaDamarwulanMasjid Agung DemakAristotélèsKim Soo-HyunJonatan ChristieCakram laserNaga (shio)MoskouUniversitas OxfordGudang garamSistem ambeganCublak-cublak suwengGuti HernandezMaitreyaIan Maatsenꦄꦢꦽꦩ꧀Cheng HoTopan (Srimulat)Surat Al IkhlashMedia CirebonUraniumBoAWong TajikCesc FàbregasGathotkacaISBNAktorPitik cemaniBasa KwangtungBrajamustiBarabudhurKomunikasiSemarBoris BokirBonang panerusSistem operasi komputerPlasaarang, Sanankulon, BlitarMumbaiWektu Universal KakoordhinasiJorge LorenzoMercedes-BenzDarius SinathryaNatrium hidroksidaSastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating DiyuHa Ji WonAn-Nasa'iNafa UrbachMaricaPerang Donya IIIndia🡆 More