Dinten Pamuji Sukur

Dinten Pamuji Sukur (basa Inggris: Thanksgiving Day) inggih punika satunggalipun dinten prèi ingkang wonten ing nagari Amérika Sarékat lan Kanada, minangka tandha sukur ing pungkasanipun mangsa panén.

Dinten Pamuji Sukur dados dinten prèi resmi ing Amérika Sarékat ingkang dipunwontenaken dinten Kemis pungkasan ing sasi Nopémber. Ing Kanada, Thanksgiving Day dipunwontenaken ing dinten Senin kaping kalih ing sasi Oktober.

Dinten Pamuji Sukur
Pahargyan Dinten Pamuji Sukur utawi Thanksgiving Day ingkang sepisanan.

Dinten Pamuji Sukur ing Amérika Sarékat

Dinten Pamuji Sukur 
Pawè Thanksgiving Day.

Ing Amérika Sarékat wonten tradhisi dhahar ing wayah dalu kaliyan kulawarga, mitra, lan sanak kadang. Kalkun kalebet dhaharan ingkang utami, saéngga Thanksgiving Day asring sinebat Dinten Kalkun. Kalkun limrahipun dipundhahar kanthi saus kranberi lan dhaharan sanèsipun kados kenthang puree, jagung godhog, lan sanès-sanèsipun. Wekdal dhahar sesarengan ing Thanksgiving Day tiyang-tiyang punika sami wawan rembag babagan kasaenan. Thanksgiving Day dipundadosaken dinten prèi nasional Amérika Sarékat minangka tandha pamuji sukur dhumateng Gusti.

Dinten Pamuji Sukur ing Kanada

Dinten Pamuji Sukur utawi Thanksgiving Day dipunawontenaken dinten Senin kaping kalih ing wulan Oktober. Ing Amérika Sarékat, dinten kasebat minangka Dinten Colombus lan kalebet dinten prèi resmi. Pahargyan Thanksgiving Day ing Kanada dipunawontenaken ngantos tigang dinten. Wonten ing sawatawis provinsi, pahargyan punika wonten ingkang dipunlaksanakaken ngantos sekawan dinten, saking Jemuwah ngantos Senin. Dinten Pamuji Sukur namung dipunawontenaken déning kulawarga ing provinsi Kanada ingkang ngagem basa Inggris, lan boten dipunlaksanakaken déning katurunan Prancis.

Sajarah

Sajarah Dinten Pamuji Sukur ing Amérika Sarékat

Tradhisi mulyakaken Thanksgiving kanthi bojana andrawina (dhahar sesarengan) dipunwiwiti ing Amérika Sarékat taun 1621. Kaum pilgrim ingkang manggèn ing Plymouth, Massachusetts ngawontenaken sukuran kanthi dhahar sesarengan kaliyan tiyang asli Amérika saking suku Wampanoag. Trandhisi mulyakaken Thanksgiving Day dipunlaksanakaken ngantos sapunika kanthi dhaharan ingkang utami awujud daging kalkun.

Dinten Pamuji Sukur 
Daging Kalkun.

Sajarah Dinten Pamuji Sukur ing Kanada

Sajarah Thanksgiving Day ing Kanada dipunwiwiti satunggalipun penjelajah saking Inggris Martin Frobisher. Taun 1578, Martin Frobisher ngawontenaken adicara pengetan ing wewengkon ingkang sapunika dipunsebat Newfoundland and Labrador. Ancasipun minangka tandha pamuji sukur amargi sampun slamet saking penjelajahan ingkang langkung dangu. Adicara Thanksgiving Day ingkang dipunpandhegani déning Martin Frobisher punika dados Thanksgiving Day ingkang sepisanan ing Kanada, ugi ing wewengkon Amérika Lèr. Wonten ing taun 1879, parlemen Kanada netepaken bilih tanggal 6 Nopèmber minangka dinten Thanksgiving Day lan dados dinten préi nasional ing Kanada. Sasampunipun punika, mahargya Thanksgiving Day asring gumantos (boten namung tanggal 6 Nopèmber). Pahargyan punika asring dipunlaksanakaken ing dinten Senin minggu kaping tiga ing sasi Oktober. Sasampunipun Perang Donya I, Armistice Day lan Thanksgiving Day sami dipunlaksanakaken ing dinten Senin watawis tanggal 11 Nopèmber. Sadasa taun salajengipun ing taun 1931, kekalihipun dipunpisahaken lan Armistice Day dipun-gantos namanipun dados Remembrance Day. Nalika tanggal 31 Januari 1957, parlemen Kanada netepaken:

    "Dinten Thanksgiving dipunlaksanakaken dhumateng Gusti ingkang Mahakuwaos ingkang paring berkah dhumateng nagari Kanada kanthi panén ingkang kathah.. badhé dipunlaksanakaken dinten Senin minggu kaping kalih ing sasi Oktober."

Dongéng wontenipun Dinten Pamuji Sukur

Rumiyin méh sadaya tiyang ing Amérika Sarékat lan Kanada gesangipun sami among tani. Saben bibar panén, ing dinten dinten Kémis pungkasan sasi Nopémber sami ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti sarana suka parisuka. Wonten ingkang namung climén sabrayat kémawon, wonten ugi ingkang ageng-agengan bojana andrawina mawi ngulemi mitra, sanak kadang, kaliyan tanggi tepalih. Temtunipun gumantung kaliyan kakiyatanipun piyambak-piyambak. Saya kathah panénipun, padatan ugi saya ageng anggénipun ngunjukaken panuwun.

Mulyakaken Thanksgiving Day makaten sampun rumesep ing balung sungsumipun para among tani sabrayatipun. Tandha yektinipun anak putu, buyut canggah ingkang sami dedunung ing panggénan sanès utawi para pados sandhang tedha ing manca, ing Thanksgiving Day pendhak taun temtu wangsul tuwi. Wigatosipun boten sanès ngempal ing dhusun asalipun saperlu sesarengan mulyakaken, mahargya Thanksgiving Day.

Dangu-dangunipun boten ngemungaken para among tani ingkang kémawon ingkang sami mulyakaken dinten punika, nanging sadaya tiyang Amérika Sarékat lan Kanada ageng alit, ném sepuh, mulya papa, sami mahargya lan mulyakaken dinten wau. Kantor-kantor tutup, sekolahan préi, toko-toko tutup, dalah pabrik-pabrik kéndel boten nyambut damel. Para narapraja, majikan, sami sareng-sareng mahargya Thanksgiving Day sarana kempal asuka-suka. Ingkang sami andon lelana ing manca praja merlokaken mantuk ngempal kulawarga kadang mitra saperlu sesarengan mahargya Thanksgiving Day.

Cathetan suku

Pranala njawi

Tags:

Dinten Pamuji Sukur ing Amérika SarékatDinten Pamuji Sukur ing KanadaDinten Pamuji Sukur SajarahDinten Pamuji Sukur Cathetan sukuDinten Pamuji Sukur Pranala njawiDinten Pamuji SukurAmérika SarékatBasa InggrisKanadaKemisNovemberOktoberSenin

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Pangidhèntifikasi Obyèk DigitalKanadhaPasisir GadhingMaricaUthikADO Den HaagSangkuniRuslanMarco van BastenGeni.comKebo bulé mati sétraPong-ponganFruktosaSunan BonangBathikRachmat IriantoRambut pubisAdeg-adeg (aksara)PutihJorge LorenzoSandy WalshNagaraSitrusWong HuiPedhotanꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦧꦱꦗꦮDominique HouraniDolanan tradisionalAsal Usul Keraton Pati PesantenanNoe LettoSamuel RizalSiterKim Soo-HyunPariwaraFeodalismeNitrogenEmha Ainun NadjibTauhidHidrogenAryo WahabSugriwaTaufiq KiemasSuketJason StathamBonang panerusRampage (filem 2018)Kabupatèn Pangandaran26 MaretGlenn FredlyGianluigi BuffonJurnalistikRukun Imanꦱꦸꦏꦼꦠ꧀Kurt GödelKartini25 MaretHallyuBonangKaca UtamaMitoniSèntimèterAnomanLumbungAdjie PangestuJawaAgeng TirtayasaYodiumSurat Al QadrTatune arang kranjangRuhut SitompulWayangBasa JawaBasa kramaCitraan🡆 More