Daejeon

Daejeon inggih punika kutha ingkang paling ageng angka 5 wonten inng Korea Kidul.

Cacahipun pendudukipun punika luwih saking 1,5 yuta wong (2010) sawetawis wiyaripun inggih punika 539,84 km². Kutha punika dados papan ngawontenaken Piala Dunia FIFA 2002.

Daejeon
Daejeon

Sejarah

Wewengkon Daejeon kanthi historis punika dipuntepangi minangka Hanbat (한밭), wonten ing basa Korea ingkang ateges "sabin (sawah) ingkang wiyar". Istilah "Daejeon" punika ateges bab ingkang sami wonten ing Hanja (aksara Tionghoa). Kados ingkang dipuncathet wonten ing sejarah, Daejeon punika kawiwitan saking satunggaling desa alit ingkang kathah pendudukipun. Nanging ing taun 1905, jalur sepur Gyeongbu wiwit dipunginakaken saking Seoul dhateng Busan. Kejawi punika ugi mbikak satunggaling stasiun kanggé mandeg wonten ing Daejeon. Boten dangu saklajengipun wonten ing taun 1926, nalika wonten ing mangsa pamarentahanipun Jepang, jalur sepur Honam dipunbangun ing antawisipun Daejeon lan Mokpo, ingkang ngewahi Mokpo dados satunggaling penghubung utama transportasi (major transportational hub). Menika amargi papan geografisipun lan raketipun transportasi, Daejeon tuwuh ngrembaka kanthi rikat.

Wonten ing taun 1932, ibukota provinsi Chungnam punika dipunpindhah saking Gongju dhateng Daejeon. Saksampunipun kalih éwah-ewahan watesing kutha Daejeon, ingkang saged damel kutha Daeduk ingkang mapan wonten ing sisihing dados bagiyan saking Daejeon, kutha punika dados satunggaling kutha metropolis ing taun 1993.

Wonten ing taun 1997, nalika wonten desentralisasi populasi wonten ing Seoul, Daejeon Government Complex dipunbangun lan minangka asilipun populasi Daejeon punika sansaya tambah. Samenika tuwuhing populasi Daejeon mapan wonten ing angka kalih ing negara punika, saksampunipun Seoul. Saged ngasilaken sapérangan ageng proyek-proyek kompleks apartemen lan industri kanthi teknologi inggil wonten ing Yuseong-gu.

Pamerangan administratif

Daejeon punika dipunperang dados 5 distrik ("Gu").

NamaHangulHanja
Daedeok-gu대덕구大德區
Dong-gu동구東區
Jung-gu중구中區
Seo-gu서구西區
Yuseong-gu유성구儒城區

Kutha kembar

Pranala njawi

Rujukan

Tags:

Daejeon SejarahDaejeon Pamerangan administratifDaejeon Kutha kembarDaejeon Pranala njawiDaejeon RujukanDaejeon2003Korea Kidul

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

AyushitaNagita SlavinaLee Jong-sukInformasiBudi AndukAnoman DutaFachri AlbarCheng HoSop saudaraSurat Al QiyaamahSwiwi pedhesMinati AtmanegaraHendra SuhendraWektu Universal KakoordhinasiSt. PetersburgLiga Champions UEFABoris BokirAbdurrahman As-SudaisSiti Hardijanti RukmanaPrisoners (filem 2013)Raphaël GuerreiroOmbènan ngandhut alkoholBanserCatalunyaPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaꦗꦮWali BandGudang garamTapiokaSuhuReal Madrid CFKevin De BruyneMasayu AnastasiaKethoprak (panganan)KaoliangPriyayiUcok BabaMuslim bin al-HajjajAn-Nasa'iJost GippertSunan KudusAntimonKabupatèn WakatobiLos AngelesCinta LauraDubaiJorge LorenzoDelimaGamelanZlatan IbrahimovićMikèl ArtétaNaga (shio)Yésus KristusParto PatrioVladimir PutinMlinjoUtha LikumahuwaTung Desem WaringinOne Ok RockLaura BasukiSandiaga UnoThe BeatlesJayaningrat (Patih Surakarta)Kieran TrippierCakram laserꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮHot dogDhomain publikHidrogenKim Jong-unSurat Al Baqarah🡆 More