DC Comics, Inc. iku pambabar buku komik Amérikah. DC Comics, Inc.
kuwi pérangan pambabaré DC Entertainment, kongsiné Warner Bros. Entertainment, péranganing Time Warner. DC Comics kalebu salah siji perusahaan gedhé dhéwé lan paling suksès ning prakara buku komik Amèrikah, lan wis nyiptaké material sing ngamot karakter-karakter wira kang mashur, kalebu Superman, Batman, Wonder Woman, Green Lantern, The Flash, Aquaman, Shazam, Hawkman lan Green Arrow. Jagad fiksi DC universe uga ngamot tim-tim kaya ta Justice League, the Justice Society of America, lan the Teen Titans, lan durjana kang mashur kaya ta Joker, Lex Luthor, Catwoman, Darkseid, Ra's al Ghul, Deathstroke, General Zod, Professor Zoom, Sinestro, Black Adam lan Brainiac. Perusahaan iki uga mbabar barang-barang sing ora ana gandhèngané karo DC Universe, kaya ta Watchmen, V for Vendetta lan liyané sarana pambabaran séjé ingaran Vertigo.
Singkatan jeneng "DC" kuwi wiwitané saka sèrial perusaaan iki sing paling kondhang aran Detective Comics sing ngètokaké debhut Batman, banjur dadi péranganing jenengé perusahaan. Awalé manggon ing dalan kapapat Manhattan nomer 432, kantor DC Comics tau manggon ing dalan Lexington nomer 480 banjur nomer 575; dalan katelu nomer 909; Rockefeller Plaza nomer 75; dalan kalima nomer 666; lan nomer 1325 ing tlatah Amérikah. Markas mligi DC manggon ing Broadway nomer 1700, Midtown Manhattan, kutha New York, mung ing Oktober 2013 DC Entertainment mbiwarakaké bakal mindhah markas mligi saka New York, ing Burbank, California taun 2015.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article DC Comics, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.