Marcus Tullius Cicero (basa Latin klasik uniné , lumrahé uniné /ˈsɪsəroʊ/ sajeroning basa Inggris; 3 Januari, 106 SM – 7 Dhésèmber, 43 SM) iku sawijining nagarawan Romawi, ahli hukum, èlmuwan pulitik, lan filsuf.
Cicero dianggep salah siji ahli pidhato (orator) kang paling pinter ing Roma, lan uga seniman prosa.
Marcus Tullius Cicero | |
---|---|
Lair | 3 Januari, 106 SM Arpinum, Italy |
Pati | 7 Dhésèmber, 43 SM Formia, Itali |
Pakarya | Pulitisi, ahli hukum, orator lan filsuf |
Bangsa | Ancient Roman |
Subyèk | pulitik, hukum, filsafat, wicara / pidhato |
Obahan sastra | Golden Age Latin |
Cicero lumrahé dianggep salah siji pamikir budaya Romawi kang komplit lan sarwa bisa (versatile) lan tulisané dadi tuladha (paragon) tumrap Latin klasik. Cicero ngenalaké bab Romawi sajeroning pamikiran utama ing filsafat Yunani lan ngripta kosa kata ing filsafat Latin. Minangka ahli pidhato kang ngédap-édapi lan ahli hukum kang suksès, Cicero mbokmanawa mikir yèn karir pulitiké minangka prèstasi kang paling wigati. Nanging, dina iki Cicero luwih diregani mligi saka tulisané bab humanisme filsafat lan pulitik. Layang-layangé kang akèh banget, akèh-aké ditujokaké marang mitrané: Atticus, duwé prabawa kang mirunggan, lan ngenalaké kagunan nulis layang tumrap budaya Éropah. Cornelius Nepos, panulis biografi Atticus saka abad angka 1 SM, nyathet yèn layangé Cicero marang Atticus ngandhut rincian "bab katundhukan / kacendherungan (inclination) para pamimpin, kasalahan / tanggung jawab (faults) para jendral, lan révolusi sajeroning pamaréntahan", kang para pamacané ora pati butuh bab sajarah mangsa mau.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Cicero. |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Cicero |
Cithakan:Plutarch
Kang sadurungé Lucius Julius Caesar and Gaius Marcius Figulus | Consul of the Roman Republic with Gaius Antonius Hybrida 63 BC | Kang sawisé Decimus Junius Silanus and Lucius Licinius Murena |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Cicero, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.