Candra Malik: Panganggit saking Indonesia

Candra Malik (lair ing Surakarta, Jawa Tengah, 25 Maret 1978; umur 46 taun) ya iku pamong Pondok Pesantren Asy-Syahadah ing Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah.

Asmane uga kawentar minangka sufi, sastrawan, wartawan, penyanyi lagu-lagu reliji, paraga filem, penulis kolom kang saperang médhia massa, lan pangripta lagu reliji utawa kidung sufi. Pakaryané Candra Malik diemot ing sapérang médhia massa, antarané Kompas, Majalah Sastra Horison, Koran Tempo Minggu, Suara Merdeka, Suara Karya, lan Kalawarta Femina. Laguneé, Syahadat Cinta dadi original sound track (OST) filem Cinta Nanging Béda, filem iki diarahké déning Hanung Bramantyo (2013). Wiwit taun 2015, Candra Malik ngayahi jejibahan minangka Wakil Ketua Pengurus Pusat Lembaga Kagunan Budaya Muslim Indonesia (PP Lesbumi) PBNU 2015-2020.

Riwayat

Awit esih enom, Candra Malik wis cedhak karo donyané spiritual mligi ritual-ritual tasawuf. Dhèwèké sinau agama saka Abdullah Ali. Dhèwèké uga ngaji karo Habib Ja'far bin Badar bin Thalib bin Umar bin Ja'far, guru saka éyang kakungé ing Surakarta, Jawa Tengah. Taun 1993, Candra Malik luwih nyinaoni ngèlmu tasawuf karo Kiai Muhammad Muna'am Jember, Jawa Wétan. Sinambi makarya minangka wartawan ing koran Jawa Pos pungkasané taun 1999 ing Ngayogyakarta, Candra Malik ngangsu kawruh kearifan sufisme kanti sinau karo Syekh Ahmad Sirullah Zainuddin, wakil talqin saka Tarekat Qadiriyyah Naqsabandiyah, lan ing taun 2001 sinau langsung karo K.H. Ahmad Shohibulwafa Tajul Arifin, pengasuh Pondok Pesantren Suryalaya, ing Jawa Kulon.

Wiwit mandheg dadi wartawan ing Jawa Pos minangka Kepala Liputan Indo Pos, Jawa Pos ing Jakarta, Candra Malik makarya minangka kontributor seratan ing saperang ariwarta, antarané Tabloid Nyata, Majalah ART Indonesia, Majalah Travel Lounge, The Jakarta Globe, lan nlaténi sawijining kolom babagan sufisme ing Sala Pos, sawijiné koran ing Sala, Jawa Tengah, sesirah Matahati, ing rubrik Khazanah. Sinambi terus nuli, Candra Malik uga ngayahi minangka pamong Pondok Pesantren Asy-Syahadah, ing Désa Segoro Gunung, éréng-éréngé Gunung Lawu, Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah. Amarga cedhak karo kalangan agamawan-budayawan agawé gampang lampahé Candra Malik kanggo nyuwun kawigatèné Wakil Rais Syuriah PBNU K.H. Ahmad Mustofa Bisri (Gus Mus) lan Emha Ainun Nadjib (Cak Nun) mbiyantu album religi, pakaryane. Cak Nun nulis mligi sajak Mukaddimah Cinta ana ing albumé kuwi lan macaké ana ing pambuka, ewadéné Gus Mus maca sajak Pesona ing pungkasan. Ana ing album iki, Candra Malik uga nglebokaké suarané K.H. Abdurrahman Wahid (Gus Dur) ing lagu Syahadat Cinta. Candra Malik, yèn wanci wulan Ramelan, asring diulemi minangka narasumber ing adicara Pelita Hati Metro TV kang pambiwarane Prie GS.

Lelagon

Album

  • Kidung Sufi Samudera Cinta (2012)
  • Kidung Sufi Doa-Doa (2013)
  • Rindu Cinta (2014)

Lagu

  • Kekasih (2013)
  • Kebahagiaan Cinta (2013)
  • Orang Indonesia (2013)
  • Kalah Oleh Waktu (2013)
  • Bangsa Indonesia (2013)
  • Kidung Hidayat Jati (2013)
  • Akulah Penguasa (2013)
  • Main Sepeda (Arane Langit Manikmaya) (2013)
  • Umat Manusia (2013)
  • Ternyata Tak Merindu (2013)
  • Tuhan Kita Semua (2013)

Lagu Riyaya Metro TV

  • Matahati (2012)
  • Senandung Kemenangan (2013)
  • Mari Bersalaman (2014)

Vidio lagu

  • Seluruh Nafas (Jojo, Replace)(2013)
  • Fatwa Rindu (Triyanto Hapsoro, Sanggit Citra Films)(2013)
  • Samudera Debu (Syams Rezki) (2013)
  • Syahadat Cinta (Hestu Saputra, Dapur Film) (2013)
  • Shirathal Mustaqim (Gatra Yudha) (2014)
  • Akulah Penguasa (Triyanto Hapsoro, Sanggit Citra Films) (2014)

Vidio pagelaran

  • Orang Indonesia karo Iwan Fals (Muhammad Revaldi, 2013)
  • Umat Manusia karo Slank (Muhammad Revaldi, 2014)

Original sound track

  • Syahadat Cinta—Cinta tetapi Béda (Hestu Saputra & Hanung Bramantyo, MVP Pictures & Dapur Film, 2012)
  • Luntang-Lantung—Luntang-Lantung (Fajar Nugros, Maxima Pictures, 2014)
  • Berlari Jauh—Sepatu Dahlan (Benny Setiawan, Mizan Production, 2014)

Kolaborasi

  • Kidung Sufi Samudera Debu (Album dan Konser, Jakarta, 2012)
  • Humor Sahur (Talkshow Metro TV)
  • Ngabuburit Ramadhan (Konser 11 Titik, Jakarta & Jawa Barat, 2013)
  • Kidung Hidayat Jati (Single, Brisbane, 2014)
  • Tuhan Kita Semua (Single, 2014)
  • Asia Tri Japan Festival 2014 (Katsuragawa, Japan, 2014)
  • Energy for Life feat ade ishs (EP, 2015)

Pagelaran

  • Sabda Cinta Management
  • Awanbiru Music Production

Musik kanggo filem

  • Pamaca Al Qur'an—Filem Hari Ini Pasti Menang (Andi Bachtiar, Bogalakon Pictures, 2012)
  • Paraga Pembantu—Filem Soekarno (Hanung Bramantyo, MPV Pictures, Dapur Film, 2013)
  • Paraga Pembantu—FTV Garis Finish (Hestu Saputra, Kompas TV, Serambi Set, 2013)
  • Panata Musik Terbaik Piala Vidia FFI 2014 untuk FTV Garis Finish (Hestu Saputra, Kompas TV, Serambi Set, 2013)

Rantaman tivi lan radio

  • Pambiwara acara rembug Humor Sahur 30 Episode, Metro TV, Jakarta (2012)
  • Pambiwara acara rembug Rumah Hati TV 9 Nusantara, Surabaya (2014)
  • Tausiah Filosufi 30 Seri Serentak 35 Radio se-Indonesia (2014)
  • Santri Bernyanyi, Forum Komunikasi Alumni Pondok Pesantren (2013-sekarang)
  • Kelas Sufi (2012-sekarang)
  • Pesantren Asy Syahadah, Surakarta, Jawa Tengah (2005-sekarang)
  • Kuliah Umum Islam, Musik, lan Spiritualitas di Monash University lan Victoria University, Melbourne; loro universitas di Brisbane, lan loro universitas ing Perth, Austalia (2014)

Buku

  • Makrifat Cinta (Noura Books, Mizan, (2013))
  • Menyambut Kematian (Noura Books, Mizan, (2013))
  • Antologi #FatwaRindu Cinta 1001 Rindu (Muara, Kepustakaan Populer Gramedia, 2014)
  • Komik Gus Sufi (Muara, Kepustakaan Populer Gramedia, 2014)
  • Ikhlaskanlah Allah (Muara, Kepustakaan Populer Gramedia, 2014)
  • Kolom Tetap (Koran Solopos dan Majalah Onlie MALE)
  • Makrifat Cinta
  • Menyambut Kematian
  • Antologi #FatwaRindu Cinta 1001 Rindu
  • Ikhlaskanlah Allah

Rujukan

Tags:

Candra Malik RiwayatCandra Malik LelagonCandra Malik Musik kanggo filemCandra Malik Rantaman tivi lan radioCandra Malik BukuCandra Malik RujukanCandra Malik197820132015202025 MaretFeminaHanung BramantyoHorison (majalah)Jawa TengahKabupatèn KaranganyarMédhia massaSastrawanSuara MerdekaSufiSurakartaWartawan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kincir anginKlawuWiki FoundationBabatNadiem MakarimIker CasillasNerakaSetatsiyun HekinanKabupatèn NganjukTorta ahogadaCurug CikasoKabupatèn LumajangYamaha L2 SuperKabupatèn MorowaliCrash Landing on YouWikisastraHauts-de-SeineSurat Al 'AlaqHernán CrespoGunung Papandayan365Seni tayubWest Ham United F.C.Pulo NiasBillie EilishAlice CooperSikasMarokoMyanmarKabupatèn BulukumbaSalman KhanKerispatihꦭꦥꦶꦱ꧀ꦫꦺꦴꦠꦶGunung DempoJamal MirdadKarbitBlimbing wuluhKaisar Tang XuanzongLiga Super IndonésiaGodhoganBadmintonKakaisaran BizantinSetuAndra and The BackBoneTom CruiseMusikGanjar PranowoDaai TVMlathiMangakaSekotlanSinarmas GroupThierry HenryEspresoKusirKepergok PocongSandra BullockDavid Ben-GurionBasa Arabꦢꦒꦶꦁꦧꦏꦺꦴꦤ꧀GurihRinrin MarinkaÈnergiKalajengkingJagakarsa, Jagakarsa, Jakarta KidulWikipédiaUmpan gaweanTembung camboranNew York (praja)Kemayoran, Jakarta PusatAlfred RiedlKaus kaki🡆 More