Bruwang

Arctodus (cures)

Bruwang
Bruwang
Bruwang coklat Kodiak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Ursidae
G. Fischer de Waldheim, 1817
Genera
Ailuropoda
Ailurus
Helarctos
Melursus
Ursus
Tremarctos

Bruwang kalebu kéwan karnivora ya iku kéwan kang mangan daging, nanging ana uga bruwang kang mangan madu. Bruwang nduwé buntut cilik. Bruwang bisa ngambung lan ngrungokaké kanthi temen saéngga ngerténi ing endi ana mangsa.Kukuné cacahé lima saben tlapak tangan. Bruwang wuluné dawa, ketel lan kasar. Bruwang nduwé cakar lan moncong dawa lan kuping bunder. Untuné bisa kanggo nyuwèk daging kang dadi panganané. Kukuné kanggo nyuwèk, ngeruk, lan nyekel mangsané. Bruwang nduwé kurang luwih 32 nganti 42 untu. Untu taring bruwang ukurané cilik. Untu geraham bruwang ukurané amba, datar lan minangka ngetok lan nggiling daging dadi luwih cilik lan gampang dipangan.

Bruwang nduwé cakar kang cacahé papat. Saben cakar ana lima kuku kang landhep lan dawa. Kuku iki kanggo ménèk wit lan nyuwèk susuh tawon, susuh rayap, lan kanggo ngeruk oyot, uga nyekel mangsané. Bruwang bisa lumayu kanthi kacepetan 50 km/jam utawa 30 mph.

Bruwang Kutub

Habitat bruwang kutub kang urip ing bawana arktik utawa kutub utawa saya suwé saya cures. Panyebabé ya iku iklim kang molah-malih saéngga ès ing kutub cuwèr. Bruwang kutub kang wuluné putih iki uga akèh kang dibedhag manungsa lan dijupuk wuluné. Saliyané iku habitat kang kanggo urip uga wis tercemar amarga akéhé indhustri kapal lan kilang lenga. Limang nagara kang dadi tapel wates kutub lor ya iku Amérikah Sarékat (AS), Kanadha, Ruslan, Nurwègen lan Dhènemarken ndéklarasékaké supaya habitat bruwang kutub kudu dijaga supaya ora cures. Déklarasi iki dadi déklarasi kang sepisanan sawisé 28 taun kanggo ngowahi Perjanjian Bruwang Kutub. Déklarasi dianakaké ing Tromsoe, Nurwègen isiné yèn owahé iklim nduwéni dampak kang élék tumrap populasi bruwang kutup lan habitaté.

Cathetan suku


Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Hamburger1930-anPallywood2014Denny CagurYordaniaISO 4217Ganjar Pranowo719TanganSrengéngéBillie EilishLémBlogLee Jong-sukPratélaning nagara wisésaSalam Lintas AgamiWingko babatRengginangPerang KarbalaHibiki ŌtsukiIPhoneAstra InternationalSingaBanggaladésaJamur kuping abangCumbanaRwanda2000Rukun ImanSinomCarita Aji SakaUrologiMèksikoIwak maburLionel MessiGrikenlanMuhammad Yusuf ChudloriGadho-gadhoCumbana payudaraMcDonald'sSutan SyahrirOstraliAbimanyuPra-PaskahSardiniaSitologi2004PlanètItaliAncient Symbols (blok Unicode)Bima (paraga Mahabharata)Denny CaknanPakta WarsawaInflasiNathan Tjoe-A-On1930Tembung sesulihAncab nglaluSumatraClint EastwoodHajar AswadAnimasiSurat Adh DhuhaWikisastraGisella AnastasiaJambuVaksinOpoczno2016Nagita SlavinaHerodotusLurung GazaSkandiyumAksara FenisiaMetaforaPlutoKabupatèn Banyuwangi🡆 More